30,814 research outputs found
MITOS TRADHISI NENIKAHAN ANTARANE DESA JATISARI LAN DESA NGULAAN ING KABUPATEN TUBAN (Tintingan Mitopoik)
YATIK DWI LESTARI
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Abstrak
Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan minangka sawijine wujud sastra lisan kang ana ing Desa Jatisari lan Desa Ngulaan, Kecamatan Bancar, Kabupaten Tuban. Mitos kasebut nduweni gegayutan marang lelakone Mbah Kam minangka sesepuh Desa Jatisari lan Mbah Dawa minangka sesepuh Desa Ngulaan. Mbah Kam nganggep Mbah Dawa dadi sedulure sawise Mbah Dawa kuwat nggendhong Mbah Kam nganti Desa Jatisari. Amarga Mbah Kam lan Mbah Dawa seduluran, mula Mbah Kam ora ngidinake anak turune nenikahan karo anak turune Mbah Dawa. Perkara kang narik kawigaten ing panliten iki amarga tradhisi kasebut isih dilestarekake nganti saiki lan anane unsur legenda kang nyengkuyung kedadeyane tradhisi.
Sesambungane karo bab ing dhuwur, nuwuhake anane pitakonan yaiku: (1) kepriye mula bukane mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan ing Kabupaten Tuban? (2) kepriye kapitayane masyarakat Desa Jatisari lan Desa Ngulaan marang Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? (3) apa wae nilai budaya sajrone Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? (4) apa wae fungsine Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan?
Tujuwan saka panliten iki yaiku: (1) njlentrehake mula bukane mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan ing Kabupaten Tuban, (2) njlentrehake kapitayane masyarakat Desa Jatisari lan Desa Ngulaan marang Mitos Tradhisi Nenikahan, (3) njlentrehake nilai budaya sajrone Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan, (4) njlentrehake fungsine Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan.
Paedahe panliten iki yaiku: (1) panliten iki bisa menehi kawruh menyang pendidikan sastra, lan (2) panliten iki bisa didadekake referensi kanggo panliten sabanjure.
Kanggo nganalisis masalah ing panliten iki digunakake konsep teori lan pamawas. Kanggo nganalisis bab mula bukane mitos wewaler nenikahan nggunakake tintingan mitopoik. Kanggo nganalisis kapitayane masyarakat nggunakake pamawase Tondowidjojo. Bab nilai budaya nggunakake pamawase Lantini. Dene kanggo nganalisis fungsi nggunakake pamawase Bascom lan teori reseptif liyane kang diselarasake karo kanyatan kang ana ing masyarakat.
Panliten ngenani Mitos Tradhisi Nenikahan antara Desa Jatisari lan Desa Ngulaan iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif kanthi nggunakake tintingan mitopoik. Sumber data sajrone panliten yaiku informan kang dibedakake dadi informan kunci lan informan biyasa. Dene data panliten awujud rerangkene tembung-tembung lan carita saka asil wawancara.
Adhedhasar asil panliten diandharake mula bukane carita kang ndhasari mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan kanthi luwih cetha. Kapitayane masyarakat marang mitos bisa dibedakake antarane masyarakat kang percaya lan ora percaya. Masyarakat kang percaya dijupuk saka asil angket percaya banget, percaya, lan rada percaya. Miturut asil angket masyarakat kang percaya ana 83% dene masyarakat kang ora percaya ana 17%. Wujud nilai budaya kang ana ing sajrone “Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari dan Desa Ngulaan” yaiku: (1) nilai didaktik, (2) nilai etik, lan (3) nilai religius. Fungsi kang ana ing sajrone “Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari dan Desa Ngulaan” yaiku: (1) minangka sistem proyeksi, (2) piranti kanggo ngesahake aturan lan lembaga kabudayan, (3) piranti kanggo panggulawenthah marang anak, (4) piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan-aturan ing bebrayan tetep bisa diugemi lan ditindakake dening anggota kolektif, (5) sarana ngraketake paseduluran, lan (6) sarana nguri-uri kabudayan
LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK S.A
DWI LISTIANINGSIH
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
[email protected]
Abstrak
Basa mujudake sawijining sarana kanggo ngungkapake rasa pangrasa kang diduweni saben-saben pawongan. Kanthi anane basa, manungsa bisa ngungkapake rasa seneng, susah, kuciwa, utawa prihatin sacara lesan lan tulisan. Manungsa uga bisa menehi pambiji lan kritik marang pemerintah utawa kahanan sosial kang dumadi ing masyarakat. Gagasan-gagasan kasebut bisa kawedharake lumantar reriptan sastra. Crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, mujudake salah siji reriptan sastra kang ngemot maneka werna gagasan lan rasa pangrasa saka pangriptane. Sajrone medhar gagasan kasebut, lumrahe pangripta nggunakake maneka werna lelewaning basa, saengga reriptan iku bisa narik kawigatene pamaos.
Adhehdasar andharan ing dhuwur, underan panliten saka panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, lan (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nemokake lelewaning basa, mligine majas-majas kang digunakake dening Tiwiek SA sajrone crita sambung Watesing Kasabaran.
Adhehdasar andharan ing dhuwur, underan panliten saka panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, lan (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nemokake lelewaning basa, mligine majas-majas kang digunakake dening Tiwiek SA sajrone crita sambung Watesing Kasabaran.
Paedahe panliten kanggone sutresna sastra, panliten iki kaajab bisa kanggo tambahan ilmu ngenani lelewaning basa sajrone crita sambung Watesing Kasabaran. Kanggone panliti, panliten iki kaajab bisa dadi sarana mangun wawasan kawruh kang dipikolehi ing pawiyatan, lan minangka acuan sajrone nindakake panliten sabanjure kang ana gegayutane klawan bahan kang bakal dikaji, sarta menehi sumbangan tumrap pangrembakane telaah sastra Jawa modern. Gegayutan klawan tintingan kasebut kandharake konsep lan teori yaiku (1) panliten sadurunge kang saemper, (2) konsep crita sambung, (3) lelewaning basa, (4) majas, lan (5) stilistika.
Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki awujud crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya. Data panlitene yaiku tembung, frase, lan ukara sajrone crita sambung kang ana gegayutane klawan lelewaning basa lan majas. Data-data kasebut diklumpukake kanthi metode waca, cathet, lan pustaka. Sabanjure, data-data kasebut bakal kaandharake kanthi tintingan stilistika.
Asil panliten nuduhake yen pangripta, Tiwiek SA, nggunakake maneka werna majas sajrone ngripta crita sambung Watesing Kasabaran. Majas-majas kang paling onjo sajrone crita sambung kasebut yaiku majas perbandingan, penegasan lan sindiran. Saka majas-majas kang kinandhut sajrone crita sambung Watesing Kasabaran, bisa kawawas yen pangripta mujudake sawijining pangripta kang nduweni kaprigelan manjila sajrone olah basa lan olah rasa. Awit saka tembung-tembung lan ukara kang karakit sajrone crita sambung bisa nuwuhake rasa ketarik marang isining crita. Saka basa kang digunakake sajrone crita sambung, pamaos kaya bisa ngrasakake kanthi langsung ekspresi-ekpresi kang diduweni paraga-paragane. Pangripta uga nyoba nggambarake kahanan kang dumadi ing jagad kasunyatan sajrone reriptane. Bab kasebut mujudake wujud rasa peduline pangripta marang kahanan ing masyarakat kang saya owah.
Tembung penting: metafora, personifikasi, simile, anafor
TEMBUNG RANGKEP SAJRONE BASA JAWA DHIALEK PENDHALUNGAN ING KUTHA PROBOLINGGO
AbstrakTembung rangkep minangka salah sawijine proses morfologis kang ana ing saben-saben basa. Dhialek Pendhalungan kapilih minangka objek ing skripsi iki amarga objek kasebut mirunggan lan manjila. Mirunggane tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan yaiku amarga nggunakake dhialek Pendhalungan minangka objek panliten. Pendhalungan tuwuh saka rong budaya kang dominan, yaiku budaya Jawa lan Madura. Panutur dhialek Pendhalungan mung ana ing dhaerah Tapal Kuda propinsi Jawa Timur. Dene manjilane tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan yaiku ngandharake kepriye rong budaya kang dominan bisa nuwuhake basa mligine titi tembung kang beda karo liyane.Tembung rangkep kasebut bakal kagayutake karo dhialek Pendhalungan ing kutha Probolinggo, mula underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye wujud tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan; (2) Kepriye guna tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan; lan (3) Kepriye kalungguhane tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan. Teori kang kagunaake ing panliten iki yaiku teori transformasi generative kanggo njlentrehake dhata. Dhata kang ditiliti njupuk saka cecaturane basa Jawa dhialek Pendhalungan kang kagunakake wong asli kutha Probolinggo. Panliten iki kalebu panliten linguistik sinkronis krana nliti basa ing wektu tartamtu, yaiku ing jaman saiki. Panliten iki asipat panliten dheskriptif.Wujude tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan ing kutha Probolinggo kuwi ana 6 (enem) yaiku: (1) tembung kriya lingga; (2) tembung kriya andhahan; (3) tembung aran; (4) tembung kahanan; (5) tembung katrangan; lan (6) tembung wilangan. Guna Tembung Rangkep ing basa Jawa dhialek Pendhalungan ana 4 (papat) yaiku: (1) guna jejer {J}; (2) guna wasesa {W}; (3) guna geganep {G}; lan (4) guna katrangan {K}. Dene, kalungguhan Tembung Rangkep ing basa Jawa dhialek Pendhalungan ana 4 (papat) yaiku: (1) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna jejer ana 2 (loro); (2) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna wasesa ana 7 (pitu); (3) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna geganep ana 2 (loro) lan (4) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna katrangan ana 3 (telu).Tembung-tembung wigati: Tembung rangkep, Pendhalungan, wujud, guna lan kalungguhan
A method for computing quadratic Brunovsky forms
In this paper, for continuous, linearly-controllable quadratic control
systems with a single input, an explicit, constructive method is proposed for
studying their Brunovsky forms, initially studied in [W. Kang and A. J. Krener,
Extended quadratic controller normal form and dynamic state feedback
linearization of nonlinear systems, SIAM Journal on Control and Optimization,
30:1319-1337, 1992]. In this approach, the computation of Brunovsky forms and
transformation matrices and the proof of their existence and uniqueness are
carried out simultaneously. In addition, it is shown that quadratic
transformations in the aforementioned paper can be simplified to prevent
multiplicity in Brunovsky forms. This method is extended for studying discrete
quadratic systems. Finally, computation algorithms for both continuous and
discrete systems are summarized, and examples demonstrated.Comment: Author's name was listed as Wenlong Ji
RESISTENSI TUMRAP KOLONIALISME SAJRONE CERBUNG RACUN-RACUN ING PURI BULELENG ANGGITANE SUROSO BC.Hk. : TINTINGAN POSTKOLONIAL
Ricca Dinariyanti
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])
Abstrak
Cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng kang sabanjure dicekak RRPB ngemot crita ngenani masyarakat Buleleng ing pulo Bali kang nyoba ngrebut tlatah wutah getihe saka tangane serdhadhu Walanda kang nindakake kolonialisme. Tumindake masyarakat Buleleng nalika ngadhepi kolonialisme dadi sawijine bab kang patut kanggo ditliti. Saliyane iku uga ana tumindak kiyanat kang dilakoni dening masyarakat Buleleng ing pulo Bali. Adhedhasar andharan kasebut, panliten iki nggunakake tintingan postkolonial kang aweh kawigaten marang pihak kajajah.
Ing panliten iki ana telung underan panliten yaiku: (1) kepriye wewatakane paraga kang ana ing cerbung RRPB? (2) kepriye wujud kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB? (3) kepriye resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali tumrap anane kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB? Ancas saka panliten iki yaiku: (1) ngandharake wewatakane paraga kang ana ing cerbung RRPB, (2) ngandharake wujud kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB, (3) ngandharake resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali tumrap anane kolonialisme kang ana ing cerbung RRPB. Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: (1) paedah teoretis bisa menehi panyumbang tumrap pangrembakane telaah karya sastra, mligine tintingan postkolonial, sarta (2) paedah praktis tumrap pamulangan lan tumrap bebrayan.
Metode kang digunakake sajrone panliten yaiku metode dheskriptif kualitatif. Sumber data panliten iki arupa cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng anggitane Suroso Bc. Hk. Data panliten arupa tetembungan lan ukara sajrone cerbung RRPB kang ngandhut wewatakane paraga, kolonialisme, lan resistensi. Tata cara ngumpulake data ing panliten iki kanthi teknik kapustakan. Tata cara ngolah data nggunakake metode analisis dheskriptif.
Asil saka panliten nuduhake wewatakane paraga-paraga kang ana ing cerbung RRPB nindakake kolonialisme lan resistensi. Paraga-paraga kang nindakake kolonialistik yaiku Anna, Kolonel Karel, Jendral Van Swieten, Sersan Jacob, lan Wayan Tarma, dene paraga-paraga kang nindakake resistensi yaiku Putu Yoga, I Gde Wijaya, Ida Bagus Baradha, lan Made Ardhana. Asil panliten sabanjure yaiku kolonialisme kang dumadi ing cerbung RRPB kalebu kolonialisme modern, amarga kolonialisme kang dumadi ing pulo Bali mligine ing tlatah Buleleng kasebut dumadi watara abad 18. Kolonialisme modern ing kene luwih ing bidhang politik amarga Walanda kepengin rakyat Bali ngakoni kedaulatane Walanda ing Pulo Bali. Kolonialisme kasebut ditindakake kanthi rong wujud yaiku kolonialisme kang tujuwane nguwasani wilayahe kaum kang dijajah lan kolonialisme kang tujuwane nguwasani pamikirane kaum kang dijajah. Asil panliten kang pungkasan yaiku resistensi kang ditindakake masyarakat Buleleng ing pulo Bali kalebu jinise resistensi radikal. Resistensi radikal kasebut ana telu yaiku perang puputan, ngrancang strategi perang, sarta tumindak lan omongan frontal
REKADAYA PRAKARA UKUM ING CERBUNG PAK GURU ANGGITANE SUHINDRIYO : TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA
Abstrak
Rekadaya prakara ukum minangka tumindak kurang adil kang ditindakake para penegak ukum jroning njejegake keadilan ukum. Ancase ukum kang mujudake keadilan ora bisa dirasakake kabeh masyarakat, utamane kanggo masyarakat cilik. Sawijining prakara bisa direkadaya gumantung cacahe dhuwit kang diwenehake marang penegak ukum.
Underan panliten iki ngenani kepriye wujude rekadaya prakara ukum ing cerbung Pak Guru. Adhedhasar underan panliten kasebut, ancasing panliten yaiku ngerteni lan njlentrehake wujude rekadaya prakara ukum kang ana ing cerbung Pak Guru. Paedah saka panliten iki bisaa nambah wawasan lan nyengkuyung sarta ngramekake pangrembakane sastra Jawa modern kang apik lan linuwih, mligine kritik sastra kang nggunakake tintingan sosiologi sastra.
Lelandhesane teori kang digunakake in panliten iki yaiku, teori sosiologi sastra saka panemune Wellek lan Warren, yaiku ngenani isi karya sastra. Sabanjure metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku metodhe deskritif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake arupa teks cerbung Pak Guru kang cacahe rong puluh edhisi. Dhata kang digunakake arupa tembung, ukara, paragrap, dialog antar paraga, lan wacana ing cerbung Pak Guru kang gegayutan karo prakara kang arep ditliti.
Asile panliten kang sepisan njlentrehake wujude rekadaya prakara ukum kang dumadi nuduhake anane prakara beselan marang petugas ukum lan dumadine kekerasan ing pakunjara. Kapindho njlentrehake bab kang njalari anane rekadaya prakara ukum, yaiku keblinger marang dhuwit, ngamanake jabatan, lan kepentingan politik. Katelu pungkasane anane rekadaya prakara ukum kasebut nuwuhake rong prakara tumrape para narapidana, yaiku pasrah marang kahanan lan mbalela marang ukum. Kang pungkasan yaiku pamawase pangripta ngenani anane rekadaya prakara ukum nuwuhake saperangan guru-guru lan karyawan mbudidaya menyang pengadilan, unjuk rasa menyang pasidhangan, lan pilih masrahake marang proses ukum kang lumaku.
Kata Kunci: rekadaya ukum, sosiologi sastra, cerbung
WUJUD LAN JINISE REDHUNDHASI ING BASA JAWA
Abstrak
Redhundhansi yaiku sesambungane teges kang kalebu semantik lan nggunakake tembung-tembung kanthi diluwih-luwihake utawa bisa diarani ngirit tembung. Kanthi panganggone tembung kang diluwih-luwihake mau, redhundhansi ora kalebu ukara kang baku. Saliyane kuwi, redhundhansi uga nerak logika basa. Logis ateges imbang-nimbang akal utawa pamikir kang diandharake wujud tembung lan nyatakake wujud ukara. Dadi basa kang logis bisa nggunakake basa kang standar, yaiku basa kang bisa ditampa dening nalare manungsa. Basa kang standar ing kene biyasane digunakake ing kahanan kang resmi utawa formal. Penganggone basa kang standar ing kahanan kang formal bisa ing adicara pidhato.
Salaras karo andharan ing ndhuwur, underane panliten yaiku; (1) Apa wae wujude redhundhansi adhedhasar satuwan linguistike?; (2) Apa wae jinis-jinise redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar maknane?. Panliten iki nggunakake ancangan dheskriptif analisis yaiku ancangan kang nduweni sipat njlentrehake wujud lan jinise redhundhansi ing basa Jawa kanthi gamblang. Basa kang digunakake ing panliten iki yaiku basa jawa. Sumbere dhata yaiku pidhato. Dene dhatane yaiku ukara-ukara kang digunakake ing pidhato. Tata cara nglumpukake dhata nganggo teknik nyemak ora mawa cakap lan nyathet. Tata cara pangolahing dhata, teknik kang digunakake yaiku teknik analisis dhata. Dene tata cara ngandharake asil analisis dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara informal, yaiku ngandharake analisis dhata kanthi nggunakake tetembungan kang lumrah.
Adhedhasar asile andharan lan jlentrehan dhata, wujude redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar satuwan linguistike bisa kaperang dadi loro, yaiku frasa lan klausa. Saka wujud redhundhansi mau, banjur diandharake jinis-jinise redhundhansi adhedhasar maknane. Redhundhansi kang awujud frasa nduweni limang jinis, yaiku redhundhansi frasa cacah, redhundhansi frasa sipat, redhundhansi frasa dunung, redhundhansi frasa idhentifikatif, lan redhundhansi frasa tembung saroja. Redhundhansi kang awujud klausa nduweni telung jinis yaiku redhudhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tumindak, redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep idhentifikatif, lan redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tembung saroja.
Kata Kunci: redhundhansi, wujud, jini
WUJUD LAN DAYA PIGUNANE PAWADANG ING TINDAK TUTUR DOL-TINUKU
[email protected]
ABSTRAK
Pawadan iku mujudake salah sijine tatacarane wong kang guneman antarane wong siji marang liyane kanthi cara ngalusake tutur supaya apa kang dituturake ora nganti nglarani atine liyan kang diajak guneman, ora nganti ketara meksa mitra tutur, ora nganti ngasorake wong kang diajak guneman lan sapanunggalane. Pawadan iki ing panliten manca kanthi nggunakake basa Inggris diarani hedge.
Wong jawa nalika guneman ing pasrawungan akeh nggunakake tuturan kang ora langsung. Tujuwane supaya tuturan keprungu luwih alus. Basa pawadan salah sijine wujud tuturan ora langsung kang asring ditemokake ing tuturan nalika wong nindakake guneman. Kanthi landhesan bab kasebut, mula miturut panliten ing babagan pawadan iki narik kawigaten banget kanggo ditliti.
Kang dadi underane panliten ing panliten iki, yaiku: (1) kepriye wujude pawadan ing basa jawa ing kadadeyan dol-tinuku?, lan (2) kepriye daya pigunane pawadan ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku?. Dene tujuwan panliten ing panliten iki yaiku supaya meruhi gegambarane kang jangkep, cetha lan objektif ing babagan: (1) wujude pawadan ing basa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku, lan (2) daya pigunane pawadan ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku.
Landhesan teori kang digunakake ing panliten iki yaiku babagan wirasabasa kang gegayutan klawan ancangan pragmatik kang digunakake ing panliten iki. Teori pamerange wujud pawadan ing kene nggunakake teorine Subagyo. Lan teori pamerange daya pigunane pawadan ing panliten iki nggunakake teorine Rahardi.
Ing panliten iki kalebu panliten kualitatif. Ancangan kang dianggo ing panliten iki yaiku ancangan wirasabasa (pragmatik). Objeke panliten yaiku wujud lan daya pigunane pawadan ing tindak tutur dol-tinuku. Sumber dhata ing panliten iki yaiku tuturan-tuturan utawa gunemane wong kang mawa pawadan ing kadadeyan dol-tinuku. Instrumen dhata kang digawe ing panliten iki yaiku panliti dhewe. Tatacarane ngumpulake dhata ing panliten iki nggunakake metode simak. Panintinge dhata nggunakake analisi sosiolinguistik, etnografi, lan wirasabasa ing basa Jawa.
Asile panliten kang ditemokake saka pangumpule lan panafsire dhata, yaiku wujude pawadan ing basa Jawa ana patang jinis, yaiku (1) wujud pawadan tumandang, (2) wujud pawadan pakon tanggap, (3) wujud pawadan sananta, (4) wujud pawadan tandang. Lan daya pigunane pawada ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku ana nem belas jinis, yaiku (1) pawadan kang mawa wirasabasa pakon, (2) pawadan kang mawa wirasabasa pangatag, (3) pawadan kang mawa wirasabasa panjaluk (4) pawadan kang mawa wirasabasa panyuwunan, (5) pawadan kang mawa wirasabasa panjurung, (6) pawadan kang mawa wirasabasa apus krama, (7) pawadan kang mawa wirasabasa pikoleh, (8) pambagya harja, (9) pawadan kang mawa wirasabasa pawadan kang mawa wirasabasa pangajak, (10) pawadan kang mawa wirasabasa palila, (11) pawadan kang mawa wirasabasa pawe palila, (12) pawadan kang mawa wirasabasa pamenging, (13) pawadan kang mawa wirasabasa pangarep-arep, (14) pawadan kang mawa wirasabasa pangundhat-undhat, (15) pawadan kang mawa wirasabasa pamrayoga, (16) pawadan kang mawa wirasabasa panglulu
UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACARKECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG(Tintingan Wujud, Makna, lan Fungsi)
ABSTRAK
Upacara tradisi sedhekah laut yaiku upacara selametan lan sesaji kang dipersembahkake
marang dhanyang sing dilaksanakake kanthi bebarengan (kolektif) kang sifate turun tinurun saka
generasi ing generasi sateruse kang nduweni maksud kanggo nggayuh keslametan, lan
ngentukake tangkepan iwak kang akeh.
Perkara kang diteliti ing panaliten iki yaiku (1) Kepriye tatalakune upacara
tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (2) Apa
wae maknaubarampe kang kinandhut ing upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar,
kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (3) Fungsi apa wae kang ana ing upacara
tradhisisedhekahlaut kanggo masyarakat kang ndukung; (4)bab-bab apa wae kang bisa
ndadekake upacara tradhisi sedhekah laut isih lestari nganti saiki.
Tujuwan ing panaliten iki yaiku (1) kanggo ngerteni tatalakuupacara tradhisisedhekahlaut
ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (2) kanggo ngerteni
maknaubarampe kang kinandhut ing upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar,
kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (3) kanggo ngerteni fungsiupacara
tradhisisedhekahlaut kanggo masyarakat kang dukung; (4) kanggo ngandharake bab-bab kang
ndadekake upacara tradhisi sedhekah laut isih lestari nganti saiki.
Manfaat kang kinandhut ing upacara tradhisi sedhekah laut kayata; (1) Tumrap
pamarintah dhaerah bisa kanggo lelandhesan mengeti upacara tradhisi sedhekah laut ing
Kelurahan Pacar minangka agenda taunan kang asipat rutin; (2) Kanggo masyarakat Kelurahan
Pacar mligine bisa dadi sarana nglestarekake budaya tradhisi jawa lan sarana hiburan; (3)
Tumrap ilmu folklor bisa menehi tambahan inventarisai folklor jawa; (4) Panaliten iki
diupayakake bisa menehi motivasi supaya para panaliti liyane ngrasa kegugah kanggo nganakake
panaliten kang luwih jero lan becik ngenani upacara tradhisi sedhekah laut.
Metode panaliten iki nggunakake deskriptif kualitatif. Deskriptif yaiku kanggo
ngandharake data-data sing saengga dijumbuhake karo kaperluan lan bisa nyengkuyung
panaliten. Dene kualitatif yaiku bisa menehi gambaran kang gamblang ngenani upacara tradhisi
sedhekah laut.
Saka analisis lan pratelan asiling panaliten bisa didudut yen upacara tradhisi sedhekah
laut iki nduweni rong piguna yaiku piguna manifes lan piguna laten. Piguna manifes kayata
piguna religi, piguna ekonomi, piguna pendhidhikan, piguna sosial, lan piguna nglestarekake
budaya. Piguna laten kayata dolanan remi nalika pagelaran wayang kulit, ngombe miras, lan
tawuran (tukaran)
- …