ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

Abstract

    ABSTRAK     Mantrani pengasihan minangka budayane manungsa sing wis ana kawit jaman leluhur tumekane saiki. Mantrani pengasihan ditindakake dening saperangan warga Ilmu Sejati ing Ponorogo kanggo nyebarake asih mring sesama. Sanajan sajroning Ilmu Sejati ora diwulang mantrani, nanging warga Ilmu Sejati ana kang mantrani pengasihan, amarga dianggep kanthi cara mantrani pengasihan dheweke bisa gampang anggone nyebarake asih mring sesama. Nanging tetep wae anggone mantrani kanthi tujuwan kang becik tanpa ana tujuwan kang ala. Kasunyatane, masiya mantrani kanggo nyebarake rasa welas asih marang sapa wae lan kanggo nglawan sipat-sipate manungsa kang ala kayata drengki, srei, iren, meren, kumingsun, jail, nganiaya, lan pitenah marang wong liya, nanging malah ana manungsa kang nduweni panduga kang luput ngenani kena ngapa mantrani pengasihan. Malah dianggep nyalahi angger-angger agama amarga wis nindakake mantrani. Mula saka anane panduga kang luput iku, kudune masyrakat mangerteni dhisik kena apa dhasare lan apa tujuwane sawijining pawongan mantrani pengasihan, amrih ora ana panduga kang luput maneh. Punjer saka panliten iki yaiku analisis wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga Ilmu sejati ing Ponorogo. Kanggo nemokake wacana kritis mantrani pengasihan kang ditindakake dening warga Ilmu Sejati ing Ponorogo, mula undere panliten yaiku, 1) kepriye wujude tumindak  wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga Ilmu sejati ing Ponorogo, 2) kepriye konteks sosial wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu sejati ing Ponorogo, 3) kepriye konteks historis wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo, 4) kepriye kekuwasan kang tetandhingan sajroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo, 5) apa ideologi kang ngrembaka saroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Ancas saka panliten iki yaiku kanggo ngandharake kanthi cetha ngenani mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Anggone ngandharake wacana mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo kanthi cara ngandharake karakteristik analisis wacana yaiku tumindak, konteks, histori, kekuwasan kang tetandhingan, lan ideologi kang ngrembaka saroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Panliten ngenani wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake dening warga  Ilmu sejati ing Ponorogo iki nggunakake teori Analisis Wacana Kritis anggitane Eriyanto. Panliten iki nggunakake metode deskriftif-analisis. Andharan lan jlentrehan sajroning panliten iki mujudake gambaran-gambaran kahanan sosial kang dijukuk saka sumber dhata yaiku mantrani pengasihan dening warga  Ilmu sejati. Dhata kasebut pikantuk saka nyathet lan wawancara. Saka asile panliten iki bisa dimangerteni yen saperangan warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan adhedhasar welas asih marang sapa wae tanpa nyawang sapa wonge, masiya pawongan iku nduweni tumindak kang ala kayata drengki, srei, iren, meren, kumingsun, jail, nganiaya, lan pitenah marang dheweke. Nanging pranyta, masyarakat malah nduweni panduga kang ala marang saperangan warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan. Pungkasane panliten iki bisa dimangerteni ideologi kang ngrembaka sarjoning warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan yaiku egaliterisme. Egaliterisme yaiku aliran filsafat kang ora mbedak-mbedakake manungsa siji lan liyane, kabeh nduweni hak lan jejibahan kang padha. Saka ideologi kasebut  bisa dimangerteni yen saperangan warga  Ilmu Sejati mantrani pengasihan amarga warga Ilmu Sejati kepengin weneh welas lan asih marang wong liya tanpa mbedak-mbedakake sapa wonge lan kepriye sipate

    Similar works