24,736 research outputs found

    TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan)

    Get PDF
    Tradhisi Suran Agung ing Petilasan Nyai Lambang Kuning minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing desa Nglambangan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun. Tradhisi Suran Agung ing petilasan Nyai Lambang Kuning iki ditindaka ke dening masyarakat Nglambangan saben setaun pisan yaiku nalika mapag sasi Sura. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye mula bukane legendha sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ing desa Nglambangan; (2) Tadhisi - tradhisi apa wae kang ana ing petilas an N yai L ambang K uning ; (3) Apa wae makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung ; (4) Nilai - nilai budaya apa wae kang kinandhut ing T radhisi S uran A gung ; (5) Kepriye fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Kepriye owah - owahan sajrone T radhisi S ura n A gung . Tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake mula bukane legendha petilasan N yai L ambang K uning sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ; (2) Njlentrehake wujud - wujude tradh isi kang ana ing petilasan N yai L ambang K uning . (3) makna lan simbol k ang kinandhut sajrone T radhisi S uran A gung ; (4) Njlentrehake nilai - nilai budaya sajrone T radhisi S uran A gung ; (5) Njlentrehake fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Njlentrehake owah - owahan kang dumadi ing tradhisi sajrone T radhisi S uran A gung . Paedah kang b isa dijupuk saka panliten iki yaiku, (1) Nambahi kawruh lan informasi marang pamaca ngenani wujude T radhisi S uran A gung kang ana ing Desa Nglambangan; (2) Nilai - nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung lan tradhisi bisa digunakake kanggo nikelake lan uga mangun karaktere masyarakat; (3) Owah - owahan dingerteni kanggo ngandharake pambeda - pambeda sajrone T radhisi S uran A gung kang ngrembaka wiwit jaman biyen nganti jaman saiki; (4) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Nglambangan ing babagan bud aya supaya tansah dijaga lan diuri - uri. Landhesan titingane yaiku konsep folklor, konse p tradhisi konsep makna lan simbol nggunakake yaiku teori semiotik peirce . N ilai budaya nggunakake konsep Latini kang diperang dadi telu, yaiku nilai dhidhaktik, nilai etik, lan nilai religius. Fungsi Tradhisi Suran Agung nggunakake teori modhifikasi saka Malinowski, William R. Bascom, lan Alan Dundes. Owah - owahan kang dumadi sajrone T radhisi S uran A gung nggunakake konsep Danandjaja lan Koentjaraningrat. P anliten ik i ngg unakake metodhe dheskriptif kualitatif komparatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder . Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni Tradhisi S uran A gung , dene sumber dhata sekund er yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Asile panliten iki nuduhake yen T radhisi S uran A gung nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Slametan Widak Kubra, Tahlilan utawa istighozah, kirab tumpeng Boga War sa lan Kirab Pusaka. Hiburan ing kene ana pagelaran langen beksa utawa tayuban lan uga wayangan. Ubarampe panjangkeping adicara kang digunakake sajrone T radhisi S uran A gung , yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, jenang baro - baro, jadah, reng ginang, ingkung, kembang, pala p endhem lan sapanunggalane. Wujud nilai budaya ana telu, yaiku: (1) Nilai dhidhaktik; (2) Nilai etik; (3) Nilai religius. Fungsi sajrone T radhisi iki, yaiku: (1) Minangka alat proyeksi; (2) Minangka alat pangesahan budaya; (3 ) Minangka sarana pendhidhikan; (4) Minangka alat pengendhali sosial; (5) Minangka alat kanggo nentremake ati; (6) Minangka sarana kanggo ngalab berkah; (7) Minangka alat hiburan; lan (8) Fungsi Ekonomi. Owah - owahan kang dumadi sajrone tradhisi , yaiku duma di ing ubarampe lan sesajen kang digunakake sajrone adicara Suran Agung. Tembung wigati: Suran Agung, Nyai Lambang Kunin

    DIKSI SAJRONE CERKAK ING ANTOLOGI LINTANG ALIT ANGGITANE SUMONO SANDY ASMORO

    Get PDF
    Abstrak Crita cekak mujudake karya sastra kang awujud gancaran, kang asipat fiksi , kang critane d icritakake sarwa ringkes. Cerkak bisa narik ka w igatene pamaca krana cerkak ora mbutuhake wektu kang akeh anggone maca. Basa kang ana sajrone cerkak, ora mung nggunakake basa lumrah wae nanging uga nggunakake basa kang endah lan bisa aweh nilai estetik. Mit urut Teeuw (1984:1) ngandharake, menawa karya sastra iku kalebu saka salah sawijine wujud seni kang nggunakake basa minangka pirantine. Basa kang digunakake sajrone karya sastra ora mung nganggo basa lumrah utawa padinan nanging uga nganggo basa endah kang ngandhut pamilihe tembung (diksi) utawa lelewane basa. Basa kang endah mujudake basa kang ora lumrah digunakake ing saben dina. Basa kang endah mujudake basa kang ngemu kekarepane panganggit. Semono uga basa kang digawe sajrone antologi cerkak Lintang Ali t anggitane Sumono Sandy Asmoro, antologi kasebut minangka objek panliten iki kanthi nggunakake tintingan stilistika. Lelandhesan panliten kasebut dadi dhasar anane underan panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA anggita ne SSA?, (2) kepriye milih sumber diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?, (3) kepriye sipate diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?. Panliten ngenani pamilihe tembung sajrone cerkak ing antologi LA anggitane SS A mujudake sawijine panliten kang asipat sinkronis lan jinis dheskriptif. Dhata kang digunakake yaiku dhata kang arupa tembung, frasa, klausa, ukara kang ana sajrone cerkak antologi LA lan sumber dhata panliten iki yaiku cerkak ing antologi LA. Instrumen u tama kang digunakake yaiku panliti ing panliten iki dhewe. Instrumen kang dadi panyengkuyung panliten iki yaiku piranti kang arupa buku, pulpen, laptop, lsp. Carane nglumpukake dhata ing panliten iki, yaiku nggunakake teknik waca, cathet lan studi kapustak an. Carane njlentrehake dhata sajrone panliten iki, yaiku migunakake metode analisis kualitatif deskriptif. Dene, tata cara panulisane asile panliten kanthi informal. Asil panliten kang kapisan, ngenani wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA kang nga silake rong cara ing antarane (1) konvensional , lan (2) inkonvensional . Asil panliten kang kapindho, ngenani sumbere diksi cerkak ing antologi LA diperang dadi loro, yaiku (1) ragam ngoko (2) ragam krama. Wujud diksi kang asring digunakake dening panganggi t kanthi cara konvensional yaiku arupa tembung entar lan pepindhan. Dene kanthi cara inkonvensional asring nggunakake tembung basa Indonesia dipeksa dadi tembung basa Jawa. Sumbere diksi sajrone antologi LA asring nggunakake ragam ngoko. Asil panliten kang pungkasan utawa katelu, ngenani sipate diksi sajrone cerkak ing antologi LA diperang dadi telu, yaiku (1) sosial, (2) spiritual lan (3) estetik. Sipat diksi kang asring digunakake dening panganggit yaiku sipat sosial lan sipat estetik. Tembung wigati : d iksi, cerkak, stilistik

    PANGETRAPE METODHE TGT TUMRAP KAWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN AKSARA SWARA SISWA KLAS IX SMP LABORATORIUM UNESA

    Get PDF
    Siti Fatimah Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Fathim502gmail.com   Abstrak Pendhidhikan minangaka punjere kualitas sawijining negara, amarga maju apa orane sawijining negara iku gumantung saka kualitas pendhidhikane. Mula peserta didik kudu luwih aktif sajrone proses piwulangan. Kanggo mujudake  KD sajrone kurikulum KTSP yaiku “Membaca dan menulis kalimat sederhana dengan aksara Jawa” panliti nggunakake pangetrape metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle tumrap kawasisan nulis aksara murda lan aksara swara kanggo inovasi piwulangan. Medhia puzzle yaiku medhia piwulangan kang awujud tugelan-tugelan gambar. Underan panliten iki, yaiku : (1) kepriye asil pasinaon nulis aksara murda lan aksara swara ing klas kontrol, (2) kepriye asil pasinaon nulis aksara murda lan aksara swara ing klas eksperimen, lan (3) kepriye efektivitas panganggone metodhe TGT tumrap asil pasinaon nulis aksara murda lan aksara swara. Tujuwan panliten yaiku ngandharake asil pasinaon ing klas kang tanpa nggunakake metodhe kanthi medhia puzzle lan kelas kang nggunakake metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle, lan ngandharake pangaribawane metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle. Panliten iki nduweni paedah supaya bisa didadekake referensi kanggo inovasi piwulangan, bisa ngundhakake kawasisan nulis aksara Murda siswa, lan minangka referensi piwulangan kang migunani. Konsep panliten iki yaiku metodhe TGT (Team Game Turnamen), medhia puzzle, nulis, lan aksara Jawa. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe eskperimen kanthi desain Quasi Exsperimental kanthi modhel nonequivalent Kontrol Group. Klas kang digunakake yaiku klas kontrol (IXB), lan klas eksperimen (IXA). Teknik kang dienggo yaiku tes lan angket, dene instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar soal, lan lembar angket. Analisis dhata nggunakake uji t-signifikansi.             Adhedhasar dhata ing pretelan asiling panliten, bisa didudut yen ora ana pambeda kang signifikan antarane pre-test lan post-test ing klas kontrol, kabukti saka asil panliten 1 lan panliten 2 yaiku 1,800 lan 0,138. Asil piwulangan klas eksperimen nuwuhake asil kang signifikan yaiku 7,456 lan 6,666 saka ttabel 1,717. Asil tes signifikansi nuduhake asil 4,566 ing panliten 1 lan 2,250 ing panliten 2 saka ttabel 2,012, ateges ana pambeda kang singnifikan antarane klas kontrol lan klas eksperimen kang nggunakake metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle. Saengga, bisa ditegesi yen Ho ditolak lan Hi ditrima

    Pengaruh Medhia Smart Card Kanthi Teknik Ts-ts (Two Stay-two Stray) Tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Lan Ka, Ta, Lasiswa Kelas VII SMP Negeri 5 Sidoarjo Taun Piwulangan 2013-2014

    Full text link
    Piwulangan ing jaman saiki,  siswa dituntut luwih aktif sajrone pamulangan. Sajrone K-13 “Membaca dan Menulis Kalimat Sederhana dengan Aksara Jawa”, panulis nliti kawasisane siswa nulis pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la kang dirasa angel. Panliten nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS. Tujuwan yaiku ngandharake asile pasinanon kelas kang ora nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS, ngandharake asile pasinaon kelas kang nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS, ngandharake pengaruh medhia smart card kanthi teknik TS-TS tumrap kawasisan nulis pasangan ca, ja, ma, ba lan ka, ta, la lan ngandharake respons siswa. Metodhe kang digunakake yaiku eksperimen, disain quasi eksperimental design lan modhel nonequivalent control group design. Asil panliten yaiku ora ana pambeda kang signifikan antarane asil pre-test post-test ing kelas kontrol yaiku kelas kang ora nggunakake medhia, kabukti saka titung kelas kontrol ing panliten 1 lan 2 kang kurang saka ttabel 0,1697 yaiku 0,76 lan 0,09. Asile pamulangan kelas eksperimen nduweni pambeda kang signifikan antarane asil pre-test post-test yaiku sadurunge lan sawise ditrapake medhia smart card kanthi teknik TS-TS ing panliten 1 lan 2. Asil pangitungan t-tes signifikansi kang nuduhake titung > ttabel yaiku 4,85 lan 5,5. Medhia smart card kanthi teknik TS-TS nduweni pengaruh tumrap kawasisan nulis pasangan ca, ja, ma, ba lan ka, ta, la saengga ana pambeda kang signifikan tumrap asile pamulangan ing kelas kang ora nggunakake medhia lan kelas kang nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS, kabukti analisis bandhingan kelas kontrol lan kelas eksperimen ing panliten 1 lan 2 kang ngasilake titung > ttabel yaiku 2,29 > 2,000 lan 2,62 > 2,000. Respons siswa nuduhake yen medhia smart card kanthi teknik TS-TS bisa nuwuhake minat lan motivasi. Siswa ngrasa seneng lan gampang nalika nggunakake medhia kasebut. Siswa luwih gampang sinau pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la saengga medhia smart card teknik TS-TS bisa ditrapake sajrone pamulangan. Kata Kunci: smart card, TS-TS (Two Stay-Two Stray), kawasisan, pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la   Abstrak Pembelajaran di era saat ini menuntut siswa untuk lebih aktif dalam proses pembelajaran. Dalam K-13 “Membaca dan Menulis Kalimat Sederhana dengan Aksara Jawa”, penulis meneliti kemampuan siswa dalam pasangan ca, ja, ma, ba dan ka, ta, la karena memiliki  kaidah tertentu yang dirasa sulit. Penelitian ini menggunakan media smart card teknik TS-TS (Two Stay-Two Stray). Tujuan, memaparkan hasil pembelajaran kelas kontrol, hasil pembelajaran kelas eksperimen, pengaruh media smart card teknik TS-TS, dan respon siswa. Metode yang digunakan yaitu eksperimen, disain quasi eksperimental design dan model nonequivalent control group design. Hasil, tidak ada perbedaan yang signifikan antara hasil pre-test post-test kelas kontrol yaitu kelas yang tidak menggunakan media smart card, terbukti titung kelas kontrol penelitian 1 dan 2 kurang dari ttabel 0,1697 yaitu 0,76 dan 0,09. Hasil pembelajaran kelas eksperimen memiliki perbedaan signifikan antara hasil pre-test post-test yaitu sebelum dan setelah penerapan media smart card teknik TS-TS, terbukti dari perhitungan t-tes signifikansi yang menunjukkan titung > ttabel yaitu 4,85 dan 5,5 sehingga media smart card teknik TS-TS memiliki pengaruh, bisa disimpulkan bahwa ada perbedaan yang signifikan antara hasil pembelajaran kelas yang tidak menggunakan media dan kelas yang menggunakan media smart card teknik TS-TS. Perbandingan hasil kelas kontrol dan eksperimen dalam penelitian 1 dan 2 yang menghasilkan titung > ttabel yaitu 2,29 > 2,000 dan 2,62 > 2,000. Respons siswa menunjukkan media smart card teknik TS-TS bisa menumbuhkan minat lan motivasi. Siswa merasa senang dan mudah ketika menggunakan media tersebut. Siswa lebih mudah memahami pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la sehingga media smart card teknik TS-TS bisa diterapake dalam proses pembelajaran. Kata Kunci: smart card, TS-TS (Two Stay-Two Stray), kawasisan, pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, l

    PENGARUH MEDHIA SMART CARD KANTHI TEKNIK TS-TS (TWO STAY-TWO STRAY) TUMRAP KAWASISAN NULIS PASANGAN CA, JA, MA, BA, LAN KA, TA, LASISWA KELAS VII SMP NEGERI 5 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2013-2014

    Get PDF
    Abstrak Piwulangan ing jaman saiki,  siswa dituntut luwih aktif sajrone pamulangan. Sajrone K-13 “Membaca dan Menulis Kalimat Sederhana dengan Aksara Jawa”, panulis nliti kawasisane siswa nulis pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la kang dirasa angel. Panliten nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS. Tujuwan yaiku ngandharake asile pasinanon kelas kang ora nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS, ngandharake asile pasinaon kelas kang nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS, ngandharake pengaruh medhia smart card kanthi teknik TS-TS tumrap kawasisan nulis pasangan ca, ja, ma, ba lan ka, ta, la lan ngandharake respons siswa. Metodhe kang digunakake yaiku eksperimen, disain quasi eksperimental design lan modhel nonequivalent control group design. Asil panliten yaiku ora ana pambeda kang signifikan antarane asil pre-test post-test ing kelas kontrol yaiku kelas kang ora nggunakake medhia, kabukti saka titung kelas kontrol ing panliten 1 lan 2 kang kurang saka ttabel 0,1697 yaiku 0,76 lan 0,09. Asile pamulangan kelas eksperimen nduweni pambeda kang signifikan antarane asil pre-test post-test yaiku sadurunge lan sawise ditrapake medhia smart card kanthi teknik TS-TS ing panliten 1 lan 2. Asil pangitungan t-tes signifikansi kang nuduhake titung > ttabel yaiku 4,85 lan 5,5. Medhia smart card kanthi teknik TS-TS nduweni pengaruh tumrap kawasisan nulis pasangan ca, ja, ma, ba lan ka, ta, la saengga ana pambeda kang signifikan tumrap asile pamulangan ing kelas kang ora nggunakake medhia lan kelas kang nggunakake medhia smart card kanthi teknik TS-TS, kabukti analisis bandhingan kelas kontrol lan kelas eksperimen ing panliten 1 lan 2 kang ngasilake titung > ttabel yaiku 2,29 > 2,000 lan 2,62 > 2,000. Respons siswa nuduhake yen medhia smart card kanthi teknik TS-TS bisa nuwuhake minat lan motivasi. Siswa ngrasa seneng lan gampang nalika nggunakake medhia kasebut. Siswa luwih gampang sinau pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la saengga medhia smart card teknik TS-TS bisa ditrapake sajrone pamulangan. Kata Kunci: smart card, TS-TS (Two Stay-Two Stray), kawasisan, pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la   Abstrak Pembelajaran di era saat ini menuntut siswa untuk lebih aktif dalam proses pembelajaran. Dalam K-13 “Membaca dan Menulis Kalimat Sederhana dengan Aksara Jawa”, penulis meneliti kemampuan siswa dalam pasangan ca, ja, ma, ba dan ka, ta, la karena memiliki  kaidah tertentu yang dirasa sulit. Penelitian ini menggunakan media smart card teknik TS-TS (Two Stay-Two Stray). Tujuan, memaparkan hasil pembelajaran kelas kontrol, hasil pembelajaran kelas eksperimen, pengaruh media smart card teknik TS-TS, dan respon siswa. Metode yang digunakan yaitu eksperimen, disain quasi eksperimental design dan model nonequivalent control group design. Hasil, tidak ada perbedaan yang signifikan antara hasil pre-test post-test kelas kontrol yaitu kelas yang tidak menggunakan media smart card, terbukti titung kelas kontrol penelitian 1 dan 2 kurang dari ttabel 0,1697 yaitu 0,76 dan 0,09. Hasil pembelajaran kelas eksperimen memiliki perbedaan signifikan antara hasil pre-test post-test yaitu sebelum dan setelah penerapan media smart card teknik TS-TS, terbukti dari perhitungan t-tes signifikansi yang menunjukkan titung > ttabel yaitu 4,85 dan 5,5 sehingga media smart card teknik TS-TS memiliki pengaruh, bisa disimpulkan bahwa ada perbedaan yang signifikan antara hasil pembelajaran kelas yang tidak menggunakan media dan kelas yang menggunakan media smart card teknik TS-TS. Perbandingan hasil kelas kontrol dan eksperimen dalam penelitian 1 dan 2 yang menghasilkan titung > ttabel yaitu 2,29 > 2,000 dan 2,62 > 2,000. Respons siswa menunjukkan media smart card teknik TS-TS bisa menumbuhkan minat lan motivasi. Siswa merasa senang dan mudah ketika menggunakan media tersebut. Siswa lebih mudah memahami pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, la sehingga media smart card teknik TS-TS bisa diterapake dalam proses pembelajaran. Kata Kunci: smart card, TS-TS (Two Stay-Two Stray), kawasisan, pasangan ca, ja, ma, ba, ka, ta, l

    ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

    Get PDF
        ABSTRAK     Mantrani pengasihan minangka budayane manungsa sing wis ana kawit jaman leluhur tumekane saiki. Mantrani pengasihan ditindakake dening saperangan warga Ilmu Sejati ing Ponorogo kanggo nyebarake asih mring sesama. Sanajan sajroning Ilmu Sejati ora diwulang mantrani, nanging warga Ilmu Sejati ana kang mantrani pengasihan, amarga dianggep kanthi cara mantrani pengasihan dheweke bisa gampang anggone nyebarake asih mring sesama. Nanging tetep wae anggone mantrani kanthi tujuwan kang becik tanpa ana tujuwan kang ala. Kasunyatane, masiya mantrani kanggo nyebarake rasa welas asih marang sapa wae lan kanggo nglawan sipat-sipate manungsa kang ala kayata drengki, srei, iren, meren, kumingsun, jail, nganiaya, lan pitenah marang wong liya, nanging malah ana manungsa kang nduweni panduga kang luput ngenani kena ngapa mantrani pengasihan. Malah dianggep nyalahi angger-angger agama amarga wis nindakake mantrani. Mula saka anane panduga kang luput iku, kudune masyrakat mangerteni dhisik kena apa dhasare lan apa tujuwane sawijining pawongan mantrani pengasihan, amrih ora ana panduga kang luput maneh. Punjer saka panliten iki yaiku analisis wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga Ilmu sejati ing Ponorogo. Kanggo nemokake wacana kritis mantrani pengasihan kang ditindakake dening warga Ilmu Sejati ing Ponorogo, mula undere panliten yaiku, 1) kepriye wujude tumindak  wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga Ilmu sejati ing Ponorogo, 2) kepriye konteks sosial wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu sejati ing Ponorogo, 3) kepriye konteks historis wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo, 4) kepriye kekuwasan kang tetandhingan sajroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo, 5) apa ideologi kang ngrembaka saroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Ancas saka panliten iki yaiku kanggo ngandharake kanthi cetha ngenani mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Anggone ngandharake wacana mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo kanthi cara ngandharake karakteristik analisis wacana yaiku tumindak, konteks, histori, kekuwasan kang tetandhingan, lan ideologi kang ngrembaka saroning wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake dening saperangan warga  Ilmu Sejati ing Ponorogo. Panliten ngenani wacana sosial mantrani pengasihan kang ditindakake dening warga  Ilmu sejati ing Ponorogo iki nggunakake teori Analisis Wacana Kritis anggitane Eriyanto. Panliten iki nggunakake metode deskriftif-analisis. Andharan lan jlentrehan sajroning panliten iki mujudake gambaran-gambaran kahanan sosial kang dijukuk saka sumber dhata yaiku mantrani pengasihan dening warga  Ilmu sejati. Dhata kasebut pikantuk saka nyathet lan wawancara. Saka asile panliten iki bisa dimangerteni yen saperangan warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan adhedhasar welas asih marang sapa wae tanpa nyawang sapa wonge, masiya pawongan iku nduweni tumindak kang ala kayata drengki, srei, iren, meren, kumingsun, jail, nganiaya, lan pitenah marang dheweke. Nanging pranyta, masyarakat malah nduweni panduga kang ala marang saperangan warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan. Pungkasane panliten iki bisa dimangerteni ideologi kang ngrembaka sarjoning warga  Ilmu sejati ing Ponorogo nindakake mantrani pengasihan yaiku egaliterisme. Egaliterisme yaiku aliran filsafat kang ora mbedak-mbedakake manungsa siji lan liyane, kabeh nduweni hak lan jejibahan kang padha. Saka ideologi kasebut  bisa dimangerteni yen saperangan warga  Ilmu Sejati mantrani pengasihan amarga warga Ilmu Sejati kepengin weneh welas lan asih marang wong liya tanpa mbedak-mbedakake sapa wonge lan kepriye sipate

    Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci Desa Bulusari Kecamatan Gempol Kabupaten Pasuruan (Tintingan Folklor)

    Get PDF
    Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci yaiku tradhisi kang ditindakake kanthi tujuwan kanggo mujudake rasa syukur marang Gusti supaya diwenehi kalancaran anggone ngadhepi panguripan. Tradhisi iki tuwuh amarga anane rasa kapitayan masyarakat kanggo ngleksanani tradhisi kasebut. Panliten iki dikarepake bisa menehi pamawas tumrap masyarakat sarta kanggo nglestarikake kabudayan Jawa. Underane panliten sajrone panliten iki, yaiku: 1) mula bukane; 2) tata lakune; 3) jinis ubarampe; 4) makna kang kinandhut; 5) fungsi kang kinandhut; sarta 6) nilai budaya kang kinandhut. Adhedhasar underane panliten kasebut, tuwuh anane ancase panliten, yaiku: 1) ngandharake mula bukane; 2) ngandharake tata lakune; 3) ngandharake jinis ubarampe; 4) ngandharake makna kang kinandhut; 5) ngandharake fungsi kang kinandhut; sarta 6) ngandharake nilai budaya kang kinandhut. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana ing panliten iki yaiku sumber dhata primer lan sumber dhata sekunder. Dhata kang diasilake awujud dhata lesan lan ora lesan. Objek panliten kang digunakake yaiku Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci. Instrumen panliten iki awujud panliti, dhaptar pitakonan, sarta piranti pambiyantu. Teknik pangumpulane dhata lumantar observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Babagan teknik analisis dhata migunakake analisis dheskriptif. Asil panliten iki nuduhake wiwitane Tradhisi Ruwat Dhusun Sukci kang ditindakake dening para warga kanggo wujud syukur marang Gusti. Tata laku sajrone panliten iki yaiku titi siyaga, titi laksana, lan titi purna. Ubarampe kang digunakake arupa sega kuning, tumpeng, pala pendhem, sarta cok bakal. Saben ubarampe nduweni makna kang dadi kapitayan masyarakat. Fungsi sajrone tradhisi iki yaiku minangka sistem proyeksi, piranti kanggo ngesahake pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan, piranti pendhidhikan, piranti kanggo meksa lan ngawasi aturan-aturan. Saliyane iku, uga ana fungsi liya yaiku minangka piranti hiburan, piranti tradhisi kang ngrembaka ing masyarakat, solidaritas sosial, nglestarikake budaya, lan ekonomi. Nilai budaya sajrone panliten iki yaiku nilai budaya gegayutan marang Gustine, gegayutan manungsa marang alam donya, lan gegayutane manungsa minangka makhluk sosial
    • …
    corecore