TINDAK TUTUR NAMPIK BASA JAWA ING DESA RINGINPITU KEC. KEDUNGWARU KAB. TULUNGAGUNG

Abstract

    Dhimas Wahyu Suryo Utomo Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya, ([email protected])     Abstrak Ing sajrone masyarakat, mesthine ora bisa uwal saka tindak tutur. Tindak tutur ing masyarakat kuwi wujude akeh banget, salah sawijine yaiku tindak tutur nampik. Tindak tutur nampik mujudake respon negatif saka sawijine pangajak, panjaluk utawa tawa, paweweh, usul, panemu lan sapanunggalane. Saben wujud nduweni cara-cara kang beda kang dinggo dening masyarakat kang mujudake tindak tutur nampik. Anggone nindakake tindak tutur nampik, panutur mesthi nggatekake struktur sosial, relasi sosial, norma sosial, lan unggah-ungguhing basa. Patang bab kuwi mau nduweni sesambungan kang wigati sajrone tindak tutur nampik. Adhedhasar andharan kuwi mau, punjere panliten iki yaiku apa wae jinise tindak tutur nampik basa Jawa adhedhasar lageyane panutur lan adhedhasar penanggape mitra tutur ing Desa Ringinpitu Kec. Kedungwaru Kab. Tulungagung? Adhedhasar punjere panliten, tujuwane panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake apa wae jinise tindak tutur nampik basa Jawa adhedhasar lageyane panutur lan adhedhasar penanggape mitra tutur ing Desa Ringinpitu Kec. Kedungwaru Kab. Tulungagung. Paedahe teoretis panliten iki yaiku ngrembakake teori tindak tutur, dene paedah praktis yaiku bisa menehi weruh marang masyarakat ngenani tindak tutur nampik lan ing ngendi kalungguhane minangka wong kang medharake nampik. Panliten tindak tutur nampik iki sipate dheskriptif analisis. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur. Dhata ing panliten iki awujud tuturan nampik kang dijupuk dening panliti ing lapangan nalika ana tuturan kang mujudake panampik. Sumber dhata ing panliten iki yaiku penganggone basa Jawa ing Desa Ringinpitu Kec. Kedungwaru Kab. Tulungagung kang dinggo dening pawongan nalika guneman. Tata carane nglumpukake dhata nggunakake metode simak lan metode cakap. Tata carane ngandharake nganggo metode konteks lan teks, dene njlentrehake dhata nganggo cara dheskriptif. Tata carane nyuguhake dhata kang wis diandharake nggunakake metode informal lan formal. Asile panliten iki nuduhake yen ta jinise tindak tutur nampik adhedhasar lageyane panutur diperang dadi papat, yaiku tindak tutur nampik kanthi cara langsung blaka, tindak tutur nampik kanthi cara langsung samudana, tindak tutur nampik kanthi cara ora langsung blaka, lan tindak tutur nampik kanthi cara ora langsung samudana. Dene jinise tindak tutur nampik adhedhasar penanggape mitra tutur, diperang dadi rong werna, yaiku tindak tutur nampik kang ditampa kanthi teges wantah lan tindak tutur nampik kang ditampa kanthi teges entar.   Tembung wigati: tindak tutur, nampik, lageyane panutur, penanggape mitra tutur, struktur sosial, relasi sosial

    Similar works