KEPEMIMPINAN SAJRONE SERAT MENAK KUSTUP JILID II

Abstract

Serat Menak Kustup Jilid II minangka objek panliten kang klebu salah sawijine reriptan sastra kang tuwuh sajrone pangrembakane sastra Jawa klasik. Isine ngrembug ngenani Watak pemimpin minangka salah sawijine sipat batin kang mangaribawani kabeh pikiran, solah bawa lan budi pekerti kang diduweni dening pemimpin. Pemimpin kang nduweni watak kang apik bakal ndadekake pamrentahan lan negarane luwih maju lan luwih ngrembaka. Syarat kanggo mujudake kepemimpinan kang becik yaiku kanthi cara nduweni watak kang apik.Underaning panliten iki yaiku: (1) kepriye karakteristik Serat Menak Kustup Jilid II, (2) kepriye model kepemimpinan sajrone Serat Menak Kustup Jilid II, (3) kepriye tipe watak pemimpin sajrone Serat Menak Kustup Jilid II. Ancas saka panliten yaiku: (1) ngandharake karakteristik teks, (2) ngandharake model kepemimpinan sajrone teks, (3) ngandharake tipe watak pemimpin sajrone teks. Paedah saka panliten dikarepake bisa nduweni paedah kanggo panliten-panliten sastra Jawa kang awujud naskah utawa kang wus awujud teks.Tintingan kapustakan ing panliten iki yaiku panliten kang saemper klawan serat mligine Serat Menak Kustup Jilid II. Landhesan teori ing antarane yaiku: (1) teori struktural kang mligi ing paraga lan pamaragan, (2) model kepemimpinan ing antarane asthabrata, (3) tipe watak pemimpin ing antarane bawalaksana, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani lan memayu hayuning bawana.Panliten iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif. Asil transliterasi Serat Menak Kustup Jilid II dadi sumber dhata. Pethikan kang awujud tembang macapat sajrone Serat Menak Kustup Jilid II minangka dhata kang dianalisis. Anggone ngumpulake dhata kanthi cara diwenehi tetenger nganggo bolpoin kang werna-werna rupane.Asiling panliten nuduhake (1) karakteristik Serat Menak Kustup Jilid II. (2) model kepemimpinan kang kinandhut sajrone serat yaiku asthabrata lan kepemimpinan kang ora jumbuh (3) tipe watak pemimpin sajrone serat ing antarane bawalaksana, banjur ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, kang pungkasan memayu hayuning bawana..Tembung wigati : kepemimpinan, paraga lan pamaragan

    Similar works