58,964 research outputs found

    KEPEMIMPINAN SAJRONE SERAT MENAK KUSTUP JILID II

    Get PDF
    Serat Menak Kustup Jilid II minangka objek panliten kang klebu salah sawijine reriptan sastra kang tuwuh sajrone pangrembakane sastra Jawa klasik. Isine ngrembug ngenani Watak pemimpin minangka salah sawijine sipat batin kang mangaribawani kabeh pikiran, solah bawa lan budi pekerti kang diduweni dening pemimpin. Pemimpin kang nduweni watak kang apik bakal ndadekake pamrentahan lan negarane luwih maju lan luwih ngrembaka. Syarat kanggo mujudake kepemimpinan kang becik yaiku kanthi cara nduweni watak kang apik.Underaning panliten iki yaiku: (1) kepriye karakteristik Serat Menak Kustup Jilid II, (2) kepriye model kepemimpinan sajrone Serat Menak Kustup Jilid II, (3) kepriye tipe watak pemimpin sajrone Serat Menak Kustup Jilid II. Ancas saka panliten yaiku: (1) ngandharake karakteristik teks, (2) ngandharake model kepemimpinan sajrone teks, (3) ngandharake tipe watak pemimpin sajrone teks. Paedah saka panliten dikarepake bisa nduweni paedah kanggo panliten-panliten sastra Jawa kang awujud naskah utawa kang wus awujud teks.Tintingan kapustakan ing panliten iki yaiku panliten kang saemper klawan serat mligine Serat Menak Kustup Jilid II. Landhesan teori ing antarane yaiku: (1) teori struktural kang mligi ing paraga lan pamaragan, (2) model kepemimpinan ing antarane asthabrata, (3) tipe watak pemimpin ing antarane bawalaksana, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani lan memayu hayuning bawana.Panliten iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif. Asil transliterasi Serat Menak Kustup Jilid II dadi sumber dhata. Pethikan kang awujud tembang macapat sajrone Serat Menak Kustup Jilid II minangka dhata kang dianalisis. Anggone ngumpulake dhata kanthi cara diwenehi tetenger nganggo bolpoin kang werna-werna rupane.Asiling panliten nuduhake (1) karakteristik Serat Menak Kustup Jilid II. (2) model kepemimpinan kang kinandhut sajrone serat yaiku asthabrata lan kepemimpinan kang ora jumbuh (3) tipe watak pemimpin sajrone serat ing antarane bawalaksana, banjur ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, kang pungkasan memayu hayuning bawana..Tembung wigati : kepemimpinan, paraga lan pamaragan

    RESISTENSI TUMRAP KOLONIALISME SAJRONE CERBUNG RACUN-RACUN ING PURI BULELENG ANGGITANE SUROSO BC.Hk. : TINTINGAN POSTKOLONIAL

    Get PDF
        Ricca Dinariyanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])   Abstrak Cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng kang sabanjure dicekak RRPB ngemot crita ngenani masyarakat Buleleng ing pulo Bali kang nyoba ngrebut tlatah wutah getihe saka tangane serdhadhu Walanda kang nindakake kolonialisme. Tumindake masyarakat Buleleng nalika ngadhepi kolonialisme dadi sawijine bab kang patut kanggo ditliti. Saliyane iku uga ana tumindak kiyanat kang dilakoni dening masyarakat Buleleng ing pulo Bali. Adhedhasar andharan kasebut, panliten iki nggunakake tintingan postkolonial kang aweh kawigaten marang pihak kajajah. Ing panliten iki ana telung underan panliten yaiku: (1) kepriye wewatakane paraga kang ana ing cerbung RRPB? (2) kepriye wujud kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB? (3) kepriye resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali tumrap anane kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB? Ancas saka panliten iki yaiku: (1) ngandharake wewatakane paraga kang ana ing cerbung RRPB, (2) ngandharake wujud kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB, (3) ngandharake resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali tumrap anane kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB. Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: (1) paedah teoretis bisa menehi panyumbang tumrap pangrembakane telaah karya sastra, mligine tintingan postkolonial, sarta (2) paedah praktis tumrap pamulangan lan tumrap bebrayan. Metode kang digunakake sajrone panliten yaiku metode dheskriptif kualitatif. Sumber data panliten iki arupa cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng anggitane Suroso Bc. Hk. Data panliten arupa tetembungan lan ukara sajrone cerbung RRPB kang ngandhut wewatakane paraga, kolonialisme, lan resistensi. Tata cara ngumpulake data ing panliten iki kanthi teknik kapustakan. Tata cara ngolah data nggunakake metode analisis dheskriptif. Asil saka panliten nuduhake wewatakane paraga-paraga kang ana ing cerbung RRPB nindakake kolonialisme lan resistensi. Paraga-paraga kang nindakake kolonialistik yaiku Anna, Kolonel Karel, Jendral Van Swieten, Sersan Jacob, lan Wayan Tarma, dene paraga-paraga kang nindakake resistensi yaiku Putu Yoga, I Gde Wijaya, Ida Bagus Baradha, lan Made Ardhana. Asil panliten sabanjure yaiku kolonialisme kang dumadi ing cerbung RRPB kalebu kolonialisme modern, amarga kolonialisme kang dumadi ing pulo Bali mligine ing tlatah Buleleng kasebut dumadi watara abad 18. Kolonialisme modern ing kene luwih ing bidhang politik amarga Walanda kepengin rakyat Bali ngakoni kedaulatane Walanda ing Pulo Bali. Kolonialisme kasebut ditindakake kanthi rong wujud yaiku kolonialisme kang tujuwane nguwasani wilayahe kaum kang dijajah lan kolonialisme kang tujuwane nguwasani pamikirane kaum kang dijajah. Asil panliten kang pungkasan yaiku resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali kalebu jinise resistensi radikal. Resistensi radikal kasebut ana telu yaiku perang puputan, ngrancang strategi perang, sarta tumindak lan omongan frontal

    WUJUD LAN DAYA PIGUNANE PAWADANG ING TINDAK TUTUR DOL-TINUKU

    Get PDF
    [email protected]       ABSTRAK   Pawadan iku mujudake salah sijine tatacarane wong kang guneman antarane wong siji marang liyane kanthi cara ngalusake tutur supaya apa kang dituturake ora nganti nglarani atine liyan kang diajak guneman, ora nganti ketara meksa mitra tutur, ora nganti ngasorake wong kang diajak guneman lan sapanunggalane. Pawadan iki ing panliten manca kanthi nggunakake basa Inggris diarani hedge. Wong jawa nalika guneman ing pasrawungan akeh nggunakake tuturan kang ora langsung. Tujuwane supaya tuturan keprungu luwih alus. Basa pawadan salah sijine wujud tuturan ora langsung kang asring ditemokake ing tuturan nalika wong nindakake guneman. Kanthi landhesan bab kasebut, mula miturut panliten ing babagan pawadan iki narik kawigaten banget kanggo ditliti. Kang dadi underane panliten ing panliten iki, yaiku: (1) kepriye wujude pawadan ing basa jawa ing kadadeyan dol-tinuku?, lan (2) kepriye daya pigunane pawadan ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku?. Dene tujuwan panliten ing panliten iki yaiku supaya meruhi gegambarane kang jangkep, cetha lan objektif ing babagan: (1) wujude pawadan ing basa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku, lan (2) daya pigunane pawadan ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku. Landhesan teori kang digunakake ing panliten iki yaiku babagan wirasabasa kang gegayutan klawan ancangan pragmatik kang digunakake ing panliten iki. Teori pamerange wujud pawadan ing kene nggunakake teorine Subagyo. Lan teori pamerange daya pigunane pawadan ing panliten iki nggunakake teorine Rahardi. Ing panliten iki kalebu panliten kualitatif. Ancangan kang dianggo ing panliten iki yaiku ancangan wirasabasa (pragmatik). Objeke panliten yaiku wujud lan daya pigunane pawadan ing tindak tutur dol-tinuku. Sumber dhata ing panliten iki yaiku tuturan-tuturan utawa gunemane wong kang mawa pawadan ing kadadeyan dol-tinuku. Instrumen dhata kang digawe ing panliten iki yaiku panliti dhewe. Tatacarane ngumpulake dhata ing panliten iki nggunakake metode simak. Panintinge dhata nggunakake analisi sosiolinguistik, etnografi, lan wirasabasa ing basa Jawa. Asile panliten kang ditemokake saka pangumpule lan panafsire dhata, yaiku wujude pawadan ing basa Jawa ana patang jinis, yaiku (1) wujud pawadan tumandang, (2) wujud pawadan pakon tanggap, (3) wujud pawadan sananta, (4) wujud pawadan tandang. Lan daya pigunane pawada ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku ana nem belas jinis, yaiku (1) pawadan kang mawa wirasabasa pakon, (2) pawadan kang mawa wirasabasa pangatag, (3) pawadan kang mawa wirasabasa panjaluk (4) pawadan kang mawa wirasabasa panyuwunan, (5) pawadan kang mawa wirasabasa panjurung, (6) pawadan kang mawa wirasabasa apus krama, (7) pawadan kang mawa wirasabasa pikoleh, (8) pambagya harja, (9) pawadan kang mawa wirasabasa pawadan kang mawa wirasabasa pangajak, (10) pawadan kang mawa wirasabasa palila, (11) pawadan kang mawa wirasabasa pawe palila, (12) pawadan kang mawa wirasabasa pamenging, (13) pawadan kang mawa wirasabasa pangarep-arep, (14) pawadan kang mawa wirasabasa pangundhat-undhat, (15) pawadan kang mawa wirasabasa pamrayoga, (16) pawadan kang mawa wirasabasa panglulu

    ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

    Get PDF
        ABSTRAK     Mantrani pengasihan minangka budayane manungsa sing wis ana kawit jaman leluhur tumekane saiki. Mantrani pengasihan ditindakake dening saperangan warga Ilmu Sejati ing Ponorogo kanggo nyebarake asih mring sesama. Sanajan sajroning Ilmu Sejati ora diwulang mantrani, nanging warga Ilmu Sejati ana kang mantrani pengasihan, amarga dianggep kanthi cara mantrani pengasihan dheweke bisa gampang anggone nyebarake asih mring sesama. Nanging tetep wae anggone mantrani kanthi tujuwan kang becik tanpa ana tujuwan kang ala. Kasunyatane, masiya mantrani kanggo nyebarake rasa welas asih marang sapa wae lan kanggo nglawan sipat-sipate manungsa kang ala kayata drengki, srei, iren, meren, kumingsun, jail, nganiaya, lan pitenah marang wong liya, nanging malah ana manungsa kang nduweni panduga kang luput ngenani kena ngapa mantrani pengasihan. Malah dianggep nyalahi angger-angger agama amarga wis nindakake mantrani. Mula saka anane panduga kang luput iku, kudune masyrakat mangerteni dhisik kena apa dhasare lan apa tujuwane sawijining pawongan mantrani pengasihan, amrih ora ana panduga kang luput maneh. Punjer saka panliten iki yaiku analisis wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga Ilmu sejati ing Ponorogo. Kanggo nemokake wacana kritis mantrani pengasihan kang ditindakake dening warga Ilmu Sejati ing Ponorogo, mula undere panliten yaiku, 1) kepriye wujude tumindak  wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga Ilmu sejati ing Ponorogo, 2) kepriye konteks sosial wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu sejati ing Ponorogo, 3) kepriye konteks historis wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo, 4) kepriye kekuwasan kang tetandhingan sajroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo, 5) apa ideologi kang ngrembaka saroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Ancas saka panliten iki yaiku kanggo ngandharake kanthi cetha ngenani mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Anggone ngandharake wacana mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo kanthi cara ngandharake karakteristik analisis wacana yaiku tumindak, konteks, histori, kekuwasan kang tetandhingan, lan ideologi kang ngrembaka saroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Panliten ngenani wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake dening warga  Ilmu sejati ing Ponorogo iki nggunakake teori Analisis Wacana Kritis anggitane Eriyanto. Panliten iki nggunakake metode deskriftif-analisis. Andharan lan jlentrehan sajroning panliten iki mujudake gambaran-gambaran kahanan sosial kang dijukuk saka sumber dhata yaiku mantrani pengasihan dening warga  Ilmu sejati. Dhata kasebut pikantuk saka nyathet lan wawancara. Saka asile panliten iki bisa dimangerteni yen saperangan warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan adhedhasar welas asih marang sapa wae tanpa nyawang sapa wonge, masiya pawongan iku nduweni tumindak kang ala kayata drengki, srei, iren, meren, kumingsun, jail, nganiaya, lan pitenah marang dheweke. Nanging pranyta, masyarakat malah nduweni panduga kang ala marang saperangan warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan. Pungkasane panliten iki bisa dimangerteni ideologi kang ngrembaka sarjoning warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan yaiku egaliterisme. Egaliterisme yaiku aliran filsafat kang ora mbedak-mbedakake manungsa siji lan liyane, kabeh nduweni hak lan jejibahan kang padha. Saka ideologi kasebut  bisa dimangerteni yen saperangan warga  Ilmu Sejati mantrani pengasihan amarga warga Ilmu Sejati kepengin weneh welas lan asih marang wong liya tanpa mbedak-mbedakake sapa wonge lan kepriye sipate

    PIWULANG BAB PANGERAN, KAPANGERANAN SAJRONE “SERAT NGABDUL JALIL” KABANDHINGAKE KLAWAN “SUFISME SYEKH SITI JENAR”

    Get PDF
    ABSTRAK Serat Ngabdul Jalil (SNJ) ngemot crita ngenani paraga kang asmane Ngabdul Jalil kang uga sinebut Syekh Siti Jenar. SNJ nyritakake kahanane Syekh Siti Jenar nalika nyinaoni ngelmu sejati, wahdatul wujud, ilmu junun, ilmu usuluddin, lan ilmu liyane. SNJ ngandharake bab-bab kang gegayutan klawan lakune Syekh Siti Jenar nalika nyinaoni ilmu-ilmu kasebut marang Sunan Ampel. SNJ uga nyritakake Ki Ageng Sela, kejaba kuwi uga ngrembug piwulang kang diwedharake dening pangriptane serat. Akeh kang ora sarujuk klawan ajaran kang digawa Syekh Siti Jenar ngenani manunggaling kawula Gusti. Kejaba ana kang ora sarujuk, nanging uga ana kang mbenerake apa kang diwawas dening Syekh Siti Jenar. Iki kang narik kawigaten, kepriye tasawuf kang diwulangake dening Syekh Siti Jenar mligine ing SNJ iki. Kejaba piwulang sajrone SNJ, panliten iki uga bakal mbandhingake klawan Sufisme Syekh Siti Jenar (SSSJ) kang uga ngrembug Syekh Siti Jenar. Ancase saka panliten yaiku kanggo medharake piwulang kang digawa dening syekh Siti Jenar sajrone SNJ lan SSSJ. Panliten iki nggunakake tintingan intertekstualitas amarga medharake serat kang jumlahe loro. Tata carane ninthingi saka gabungan metodhe analisis deskriptif kang asipat komparatif. Asile panliten yaiku piwulang kang diwulangake dening Ngabdul Jalil sajrone SNJ lan Syekh Siti Jenar sajrone SSSJ nduweni pepadhan babagan salat kang ditindakake yaiku salat wajib lan sunah, sasahidan ngenani kalimah syahadat, laku zuhud lan manunggaling kawula Gusti. Manunggaling kawula Gusti yaiku manunggaling rasa lan kepasrahan dhirine Syekh Siti Jenar marang Pangeran. Dadi kang dipikirake wong ngenani tembunge Syekh Siti Jenar kang ngaku Pangeran kuwi sejatine dudu mangkono. Kuwi mujudake rasa pasrahe Syekh Siti Jenar menawa kabeh kang ana ing dhirine mujudake pangejawantahane Pangeran. Tembung-tembung wigati : pangeran, kapangeranan, sufism

    TRADHISI SAJRONE SERAT NARPAWANDAWA SURAKARTA

    Get PDF
        IKA SULISTIANI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA   Abstrak Serat Narpawandawa Surakarta mujudake sastra Jawa kraton, amarga sajrone serat kasebut medharake asil kabudayan saka masyarakat Jawa kang urip lan ngrembaka ing lingkungan kraton. Reriptan sastra iki kang medharake bab tradhisi-tradhisi kang dumadi sajrone kraton Surakarta minangka pangenget-enget tumrap sanak sedulur Kraton Surakarta. Serat iki patut didadekake panliten amarga sajrone serat ngandhut perangan kang mligi arupa tradhisi lan nilai-nilai, kang bisa didadekake patuladhan uripe masyarakat Jawa. Adhedhasar babagan kasebut nyengkuyung panliti kanggo nintingi serat Narpawandawa Surakarta lumantar underan ngenani: (1) Kepriye idhentifikasi serat Narpawandawa Surakarta, (2) Apa wae tradhisi kang tinemu sajrone serat Narpawandawa Surakarta, lan (3) Apa wae nilai kang kinandhut sajrone serat Narpawandawa Surakarta. Ancas saka panliten iki, adhedhasar underan ing ndhuwur, kanggo ngandharake wujude tradhisi-tradhisi kang tinemu sajrone serat. Panliten iki dikarepake bisa menehi paedah tumrap panliti lan pamaos. Panliti dikarepake bisa nambah kawruh ngenani pangetrapane teori sastra, mligine sajrone serat Narpawandawa Surakarta, lan luwih mahami isi sarta tradhisi-tradhisi kang ana sajrone serat kasebut. Dene pamaos dikarepake bisa njembarake kawruh lan seserepan ngenani sastra klasik lan nggampangake pamaos kanggo mahami sistem panguripane masyarakat Jawa mligine tradhisi-tradhisi kang ana sajrone serat kasebut. Panliten iki nggunakake landhesan teori kabudayan universal ngenani pitung sistem yaiku (1) sistem religi lan upacara keagamaan, (2) sistem organisasi kemasyarakatan, (3) sistem pengetahuan, (4) sistem basa, (5) sistem kesenian, (6) sistem pakaryan, lan (7) sistem teknologi lan piranti, kang diandharake dening Koentjaraningrat kanggo nintingi tradhisi kraton kang tinemu sajrone serat. Saliyane iku, kanggo ngrembug lan ngandharake prekara kang ana sajrone serat nggunakake teori hermeneutik yakni karya sastra perlu ditafsirake jalaran nggunakake basa, amarga sajrone basa mau ana makna kang kasimpen utawa sengaja disimpen kanggo kepentingan tartamtu, kang diandharake dening Ratna. Tintingan tumrap serat kasebut nggunakake metode deskriptif kualitatif. Sumber data kang digunakake yaiku serat Narpawandawa Surakarta kang asale saka kapustakan pribadi kagungane Bapak Agus Prasmono, dene data kang digunakake yaiku tembung, ukara, lan wacana kang mujudake anane tradhisi sajrone kraton Surakarta. Panliti tumindak minangka instrumen sajrone panliten iki. Teknik pangumpule data yaiku metode pustaka, teknik maca, alih aksara lan nyathet. Teknik pangolahe data nggunakake metode deskriptif analisis. Adhedhasar asile panliten ngenani idhentifikasi naskah bisa diweruhi kahanane serat isih apik, serat dumadi saka 64 kaca, wujude gancaran lan wujud tembang namung ana ing perangan ngarep. Tulisane nggunakake media cetak, wujud tulisane aksara Jawa, ana saperangan kang awujud gambare Pakubuwana kanggo nyethakake andharane serat. Tradhisi kang tinemu ing serat kasebut yaiku: (1) Tradhisi Mahesa Lawung, (2) Tradhisi Grebeg ana telu yaiku Grebeg Mulud, Grebeg Syawal, lan Grebeg Besar, (3) Tradhisi Rampog Macan. Saliyane iku uga ditemokake tradhisi liya kang katindakake ing kraton, yaiku: (1) Tradhisi Mitoni, (2) Tradhisi Tedhak Siten, (3) Tradhisi Supitan, lan (4) Tradhisi Mantenan. Sajrone serat kasebut ngandhut nilai-nilai. Nilai-nilai kang kinandhut yaiku (1) nilai sosial, (2) nilai didaktis, lan (3) nilai filsafat

    PENYIASATAN STRUKTUR SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN “KIDUNG LANGIT” ANGGITANE NONO WARNONO (TINTINGAN STILISTIKA)

    Get PDF
    Abstrak Antologi geguritan Kidung Langit anggitane Nono Warnono minangka salah sawijining karya sastra kang tetembungan lan ukarane narik kawigaten amarga lelewane basa kang digunakake endah. Lelewane basa kang paling onjo sajrone antologi geguritan Kidung Langit yaiku ngenani repetisi lan pengontrasan. Panliten iki bakal ngrembug (1) kepriye wujud penganggone repetisi, (2) kepriye wujud penganggone pengontrasan, llan (3) fungsi repetisi lan pengontrasan sajrone antologi geguritan KL. Ancas panliten iki yaiku njlentrehake wujud penganggone repetisi lan pengontrasan uga fungsi penganggone repetisi lan pengontrasan. Pamarekan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan stilistika. Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif kang nggunakake metodhe dheskriptif analitik. Panliten iki nggunakake teori ngenani repetisi lan pengontrasan miturute Burhan Nurgiyantoro. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa tembung, frase, lan ukara kang ana sajrone antologi geguritan Kidung Langit anggitane Nono Warnono. Dhata kang digunakake ing panliten iki dijupuk saka geguritan sajrone antologi geguritan Kidung Langit kang ngandhut repetisi lan pengontrasan. Adhedhasar analisis kang wis ditindakake, asile panliten iki nuduhake yen geguritan kang dianggit dening Nono Warnono ngandhut lelewane basa arupa penyiasatan struktur kang mligine awujud repetisi lan pengontrasan. Lelewane basa repetisi kang paling onjo yaiku nggunakake pola anafora, dene lelewane basa pengontrasan kang paling onjo nggunakake gaya ironi lan sarkasme. Repetisi lan pengontrasan nduweni patang fungsi yaiku: fungsi referensial, fungsi emotif, fungsi konatif, lan fungsi puitis. Tembung wigati: Wujud, fungsi,repetisi, pengontrasan

    UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACARKECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG(Tintingan Wujud, Makna, lan Fungsi)

    Get PDF
    ABSTRAK Upacara tradisi sedhekah laut yaiku upacara selametan lan sesaji kang dipersembahkake marang dhanyang sing dilaksanakake kanthi bebarengan (kolektif) kang sifate turun tinurun saka generasi ing generasi sateruse kang nduweni maksud kanggo nggayuh keslametan, lan ngentukake tangkepan iwak kang akeh. Perkara kang diteliti ing panaliten iki yaiku (1) Kepriye tatalakune upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (2) Apa wae maknaubarampe kang kinandhut ing upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (3) Fungsi apa wae kang ana ing upacara tradhisisedhekahlaut kanggo masyarakat kang ndukung; (4)bab-bab apa wae kang bisa ndadekake upacara tradhisi sedhekah laut isih lestari nganti saiki. Tujuwan ing panaliten iki yaiku (1) kanggo ngerteni tatalakuupacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (2) kanggo ngerteni maknaubarampe kang kinandhut ing upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (3) kanggo ngerteni fungsiupacara tradhisisedhekahlaut kanggo masyarakat kang dukung; (4) kanggo ngandharake bab-bab kang ndadekake upacara tradhisi sedhekah laut isih lestari nganti saiki. Manfaat kang kinandhut ing upacara tradhisi sedhekah laut kayata; (1) Tumrap pamarintah dhaerah bisa kanggo lelandhesan mengeti upacara tradhisi sedhekah laut ing Kelurahan Pacar minangka agenda taunan kang asipat rutin; (2) Kanggo masyarakat Kelurahan Pacar mligine bisa dadi sarana nglestarekake budaya tradhisi jawa lan sarana hiburan; (3) Tumrap ilmu folklor bisa menehi tambahan inventarisai folklor jawa; (4) Panaliten iki diupayakake bisa menehi motivasi supaya para panaliti liyane ngrasa kegugah kanggo nganakake panaliten kang luwih jero lan becik ngenani upacara tradhisi sedhekah laut. Metode panaliten iki nggunakake deskriptif kualitatif. Deskriptif yaiku kanggo ngandharake data-data sing saengga dijumbuhake karo kaperluan lan bisa nyengkuyung panaliten. Dene kualitatif yaiku bisa menehi gambaran kang gamblang ngenani upacara tradhisi sedhekah laut. Saka analisis lan pratelan asiling panaliten bisa didudut yen upacara tradhisi sedhekah laut iki nduweni rong piguna yaiku piguna manifes lan piguna laten. Piguna manifes kayata piguna religi, piguna ekonomi, piguna pendhidhikan, piguna sosial, lan piguna nglestarekake budaya. Piguna laten kayata dolanan remi nalika pagelaran wayang kulit, ngombe miras, lan tawuran (tukaran)
    • …
    corecore