51,669 research outputs found

    Piranti Kohesi Gramatikal Sajrone Rubrik Gambang Suling Kalawarti Jaya Baya Taun 2015

    Full text link
    Piranti Kohesi Gramatikal Sajrone Rubrik Gambang Suling Kalawarti Jaya Baya Taun 2015 1 PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015 Jenitasari Santoso S - 1 Pendidikan Bahasa dan Sastra D aerah, FBS, UNESA dan jenitasantoso@hotmail .com Pembimbing Prof. Dr. Udjang Pairin, M.Pd. Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA Abstrak Panliten iki nduweni sipat kang mligi yaiku nintingi objek panliten arupa wacana dheskriptif basa Jawa saka perangan wujude. Mligine marang sesambungan gramatikal wac ana wae. Wujud tegese bleger fisik wacana kasebut, panliten iki ora nggepok senggol marang makna kang dikandhut dening wacana sacara utuh. Objek panliten kang dipilih awujud wacana dheskriptif yaiku rubrik gambang suling kalawarti Jaya Baya taun 2015. Rubr ik iki manggon ana kaca ngarep saengga dadi punjer kawigaten pamacane. Panliten iki bakal dadi wangsulan saka perkara kepriye pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya ta hun 2015. Ancase panliten iki kanggo ngerteni pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya tahun 2015. Analisis dhata adhedhasar teori kohesi kang diandharake dening Hallida y lan Hasan. Metodhe panliten kang digunakake mujudake metodhe agih. Teknik kang digunakake yaiku teknik andum perangan sacara langsung. Teknik lanjutan arupa teknik ganti, teknik lesap, lan teknik waca tandha. Teknik ganti digunakake kanggo mbuktekake pad hanan perangan kang diganteni lan perangan gegantine sajrone kohesi substitusi. Teknik lesap digunakake kanggo mbuktekake padhanan karo perangan kang dilesapake. Teknik waca tandha digunakake kanggo mahami sesambungan antar ukara lan paragraf. Asil saka pa nliten ngenani kohesi gramatikal iki yaiku piranti kohesi gramatikal kang cac a he papat kasebut digunakake kabeh. Patang piranti kasebut nyakup pangener, subtitusi, ellipsis lan konjungsi. Piranti sing paling akeh digunakake yaiku pangener persona kang nggu nakake tembung sesulih pandarbe { - e} lan { - ne}. Piranti kohesi liyane kang uga asring ditemokake yaiku konjungsi temporal. Piranti kohesi gramatikal liyane uga ditemokake nanging ora asring kaya pangener persona kang nggunakake tembung sesulih pandarbe { - e } lan { - ne}, lan konjungsi temporal

    Pengembangan Medhia Animasi Flash Tumrap Katrampilannyemak Ragam Basa Jawa Siswa Kelas VIII SMP Negeri 2 Jombangtaun Ajaran 2017/2018

    Full text link
    Pengembangan medhia diperlokake banget kanggo ngundhakake katrampilane siswa. Medhia kangdikembangake ing panliten yaiku animasi flash. Medhia animasi flash digunakake kanggo ngundhakakekatrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang. Underan saka panliten iki,yaiku (1) Kepriye proses pengembangan medhia animasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragamBasa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (2) Kepriye efektifitas medhia animasi flash minangkamedhia pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (3) Kepriyetanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangkamedhia pasinaon?. Tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) Ngandharake asile proses pengembangan medhiaanimasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang,(2) Ngandharake efektifitas saka medhia animasi flash minangka medhia pasinaon katrampilan nyemak ragamBasa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang, (3) Ngandharake tanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangka medhia pasinaon.Panliten iki kalebu jinis panliten pengembangan. Modhel pengembangan kang digunakake yaiku R&D(Research & Development). Dhesain panliten kang digunakake ing panliten iki yaiku Quasi Eksperimental Designkanthi wujud nonequivalent control group design. Panliten iki nggunakake telung kelas sampel, yaiku kelas ujiinstrumen (VIII D), kelas eksperimen (VIII I), lan kelas kontrol (VIII J) saka populasi kelas VIII A nganti kelasVIII J. Asil proses pengembangan saka validhator ahli medhia yaiku antuk biji persentase 87% kang ategeskwalitas medhia kagolong “apik banget”. Asil pambiji saka validhator ahli materi yaiku antuk biji persentase86% kang ateges isi materi kagolong “apik banget”. Asil uji coba 1 kelas eksperimen yaiku kelas kangnggunakake medhia animasi flash sajrone pasinaonane. Asil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas eksperimenkang antuk titung = 9,812. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-test kelas eksperimen kang antuk titung = 8,811. Deneasil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas kontrol kang antuk titung = 7,582. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-testkelas kontrol kang antuk titung = 2,177. Dideleng saka asile titung uji coba 1 lan uji coba 2 kang ana ing kelaseksperimen luwih dhuwur tinimbang asile titung kelas kontrol. Asile efektifitas kelas eksperimen lan kelas kontroling uji coba 1 kang antuk titung = 2,801 ≥ ttabel = 2,001, dene ing uji coba 2 kang antuk titung = 2,437 ≥ ttabel 2,004ateges asil titung kasebut signifikan. Mula, bisa didudut yen medhia animasi flash bisa ngundhakake katrampilannyemak ragam Basa Jawa.Asil tanggapane siswa tumrap panganggone medhia animasi flash saka kelas uji instrumen kang antukrata-rata persentasene 85% ateges “apik banget”. Asil respon siswa saka kelas eksperimen kang antuk rata-ratapersentasene 84% ateges kagolong “apik banget”. Yen dideleng saka asil efektifitas lan respon siswa bisa didudutyen medhia animasi flash apik banget kanggo pasinaon nyemak ragam Basa Jawa, siswa ngrasa luwih semangatlan seneng anggone nampa materi nyemak ragam Basa Jawa lan kanthi nggunakake medhia animasi flash bisaluwih kasil anggone nyemak ragam Basa Jawa tinimbang ora nggunakake medhia.Tembung kunci : medhia animasi flash, katrampilan nyemak

    PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KATRAMPILANNYEMAK RAGAM BASA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 JOMBANGTAUN AJARAN 2017/2018

    Get PDF
    Pengembangan medhia diperlokake banget kanggo ngundhakake katrampilane siswa. Medhia kangdikembangake ing panliten yaiku animasi flash. Medhia animasi flash digunakake kanggo ngundhakakekatrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang. Underan saka panliten iki,yaiku (1) Kepriye proses pengembangan medhia animasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragamBasa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (2) Kepriye efektifitas medhia animasi flash minangkamedhia pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (3) Kepriyetanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangkamedhia pasinaon?. Tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) Ngandharake asile proses pengembangan medhiaanimasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang,(2) Ngandharake efektifitas saka medhia animasi flash minangka medhia pasinaon katrampilan nyemak ragamBasa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang, (3) Ngandharake tanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangka medhia pasinaon.Panliten iki kalebu jinis panliten pengembangan. Modhel pengembangan kang digunakake yaiku R&D(Research & Development). Dhesain panliten kang digunakake ing panliten iki yaiku Quasi Eksperimental Designkanthi wujud nonequivalent control group design. Panliten iki nggunakake telung kelas sampel, yaiku kelas ujiinstrumen (VIII D), kelas eksperimen (VIII I), lan kelas kontrol (VIII J) saka populasi kelas VIII A nganti kelasVIII J. Asil proses pengembangan saka validhator ahli medhia yaiku antuk biji persentase 87% kang ategeskwalitas medhia kagolong “apik banget”. Asil pambiji saka validhator ahli materi yaiku antuk biji persentase86% kang ateges isi materi kagolong “apik banget”. Asil uji coba 1 kelas eksperimen yaiku kelas kangnggunakake medhia animasi flash sajrone pasinaonane. Asil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas eksperimenkang antuk titung = 9,812. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-test kelas eksperimen kang antuk titung = 8,811. Deneasil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas kontrol kang antuk titung = 7,582. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-testkelas kontrol kang antuk titung = 2,177. Dideleng saka asile titung uji coba 1 lan uji coba 2 kang ana ing kelaseksperimen luwih dhuwur tinimbang asile titung kelas kontrol. Asile efektifitas kelas eksperimen lan kelas kontroling uji coba 1 kang antuk titung = 2,801 ≥ ttabel = 2,001, dene ing uji coba 2 kang antuk titung = 2,437 ≥ ttabel 2,004ateges asil titung kasebut signifikan. Mula, bisa didudut yen medhia animasi flash bisa ngundhakake katrampilannyemak ragam Basa Jawa.Asil tanggapane siswa tumrap panganggone medhia animasi flash saka kelas uji instrumen kang antukrata-rata persentasene 85% ateges “apik banget”. Asil respon siswa saka kelas eksperimen kang antuk rata-ratapersentasene 84% ateges kagolong “apik banget”. Yen dideleng saka asil efektifitas lan respon siswa bisa didudutyen medhia animasi flash apik banget kanggo pasinaon nyemak ragam Basa Jawa, siswa ngrasa luwih semangatlan seneng anggone nampa materi nyemak ragam Basa Jawa lan kanthi nggunakake medhia animasi flash bisaluwih kasil anggone nyemak ragam Basa Jawa tinimbang ora nggunakake medhia.Tembung kunci : medhia animasi flash, katrampilan nyemak

    MITOS TRADHISI NENIKAHAN ANTARANE DESA JATISARI LAN DESA NGULAAN ING KABUPATEN TUBAN (Tintingan Mitopoik)

    Get PDF
        YATIK DWI LESTARI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA   Abstrak Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan minangka sawijine wujud sastra lisan kang ana ing Desa Jatisari lan Desa Ngulaan, Kecamatan Bancar, Kabupaten Tuban. Mitos kasebut nduweni gegayutan marang lelakone Mbah Kam minangka sesepuh Desa Jatisari lan Mbah Dawa minangka sesepuh Desa Ngulaan. Mbah Kam nganggep Mbah Dawa dadi sedulure sawise Mbah Dawa kuwat nggendhong Mbah Kam nganti Desa Jatisari. Amarga Mbah Kam lan Mbah Dawa seduluran, mula Mbah Kam ora ngidinake anak turune nenikahan karo anak turune Mbah Dawa. Perkara kang narik kawigaten ing panliten iki amarga tradhisi kasebut isih dilestarekake nganti saiki lan anane unsur legenda kang nyengkuyung kedadeyane tradhisi. Sesambungane karo bab ing dhuwur, nuwuhake anane pitakonan yaiku: (1) kepriye mula bukane mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan ing Kabupaten Tuban? (2) kepriye kapitayane masyarakat Desa Jatisari lan Desa Ngulaan marang Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? (3) apa wae nilai budaya sajrone Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? (4) apa wae fungsine Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan? Tujuwan saka panliten iki yaiku: (1) njlentrehake mula bukane mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan ing Kabupaten Tuban, (2) njlentrehake kapitayane masyarakat Desa Jatisari lan Desa Ngulaan marang Mitos Tradhisi Nenikahan, (3) njlentrehake nilai budaya sajrone Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan, (4) njlentrehake fungsine Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan. Paedahe panliten iki yaiku: (1) panliten iki bisa menehi kawruh menyang pendidikan sastra, lan (2) panliten iki bisa didadekake referensi kanggo panliten sabanjure. Kanggo nganalisis masalah ing panliten iki digunakake konsep teori lan pamawas. Kanggo nganalisis bab mula bukane mitos wewaler nenikahan nggunakake tintingan mitopoik. Kanggo nganalisis kapitayane masyarakat nggunakake pamawase Tondowidjojo. Bab nilai budaya nggunakake pamawase Lantini. Dene kanggo nganalisis fungsi nggunakake pamawase Bascom lan teori reseptif liyane kang diselarasake karo kanyatan kang ana ing masyarakat. Panliten ngenani Mitos Tradhisi Nenikahan antara Desa Jatisari lan Desa Ngulaan iki kalebu panliten kualitatif kang asipat deskriptif kanthi nggunakake tintingan mitopoik. Sumber data sajrone panliten yaiku informan kang dibedakake dadi informan kunci lan informan biyasa. Dene data panliten awujud rerangkene tembung-tembung lan carita saka asil wawancara. Adhedhasar asil panliten diandharake mula bukane carita kang ndhasari mitos wewaler nenikahan antarane Desa Jatisari lan Desa Ngulaan kanthi luwih cetha. Kapitayane masyarakat marang mitos bisa dibedakake antarane masyarakat kang percaya lan ora percaya. Masyarakat kang percaya dijupuk saka asil angket percaya banget, percaya, lan rada percaya. Miturut asil angket masyarakat kang percaya ana 83% dene masyarakat kang ora percaya ana 17%. Wujud nilai budaya kang ana ing sajrone “Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari dan Desa Ngulaan” yaiku: (1) nilai didaktik, (2) nilai etik, lan (3) nilai religius. Fungsi kang ana ing sajrone “Mitos Tradhisi Nenikahan antarane Desa Jatisari dan Desa Ngulaan” yaiku: (1) minangka sistem proyeksi, (2) piranti kanggo ngesahake aturan lan lembaga kabudayan, (3) piranti kanggo panggulawenthah marang anak, (4) piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan-aturan ing bebrayan tetep bisa diugemi lan ditindakake dening anggota kolektif, (5) sarana ngraketake paseduluran, lan (6) sarana nguri-uri kabudayan

    LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK S.A

    Get PDF
        DWI LISTIANINGSIH PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA [email protected]   Abstrak   Basa mujudake sawijining sarana kanggo ngungkapake rasa pangrasa kang diduweni saben-saben pawongan. Kanthi anane basa, manungsa bisa ngungkapake rasa seneng, susah, kuciwa, utawa prihatin sacara lesan lan tulisan. Manungsa uga bisa menehi pambiji lan kritik marang pemerintah utawa kahanan sosial kang dumadi ing masyarakat. Gagasan-gagasan kasebut bisa kawedharake lumantar reriptan sastra. Crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, mujudake salah siji reriptan sastra kang ngemot maneka werna gagasan lan rasa pangrasa saka pangriptane. Sajrone medhar gagasan kasebut, lumrahe pangripta nggunakake maneka werna lelewaning basa, saengga reriptan iku bisa narik kawigatene pamaos. Adhehdasar andharan ing dhuwur, underan panliten saka panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, lan (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nemokake lelewaning basa, mligine majas-majas kang digunakake dening Tiwiek SA sajrone crita sambung Watesing Kasabaran. Adhehdasar andharan ing dhuwur, underan panliten saka panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, lan (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nemokake lelewaning basa, mligine majas-majas kang digunakake dening Tiwiek SA sajrone crita sambung Watesing Kasabaran. Paedahe panliten kanggone sutresna sastra, panliten iki kaajab bisa kanggo tambahan ilmu ngenani lelewaning basa sajrone crita sambung Watesing Kasabaran. Kanggone panliti, panliten iki kaajab bisa dadi sarana mangun wawasan kawruh kang dipikolehi ing pawiyatan, lan minangka acuan sajrone nindakake panliten sabanjure kang ana gegayutane klawan bahan kang bakal dikaji, sarta menehi sumbangan tumrap pangrembakane telaah sastra Jawa modern. Gegayutan klawan tintingan kasebut kandharake konsep lan teori yaiku (1) panliten sadurunge kang saemper, (2) konsep crita sambung, (3) lelewaning basa, (4) majas, lan (5) stilistika. Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki awujud crita sambung Watesing Kasabaran anggitane Tiwiek SA, kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya. Data panlitene yaiku tembung, frase, lan ukara sajrone crita sambung kang ana gegayutane klawan lelewaning basa lan majas. Data-data kasebut diklumpukake kanthi metode waca, cathet, lan pustaka. Sabanjure, data-data kasebut bakal kaandharake kanthi tintingan stilistika. Asil panliten nuduhake yen pangripta, Tiwiek SA, nggunakake maneka werna majas sajrone ngripta crita sambung Watesing Kasabaran. Majas-majas kang paling onjo sajrone crita sambung kasebut yaiku majas perbandingan, penegasan lan sindiran. Saka majas-majas kang kinandhut sajrone crita sambung Watesing Kasabaran, bisa kawawas yen pangripta mujudake sawijining pangripta kang nduweni kaprigelan manjila sajrone olah basa lan olah rasa. Awit saka tembung-tembung lan ukara kang karakit sajrone crita sambung bisa nuwuhake rasa ketarik marang isining crita. Saka basa kang digunakake sajrone crita sambung, pamaos kaya bisa ngrasakake kanthi langsung ekspresi-ekpresi kang diduweni paraga-paragane. Pangripta uga nyoba nggambarake kahanan kang dumadi ing jagad kasunyatan sajrone reriptane. Bab kasebut mujudake wujud rasa peduline pangripta marang kahanan ing masyarakat kang saya owah.    Tembung penting: metafora, personifikasi, simile, anafor

    From demon to deity : Kang Wang in thirteenth-century Jizhou and beyond

    Get PDF
    This essay discusses the cult of a deity known as Kang Wang, worshipped throughout Jizhou in thirteenth-century Jiangxi. The identity of this deity remains to some extent mysterious; many different identifying stories for Kang Wang coexist. Underneath these guises, however, his origins as a fearsome and unnamed demon shine through. I argue that the various representations of Kang Wang must be understood as resulting from the very different agendas of the authors who created those identities, but they all share one aim: covering up the demonic roots of the deity. Providing a name and place of origin for the deity should be seen as attempts to exert authority over this demonic force

    TEMBUNG RANGKEP SAJRONE BASA JAWA DHIALEK PENDHALUNGAN ING KUTHA PROBOLINGGO

    Get PDF
    AbstrakTembung rangkep minangka salah sawijine proses morfologis kang ana ing saben-saben basa. Dhialek Pendhalungan kapilih minangka objek ing skripsi iki amarga objek kasebut mirunggan lan manjila. Mirunggane tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan yaiku amarga nggunakake dhialek Pendhalungan minangka objek panliten. Pendhalungan tuwuh saka rong budaya kang dominan, yaiku budaya Jawa lan Madura. Panutur dhialek Pendhalungan mung ana ing dhaerah Tapal Kuda propinsi Jawa Timur. Dene manjilane tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan yaiku ngandharake kepriye rong budaya kang dominan bisa nuwuhake basa mligine titi tembung kang beda karo liyane.Tembung rangkep kasebut bakal kagayutake karo dhialek Pendhalungan ing kutha Probolinggo, mula underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye wujud tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan; (2) Kepriye guna tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan; lan (3) Kepriye kalungguhane tembung rangkep basa Jawa ing dhialek Pendhalungan. Teori kang kagunaake ing panliten iki yaiku teori transformasi generative kanggo njlentrehake dhata. Dhata kang ditiliti njupuk saka cecaturane basa Jawa dhialek Pendhalungan kang kagunakake wong asli kutha Probolinggo. Panliten iki kalebu panliten linguistik sinkronis krana nliti basa ing wektu tartamtu, yaiku ing jaman saiki. Panliten iki asipat panliten dheskriptif.Wujude tembung rangkep sajrone dhialek Pendhalungan ing kutha Probolinggo kuwi ana 6 (enem) yaiku: (1) tembung kriya lingga; (2) tembung kriya andhahan; (3) tembung aran; (4) tembung kahanan; (5) tembung katrangan; lan (6) tembung wilangan. Guna Tembung Rangkep ing basa Jawa dhialek Pendhalungan ana 4 (papat) yaiku: (1) guna jejer {J}; (2) guna wasesa {W}; (3) guna geganep {G}; lan (4) guna katrangan {K}. Dene, kalungguhan Tembung Rangkep ing basa Jawa dhialek Pendhalungan ana 4 (papat) yaiku: (1) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna jejer ana 2 (loro); (2) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna wasesa ana 7 (pitu); (3) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna geganep ana 2 (loro) lan (4) Kalungguhan redhuplikasi pangisi guna katrangan ana 3 (telu).Tembung-tembung wigati: Tembung rangkep, Pendhalungan, wujud, guna lan kalungguhan

    LEKSIKON UPACARA ADAT ING DESA TAKSIKMADU KECAMATAN WATULIMOKABUPATEN TRENGGALEK

    Get PDF
    Leksikon ing kene minangka kumpulane tembung lan tembung - tembung ing bi dhang tartamtu kang nduweni teges. L eksikon utawa tetembun gan ing B asa Jawa durung dip erang adhedhasar bidhang - bidhange, ing antarane olah tetanen, kesehatan, pertukangan, pendhidhikan, lan sapanunggalane. Salah sawijine yaiku tetembun gan ing pendhidhikan ngenani upacara adat sembon yo . Perangane upacara adat sembon yo yaik u akeh banget, saengga l eksikon utawa tetembungan sajrone upacara adat s embonyo uga akeh. Leksikon ing upacara adat sembonyo kasebut sabanjure bakal digoleki sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike. Adhedhasar bab kasebut, punjere panliten iki yaiku: (1 ) Apa wae jinise lan sipate sesambungan paradhigmatike leksikon upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Keca matan Watulimo? (2) Apa wae jinise lan sipate sesambungan sintagmatike leksikon sajrone upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Keca matan Watuli mo? Tuju wane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake sipat sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike leksikon sajrone upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Kecamatan Watuli mo Kabupaten Trenggalek, saengga bisa kanggo ngerteni maknane leksikon sajrone upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Kecamatan Watuli mo Kabupaten Trenggalek. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis nduweni ciri linguistik saka jinise wektu , asipat dheskriptif, lan asipat horizontal analisis. Dhata sajrone panliten iki yaiku istilah lan tembung - tembung kang digunakake ing upacara adat sembonyo , kang diolehi saka nyemak lan wawancara saka para panutur ing Desa Taksikmadu Kecamatan Watulimo Kabupaten Trenggalek. Dhata kang kasil banjur diklumpu kake diperang a dhedhasar pamerange leksikon ing upacara adat sembonyo. Dhata kasebut banjur dijlentrehake kanthi jlentrehan komponen makna kanggo ngerteni sesambungan paradhigmati ke, banjur dijlentrehake kanthi jlentrehan struktur batin kanggo ngerteni sesambungan sintag matike. Saliyane iku, kanggo mbu ktekake jinise sesambungan sintagmatik uga nggunakake metodhe agih (dhistribusional), mligine teknik ganti (su btitusi). Asile njlen trehake dhata banjur disuguhake kanthi metodhe formal lan informal. Upacara adat sembonyo in g Desa Taksikmadu Kecama tan Watulimo Kabupaten Tren ggaelek kang kasil diklumpukake ana 89 tetembungan lan tembung - tembung sing pakem lan tambahan sajrone upacara adat sembonyo kang dadi limang perangan. Asile panliten iki yaiku, leksikon ing upacara adat s embonyo nduweni sesambungan paradhigmatik kang dijlentrehake lu mantar tabel - tabel saengga bisa digoleki drajad pepadhane. Saliyane iku, uga bisa digoleki tegese tembung - tembunge. Jinise sesambungan paradhigmatik ana loro, hipernim lan hiponim. Adhedhasar j inise sesambungan paradhigmatik kasebut banjur bisa diweruhi sipate tembung kang netep lan ora netep. Sabanjure, jinise sesambungan sintagmatik ana loro, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Adhedhasar jinise sesambungan sintagmatik kasebut, banjur bisa diwe ruhi sipate tembung kang enkapsulatif lan dhistributif. Asile panliten iki nuduhake yen tembung kang asipat netep sajrone sesambungan paradhigmati k bakal nduweni sipat enkapsulatif sajron e sesambun gan sintagmatik. Dene sipate tembung kang ora netep sajrone sesa mbungan paradhigmatik nuduhake sipat kang dhistributif sajron e sesambun gan sintagmatik. Tembung wigati: sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, leksikon, lan upacara adat sembonyo
    • …
    corecore