ASPEK PRAGMATIK BASA DAGELAN KIRUN LAN SANDIRANA

Abstract

ABSTRAK       Bab kang njalari nliti aspek pragmatike basa dagelan Kirun lan Sandirana miturut pamawas panliti yaiku, Sepisan durung nate ditliti dening panliti liya panliten ngenani objek lan pragmatike kang padha. Kapindho narik kawigaten panliti. Narik kawigatene amarga panliti saliyane aktif dadi mahasiswa uga dadi pelawak kang kerep ngisi acara-acara ing jurusan mligine. Dadine bisa kanggo conto anggone mraktekake basa lawakan lan ilmu pragmatike. Prekara kang ditliti yaiku  aspek pragmatik wujud maksim kerjasama apa wae sing dimanfaatake ing dagelan   Kirun lan Sandirana?  lan aspek pragmatik wujud maksim kesopanan apa wae sing kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana? Tujuwan panliten iki yaiku pengin mangerteni aspek pragmatik wujud maksim kerjasama sing dimanfaatake ing dagelan Kirun lan Sandirana lan aspek pragmatik wujud maksim kesopanan sing kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana. Panliten sing gegayutan karo humor wus ditindakake dening panliti-panliti sadurunge. Saengga panliten sing magepokan karo panliten iki didadekake acuan supaya panliten iki bisa luwih apik saka panliten sadurunge. Panliten kasebut ingantarane yaiku Subandiati (1996:21-118) kanthi irah-irahan "Aspek Linguistik dan Sosiokultural Humor Kartun dalam Media Massa Berbahasa Jawa" sing ngrembug panyimpangan makna aspek linguistik lan sosiokultural ing kalawarti sing nggunakake basa Jawa sarta faktor budaya sing ana ing Indonesia. Asil andharane yaiku aspek-aspek kebahasaan. Kalebu aspek ortografis, fonologis, ketaksaan ukara, ketaksaan gramatikal, gaya bahasa, lan aspek-aspek sosiokultural. Panliten iki uga ngandharake basa lan sejarah tembung, latar kabudayan, kaanan, tingkat usia, tingkat pandhidhikan lan profesi, sejene kuwi faktor budaya ing Indonesia nyengkuyung pangriptane humor kasebut. Teori kang kagunakake kanggo ngandharake dhata pelawak Kirun lan Sandirana yaiku maksim kerjasama Grace ngenani maksim kualitas, kuantitas, relevansi, sarta cara/pelaksanaan lan maksim kesopanan Leech ngenani maksim kesopanan kang nyakup maksim kawicaksanan/kebijaksanaan, penerimaan, kemurahan, kerendhahan ati, kecocogan, sarta maksim kesimpatian.                 Kanggo ngudhari prekara ing panliten iki digunakake metodhe lan teknik miturut tahapane panliten. Kawiwitan metodhe dhasar kang nyakup metodhe pangumpulane dhata, nganalisis dhata, lan nyajekake asile analisis dhata (kabandhingake Sudaryanto, 1993:5-7).  Dhata ing panliten iki asale saka dhata lisan awujud tuturan pelawak Kirun lan Sandirana. Sawuse dhata kaanggep cukup lan dimungkinake dianalisis, mulabanjur dianalisis kanggo nemokake kaidahe basa kang ana. Kanggo mbabar dhata kang didelok saka aspek pragmatik ing panliten iki digunakake metode pragmatik ngenani prinsip kerjasama lan prinsip kesopanan kang disimpangake kanggo nggayuh aspek lucune. Saka andharan ing dhuwur bisa kadudut: Sepisan, aspek pragmatik kang kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana yaiku maksim kerjasama ing antarane yaiku maksim kerja sama kualitas, kuantitas, relevansi, lan maksim cara/pelaksanaan. Kapindho, aspek pragmatik liyane kang kagunakake ing dagelan Kirun lan Sandirana uga yaiku maksim kesopanan ing antarane yaiku maksim kawicaksanan /kebijaksanaan, penerimaan, kemurahan, kerendhahan ati, kecocogan, lan maksim kesimpatian.Para pelawak mligine Kirun lan Sandirana rata-rata padha nggayuh bab kang lucu lan bisa gawe wong liya ngguyu kanthi cara nyimpangake kalorone maksim mau. Kadhang uga kanthi solah bawane lan kinesike kalorone pelawak wis bisa gawe ngguyu wong liya. &nbsp

    Similar works