CITRA WANODYA TANDHAK TAYUB SAJRONE NOVEL LEDHEK SAKA ERENG-ERENGE GUNUNG WILIS ANGGITANE TULUS S(Tintingan Feminisme Liberal)

Abstract

Novel kanthi irah-irahan Ledhek saka Ereng-erenge Gunung Wilis anggitane Tulus S menehi gegambaran ngenani panguripane wanodya kang nduweni tekad luhur kanggo nguri-uri kabudayan tinggalane leluhure. Kanthi rasa bombong dheweke tetep njejegake kiprahe wanita tandhak tayub ing satengahe masyarakat kang ora bisa nampa marang kesenian kasebut. Saben pacoban diliwati kanthi rasa sabar lan eklas, senadyan ta abot dheweke tetep ngupaya kanggo mbuktekake menawa tandhak kuwi tuhu wanita kang suci.Panliten iki nggunakake tintingan feminisme liberal lan metodhe panliten dheskriptif kualitatif. Underane panliten, yaiku: 1) Kepriye panguripane wanodya tandhak tayub sajrone novel; 2) Kepriye perjuwangane wanodya tandhak tayub supaya bisa mapan ing masyarakat sajrone novel; 3) Kepriye citrane wanodya tandhak tayub kang kagambar sajrone novel. Tujuwan saka panliten iki, yaiku: 1) Ngandharake gegambaran panguripane wanodya tandhak tayub; 2) Ngandharake kepriye perjuwangane wanodya tandhak tayub supaya tetep bisa mapan ing masyarakat; 3) Ngandharake citrane wanodya tandhak tayub ing masyarakat kang kagambar sajrone novel. Dene paedahe panliten, yaiku: 1) Tumrap bidhang sastra Jawa modern; 2) Tumrap pamaos; 3) Tumrap panliti liyane.Asil saka panliten iki nuduhake gegambarane wanodya ledhek sajrone novel. Mawas saka panliten kang wus ditindakake bisa didudut menawa sajrone panguripane Lastri bisa diperang kanthi loro yaiku panguripan nyenengake lan panguripan nyengasarakake. Kanggo njaga eksistensi satengahe masyarakat Ledhek Lastri migunakake cara antarane cara kang logis lan ora logis. Menawa Citra wanodya ledhek kang kagambar sajrone crita uga diperang kanthi loro yaiku citra dhiri lan citra sosial. citra dhiri mawas saka gegambaran ragane Ledhek Lastri lan konflik batin kang dirasakake. Dene citra sosial mligi ing pamawase kulawarga lan masyarakat ngenani Ledhek Lastri. Nanging merga masyarakat nduweni pamawase beda-beda, mula citra masyarakat kagolong kanthi apik lan uga ala

    Similar works