30,603 research outputs found

    ULENGANE KATRESNAN SAJRONE NOVEL POLITIK TRESNA ANGGITANE TULUS S. (TINTINGAN DHEKONSTRUKSI)

    Get PDF
    AbstrakNovel Politik Tresna mujudake salah sawijine novel kang nyritakake ngenani katresnane rumaja.Paraga kang nggambarake katresnan sajrone novel iki yaiku Agung, Ardini, Angga, lan Arifin. Katresnan ikikagambarake dening para paraga lumantar saperangan cara. Ana kang diwujudake kanthi cara menehikawigaten lumantar bandha kang diduweni, lumantar kawigaten kayata kerep menehi kabar, sarta lumantarkawicaksanane. Saka wujude tresna kasebut ngemu makna-makna kang sumurat lan sinirat. Anane makna kangsinirat iki nuwuhake saperangan oposisi sajrone novel Politik Tresna. Kanthi migunakake pamarekandhekonstruksi, oposisi-oposisi kang ana ing novel kasebut bisa kajlentrehake kanthi cetha saengga bisa kadudutpamikiran lan pamawas anyar.Underan panliten kanthi pamarekan dhekonstruksi sajrone novel Politik Tresna iki bakal ngrembugbabagan: 1) Gegambarane katresnan sajrone novel Politik Tresna’ 2) Ulengane katresnan kang tuwuh sajronenovel Politik Tresna, lan 3) Wawasan dhekonstruksi tumrap novel Politik Tresna. Ancas saka panliten iki, yaiku1) Nggambarake wujud katresnan kang ana ing novel Politik Tresna, 2) Ngandharake konflik kang ana ing novelPolitik Tresna, lan 3) Njlentrehake wawasan dhekonstruksi tumrap novel Politik Tresna. Saliyane dhekonstruksi,panliten iki uga disengkuyung dene pamarekan struktural. Struktur iki mujudake perangan kang wigati jalarananane sesambungan antarane struktur siji lan liyane bisa nuwuhake makna sajrone crita. Pamarekandhekonstruksi kang digunakake tumrap panliten iki katindakake kanthi cara menehi kawigaten tumrap bab-babkang kapinggirake utawa dilirwakake dening pangripta, yaiku ngenani katresnane Angga marang Ardini. Sakacara kasebut nuduhake yen ana makna liya kang sinirat ngenani katresnan kang didarbeni paraga Angga.Panliten iki kalebu jinise panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novelPolitik Tresna anggitane Tulus S. Dhata kang digunakake ing panliten iki yaiku awujud tembung lan ukara. Asilsaka panliten iki bakal nuduhake wujude tresna kang sejati sajrone novel Politik Tresna. Tresna kang katonendah pranyata nduweni makna kang sinirat. Para paraga kang ndarbeni rasa tresna ora mung nggambaraketresna kang endah lan kebak kawigaten, nanging uga katresnan kang ala lan lecekan. Ulengane katresnan kangdialami para paraga iki bisa nuduhake wewatakane paraga kang sanyatane.Tembung wigati: Ulengan, Katresnan, Dhekonstruksi

    KOMIK ANGKARA TAN NENDRA ANGGITANE RESI WIJI S

    Get PDF
    Sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen minangka sesulih kang manjila ing antarane sesulih- Sastra yaiku ekspresi pikiran lan rasa pangrasane manungsa kang endah nganti wujud lisan utawa tulis. Sastra Jawa modern tuwuh lan ngrembaka sawise sastra Jawa klasik. Anane sastra Jawa modern bisa diwaca ing medhia masa basa Jawa kang arupa kalawarti. Wujude sastra Jawa modern saemper kaya dene sastra Indonesia yaiku cerita pendek, cerita sambung utawa cerbung, komik, puisi lan komik. Komik Angkara Tan Nendra anggitane Resi Wiji S bisa diarani salah siji wedharane pangripta ngenani apa kang kedadeyan sajrone masyarakat Jawa umume. Komik iki patut didadekake panliten amarga sajrone komik ngandhut perangan kang mligi arupa nilai sosial, kang bisa didadekake patuladhan panguripan masyarakat Jawa. Saliyane iku, perangan strukturale komik uga kudu ditliti kanggo nyengkuyung panliten ngenani nilai-nilai sajrone komik.Adhedhasar iku, tuwuh telu underan panliten, yaiku kepriye (1) kepriye aspek struktural sajrone ATN anggitane Resi Wiji S, (2) kepriye nilai sosial kang kinandhut, lan (3) kepriye sesambungane nilai sosial sajrone ATN anggitane Resi Wiji S karo kasunyatan sosial sajrone bebrayan agung. Tujuwane panliten saemper karo underane panliten, yaiku ngandharake: (1) perangan aspek struktural, (2) nilai sosial kang kinandhut, (3) sesambungane nilai sosial sajrone ATN anggitane Resi Wiji S karo kasunyatan sosial sajrone bebrayan agung. Paedahe panliten yaiku panliten iki diajab supaya bisa: (1) bisa menehi sumbangan kanggo para pangripta kang nduweni kawasisan nggambar mligine gambar komik supaya terus ngripta crita komik Jawa supaya tetep ngrembaka, (2) bisa menehi wawasan sajrone nyinaoni karya sastra mligine komik kepriye carane supaya bisa mangerteni isine crita kang diripta dening pangripta lan wujud piwulang ing sajrone karya sastra kasebut, (3) bisa njaga lan ngrembakake nilai-nilai sosial kang wis ana ing masyarakat supaya ora nerak norma sing wis ana, (4) bisa dadi acuan kanggo nganakake panliten sabanjure minangka bahan pertimbangan kanggo panemu anyar kang luwih kreatif, (5) dadi materi ajar kanggone para guru, dene marang siswa kanggo nambah kawruh ngenani babagan sastra.Panliten teoritik sing digunakake yaiku: pendekatan struktural, pendekatan sosiologis, lan pendekatan hermeneutika. Pendekatan struktural kanggo nggoleki aspek tematik lan paraga-pamaragan critane komik. Pendekatan sosiologis digunakake kanggo nggoleki kahanan masyarakat sing kalebu nilai sosial, sabanjure digayutake karo kahanan sajrone komik. Pendekatan hermeneutika digunakake kanggo nemtokake pamawas teges sing luwih amba saka perangan nilai sosial sing gegayutan karo carane urip masyarakat Jawa.Adhedhasar asile analisis dhata sing nggunakake tintingan sosiologi sastra, bisa didudut menawa critane komik Angkara Tan Nendra anggitane Resi Wiji S tema sosial. Aspek struktur kang digunakake kanggo ndhasari andharan, yaiku: (1) paraga, (2) alur, (3) latar, (4) tema. Nilai sosial kang kinandhut yaiku: (1) panguwasa adigang adigung adiguna, (2) meguru, (3) jejodhoan, (4) males ukum, (5) tulung-tinulung, (6) males budi. Sesambungane nilai sosial sajrone bebrayan agung uga yaiku: (1) panguwasa adigang adigung adiguna, (2) meguru, (3) jejodhoan, (4) males ukum, (5) tulung-tinulung, (6) males budi. Nilai-nilai sosial iku gegayutan karo kahanan ing bebrayan. Mula, nilai sosail iku diajab supaya bisa dadi patuladhan uripe manungsa.Tembung-tembung wigati: nilai sosial, komik, sosiologi sastr

    AKTUALISASI DHIRI PARAGA UTAMA SAJRONE NOVEL RINGIN GARING ANGGITANE TULUS S (Psikologi Humanistik Abraham Maslow)

    Get PDF
    Panliten iki ditindakake kanthi tujuwan supaya bisa mangerteni kepriye wujude aktualisasi dhiri kang diwujudake dening paraga utama sajrone Novel Ringin Garing. Saben manungsa ing donya iki mesthi nindakake aktualisasi dhiri kang mujudake salah siji saka saperangan masalah kang ana sajrone jiwa manungsa. Aktualisasi dhiri ing berayan Jawa nyata narik kawigatene pengarang kanggo dilebokake minangka salah siji masalah sajrone karya sastra. Bab iki ditintingi adhedhasar teori psikologi humanistik Abraham Maslow. Asil panliten nuduhake yen paraga utama bisa nggayuh aktualisasi dhiri kaya kang diandharake ing teori psikologi humanistik Abraham Maslow. Purwati minangka paraga utama bisa mujudake kabutuhan bertingkat, saperangan wujud aktualisasi dhiri uga bisa ngliwati pepalang kang diadhepi. Tembung wigati : aktualisasi dhiri, kabutuhan bertingkat, novel, paraga utama

    CITRA WANODYA TANDHAK TAYUB SAJRONE NOVEL LEDHEK SAKA ERENG-ERENGE GUNUNG WILIS ANGGITANE TULUS S(Tintingan Feminisme Liberal)

    Get PDF
    Novel kanthi irah-irahan Ledhek saka Ereng-erenge Gunung Wilis anggitane Tulus S menehi gegambaran ngenani panguripane wanodya kang nduweni tekad luhur kanggo nguri-uri kabudayan tinggalane leluhure. Kanthi rasa bombong dheweke tetep njejegake kiprahe wanita tandhak tayub ing satengahe masyarakat kang ora bisa nampa marang kesenian kasebut. Saben pacoban diliwati kanthi rasa sabar lan eklas, senadyan ta abot dheweke tetep ngupaya kanggo mbuktekake menawa tandhak kuwi tuhu wanita kang suci.Panliten iki nggunakake tintingan feminisme liberal lan metodhe panliten dheskriptif kualitatif. Underane panliten, yaiku: 1) Kepriye panguripane wanodya tandhak tayub sajrone novel; 2) Kepriye perjuwangane wanodya tandhak tayub supaya bisa mapan ing masyarakat sajrone novel; 3) Kepriye citrane wanodya tandhak tayub kang kagambar sajrone novel. Tujuwan saka panliten iki, yaiku: 1) Ngandharake gegambaran panguripane wanodya tandhak tayub; 2) Ngandharake kepriye perjuwangane wanodya tandhak tayub supaya tetep bisa mapan ing masyarakat; 3) Ngandharake citrane wanodya tandhak tayub ing masyarakat kang kagambar sajrone novel. Dene paedahe panliten, yaiku: 1) Tumrap bidhang sastra Jawa modern; 2) Tumrap pamaos; 3) Tumrap panliti liyane.Asil saka panliten iki nuduhake gegambarane wanodya ledhek sajrone novel. Mawas saka panliten kang wus ditindakake bisa didudut menawa sajrone panguripane Lastri bisa diperang kanthi loro yaiku panguripan nyenengake lan panguripan nyengasarakake. Kanggo njaga eksistensi satengahe masyarakat Ledhek Lastri migunakake cara antarane cara kang logis lan ora logis. Menawa Citra wanodya ledhek kang kagambar sajrone crita uga diperang kanthi loro yaiku citra dhiri lan citra sosial. citra dhiri mawas saka gegambaran ragane Ledhek Lastri lan konflik batin kang dirasakake. Dene citra sosial mligi ing pamawase kulawarga lan masyarakat ngenani Ledhek Lastri. Nanging merga masyarakat nduweni pamawase beda-beda, mula citra masyarakat kagolong kanthi apik lan uga ala

    TINDAK TUTUR NAMPIK BASA JAWA ING DESA RINGINPITU KEC. KEDUNGWARU KAB. TULUNGAGUNG

    Get PDF
        Dhimas Wahyu Suryo Utomo Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya, ([email protected])     Abstrak Ing sajrone masyarakat, mesthine ora bisa uwal saka tindak tutur. Tindak tutur ing masyarakat kuwi wujude akeh banget, salah sawijine yaiku tindak tutur nampik. Tindak tutur nampik mujudake respon negatif saka sawijine pangajak, panjaluk utawa tawa, paweweh, usul, panemu lan sapanunggalane. Saben wujud nduweni cara-cara kang beda kang dinggo dening masyarakat kang mujudake tindak tutur nampik. Anggone nindakake tindak tutur nampik, panutur mesthi nggatekake struktur sosial, relasi sosial, norma sosial, lan unggah-ungguhing basa. Patang bab kuwi mau nduweni sesambungan kang wigati sajrone tindak tutur nampik. Adhedhasar andharan kuwi mau, punjere panliten iki yaiku apa wae jinise tindak tutur nampik basa Jawa adhedhasar lageyane panutur lan adhedhasar penanggape mitra tutur ing Desa Ringinpitu Kec. Kedungwaru Kab. Tulungagung? Adhedhasar punjere panliten, tujuwane panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake apa wae jinise tindak tutur nampik basa Jawa adhedhasar lageyane panutur lan adhedhasar penanggape mitra tutur ing Desa Ringinpitu Kec. Kedungwaru Kab. Tulungagung. Paedahe teoretis panliten iki yaiku ngrembakake teori tindak tutur, dene paedah praktis yaiku bisa menehi weruh marang masyarakat ngenani tindak tutur nampik lan ing ngendi kalungguhane minangka wong kang medharake nampik. Panliten tindak tutur nampik iki sipate dheskriptif analisis. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur. Dhata ing panliten iki awujud tuturan nampik kang dijupuk dening panliti ing lapangan nalika ana tuturan kang mujudake panampik. Sumber dhata ing panliten iki yaiku penganggone basa Jawa ing Desa Ringinpitu Kec. Kedungwaru Kab. Tulungagung kang dinggo dening pawongan nalika guneman. Tata carane nglumpukake dhata nggunakake metode simak lan metode cakap. Tata carane ngandharake nganggo metode konteks lan teks, dene njlentrehake dhata nganggo cara dheskriptif. Tata carane nyuguhake dhata kang wis diandharake nggunakake metode informal lan formal. Asile panliten iki nuduhake yen ta jinise tindak tutur nampik adhedhasar lageyane panutur diperang dadi papat, yaiku tindak tutur nampik kanthi cara langsung blaka, tindak tutur nampik kanthi cara langsung samudana, tindak tutur nampik kanthi cara ora langsung blaka, lan tindak tutur nampik kanthi cara ora langsung samudana. Dene jinise tindak tutur nampik adhedhasar penanggape mitra tutur, diperang dadi rong werna, yaiku tindak tutur nampik kang ditampa kanthi teges wantah lan tindak tutur nampik kang ditampa kanthi teges entar.   Tembung wigati: tindak tutur, nampik, lageyane panutur, penanggape mitra tutur, struktur sosial, relasi sosial

    TEMBUNG SESULIH ING BASA JAWA DHIALEG SURABAYA SUB-DHIALEG MOJOKERTO

    Get PDF
                TEMBUNG SESULIH ING BASA JAWA DHIALEG SURABAYA SUB-DHIALEG MOJOKERTO   NOVIA RAKHMATIN SETYORINI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA [email protected]   Abstrak Panliten ngenani tembung sesulih ing basa Jawa isih arang kang nliti, mligine tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya. Panliten sadurunge kang nliti tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya mung nliti wujud lan gunane. Saka asil panliten iku kang narik kawigatene panliti supaya nliti tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya luwih jero kanthi nggunakake teori kang beda karo panliten sadurunge. Dhaerah kang digunakake kanggo panliten iki, yaiku dhaerah Mojokerto. Dhaerah Mojokerto iki dipilih amarga leksikon-leksikon mligine tembung sesulihe isih durung ditliti. Undere panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; (2) apa wae jinise guna kang bisa diisi tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; lan (3) apa wae kalungguhan kang bisa dinggoni tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto. Adhedhasar undere panliten iki, mula kang dadi tujuwane panliten iki, yaiku (1) njlentrehake wujude tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; (2) njlentrehake jinise tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto; lan (3) njlentrehake kalungguhan kang bisa dinggoni tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto. Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Teori transformasi generatif iki kadadeyan saka rong perangan, yaiku asumsi teori transformasi  generatif, lan tata makaryane teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif iki kadadeyan saka telung perangan, yaiku wujud, guna, lan kalungguhan. Panliten ngenani tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto iki kalebu panliten linguistik sinkronis. Dhata panliten iki, yaiku tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto. Dene sumber dhatane, yaiku ukara kang nggunakake tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto ing Desa Pagerluyung, Kec. Gedeg, Kab. Mojokerto. Dhata iki dikumpulake nggunakake motodhe semak. Banjur dijlentrehake nggunakake metodhe dhistribusional utawa agih lan disuguhake nggunakake metodhe formal lan informal. Wujude tembung sesulih iki kasil diperang dadi limang jinis, yaiku tembung sesulih purusa, panuduh, patanya, panyilah, lan sadhengah. Guna kang bisa diisi tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto iki, yaiku jejer, wasesa, lesan, panggenah, lan katrangan. Dene kalungguhan kang bisa dinggoni tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub-dhialeg Mojokerto, yaiku paraga, panandhang, panampa, kompanial, reseptif, paraga lan uga panandhang, papan, wektu, ukuran, asil, lan piranti. Saliyane bisa manggon ing argumen, tembung sesulih uga bisa manggon ing wasesa yaiku kahanan. Tembung wigati: tembung sesulih, basa Jawa, dhialeg Surabaya, lan triaspek sintaktis &nbsp

    WATAK EGOIS SAJRONE CERITA SAMBUNG “LODAN SAKA SEGARA KIDUL” ANGGITANE KUKUH S. WIBOWO MITURUT TEORI KAPRIBADEN ERICH FROMM

    Get PDF
    Sesambungan antarane sastra lan psikologi, ana maneka faktor kang wigati. Kapisan, sawijine sastra kudu nggambarake kakuwatan lan kapinteran pangriptane. Kaloro, karya sastra kudu nduweni kautaman sing babagan gagrag lan basa minangka piranti kanggo nyuntak pikiran lan rasane pangripta. Katelu, prakara gaya, struktur lan tema karya sastra kudu ana sesambungane karo elemen-elemen kang nggambarake pikiran lan rasane pawongan tartamtu. Panliten kanthi objek cerita sambung “Lodan Saka Segara Kidul” anggitane Kukuh S. Wibowo bakal nintingi prakara cacah telu. Kanthi ringkes underane panliten bisa dirumusake: (1) Tuwuhe sipat seneng nekad sajrone cerita sambung (2) Faktor-faktor kang njalari sipat seneng nekad lan (3) Problem saka sipat seneng nekad. Panliten iki nggunakake pendekatan Psikologi sosial teori kapribaden Erich Fromm. Fromm njupuk sikap tengah ing sadar nandhesake luwih sethithik babagan motivasi sadar lan saingan amarga salah sijine ciri unik manungsa yaiku kesadaran. Manungsa ora kewan amarga padha bisa nggawe alesan, mbayangno masa depan, lan kanthi sengaja nyoba nyedhaki tujuane urip. Nanging, miturut Fromm, yen kesadaran diri minangka campuran saka akeh wong sing nindhes wong-wong mau kanggo karakter dhasar supaya ora kuwatir. Ing masalah sosial, Fromm nerangake manawa manungsa bisa nduwe pengaruh luwih saka sejarah, budaya, lan masyarakat tinimbang biologi. Sumber dhata primer ing panliten iki yaiku arupa cerbung “Lodan Saka Segara Kidul” anggitane Kukuh S. Wibowo. Cerbung iki kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat wiwit edhisi nomer 30 minggu IV wulan Juli 2018 nganthi edhisi nomer 45 minggu II wulan November 2018. Crita iki kapacak ing rubrik crita sambung (cerbung) kang kaperang dadi 16 seri. Sumber dhata sekunder sajrone panliten iki yaiku rujukan-rujukan saking buku-buku ngenani panliten sarta buku ngenani teori psikologi kapribaden dening Erich Fromm. Kayata buku-buku kang ngandhut teori panyengkuyung kang luwih nguwatake teori kang digunakake

    ASPEK PRAGMATIK BASA DAGELAN KIRUN LAN SANDIRANA

    Get PDF
    ABSTRAK       Bab kang njalari nliti aspek pragmatike basa dagelan Kirun lan Sandirana miturut pamawas panliti yaiku, Sepisan durung nate ditliti dening panliti liya panliten ngenani objek lan pragmatike kang padha. Kapindho narik kawigaten panliti. Narik kawigatene amarga panliti saliyane aktif dadi mahasiswa uga dadi pelawak kang kerep ngisi acara-acara ing jurusan mligine. Dadine bisa kanggo conto anggone mraktekake basa lawakan lan ilmu pragmatike. Prekara kang ditliti yaiku  aspek pragmatik wujud maksim kerjasama apa wae sing dimanfaatake ing dagelan   Kirun lan Sandirana?  lan aspek pragmatik wujud maksim kesopanan apa wae sing kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana? Tujuwan panliten iki yaiku pengin mangerteni aspek pragmatik wujud maksim kerjasama sing dimanfaatake ing dagelan Kirun lan Sandirana lan aspek pragmatik wujud maksim kesopanan sing kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana. Panliten sing gegayutan karo humor wus ditindakake dening panliti-panliti sadurunge. Saengga panliten sing magepokan karo panliten iki didadekake acuan supaya panliten iki bisa luwih apik saka panliten sadurunge. Panliten kasebut ingantarane yaiku Subandiati (1996:21-118) kanthi irah-irahan "Aspek Linguistik dan Sosiokultural Humor Kartun dalam Media Massa Berbahasa Jawa" sing ngrembug panyimpangan makna aspek linguistik lan sosiokultural ing kalawarti sing nggunakake basa Jawa sarta faktor budaya sing ana ing Indonesia. Asil andharane yaiku aspek-aspek kebahasaan. Kalebu aspek ortografis, fonologis, ketaksaan ukara, ketaksaan gramatikal, gaya bahasa, lan aspek-aspek sosiokultural. Panliten iki uga ngandharake basa lan sejarah tembung, latar kabudayan, kaanan, tingkat usia, tingkat pandhidhikan lan profesi, sejene kuwi faktor budaya ing Indonesia nyengkuyung pangriptane humor kasebut. Teori kang kagunakake kanggo ngandharake dhata pelawak Kirun lan Sandirana yaiku maksim kerjasama Grace ngenani maksim kualitas, kuantitas, relevansi, sarta cara/pelaksanaan lan maksim kesopanan Leech ngenani maksim kesopanan kang nyakup maksim kawicaksanan/kebijaksanaan, penerimaan, kemurahan, kerendhahan ati, kecocogan, sarta maksim kesimpatian.                 Kanggo ngudhari prekara ing panliten iki digunakake metodhe lan teknik miturut tahapane panliten. Kawiwitan metodhe dhasar kang nyakup metodhe pangumpulane dhata, nganalisis dhata, lan nyajekake asile analisis dhata (kabandhingake Sudaryanto, 1993:5-7).  Dhata ing panliten iki asale saka dhata lisan awujud tuturan pelawak Kirun lan Sandirana. Sawuse dhata kaanggep cukup lan dimungkinake dianalisis, mulabanjur dianalisis kanggo nemokake kaidahe basa kang ana. Kanggo mbabar dhata kang didelok saka aspek pragmatik ing panliten iki digunakake metode pragmatik ngenani prinsip kerjasama lan prinsip kesopanan kang disimpangake kanggo nggayuh aspek lucune. Saka andharan ing dhuwur bisa kadudut: Sepisan, aspek pragmatik kang kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana yaiku maksim kerjasama ing antarane yaiku maksim kerja sama kualitas, kuantitas, relevansi, lan maksim cara/pelaksanaan. Kapindho, aspek pragmatik liyane kang kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana uga yaiku maksim kesopanan ing antarane yaiku maksim kawicaksanan /kebijaksanaan, penerimaan, kemurahan, kerendhahan ati, kecocogan, lan maksim kesimpatian.Para pelawak mligine Kirun lan Sandirana rata-rata padha nggayuh bab kang lucu lan bisa gawe wong liya ngguyu kanthi cara nyimpangake kalorone maksim mau. Kadhang uga kanthi solah bawane lan kinesike kalorone pelawak wis bisa gawe ngguyu wong liya. &nbsp

    MIYAK KADURJANAN SAJRONE CERBUNG GETIH SRI PANGGUNG ANGGITANE KUKUH S. WIBOWO (Tintingan Struktural)

    Get PDF
    MIYAK KADURJANAN SAJRONE CERBUNG GETIH SRI PANGGUNG ANGGITANE KUKUH S. WIBOWO (TINTINGAN STRUKTURAL)   Dyah Tri Wulandari Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya   Pembimbing Drs. Sugeng Wiyadi Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya   ABSTRAK                 Cerbung Getih Sri Panggung iki kadhudhah kanthi tintingan struktural kanggo nintingi kepriye struktur crita detektif  cerbung kasebut.  Panliten iki kalebu kritik sastra, nggunakake pendekatan intrinsik kanthi metodhe analisis teks. Metodhe analisis teks digunakake kanggo mangerteni strukture cerbung. Asile panliten nuduhake menawa cerbung GSP netepi konvensi minangka crita detektif, unsur-unsur intrinsik nduweni sesambungan kang harmonis marang underaning prakara kanggo miyak wewadi rajapati. Struktur  critane yaiku tema, paraga, alur, kelir nganti konflik sajrone crita GSP. Sajrone crita digambarake kepriye paraga detektif anggone miyak rajapati kasebut. Pungkasane dicritakake pranyata kang nindakake kadurjanan kasebut ora liya Pak Prabakesa bojone Praharsini kanthi kongkonan John Baunu anak pupone Pak Praba. Kanyatan mau mujudake ending kang ngagetake (surprise) jalaran pengarang nampilake paraga-paraga kang sadurunge pantes dicubriyani minangka paraga durjana (foreshadowing)
    • …
    corecore