research

Pengembangan Medhia Animasi Flash Tumrap Katrampilannyemak Ragam Basa Jawa Siswa Kelas VIII SMP Negeri 2 Jombangtaun Ajaran 2017/2018

Abstract

Pengembangan medhia diperlokake banget kanggo ngundhakake katrampilane siswa. Medhia kangdikembangake ing panliten yaiku animasi flash. Medhia animasi flash digunakake kanggo ngundhakakekatrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang. Underan saka panliten iki,yaiku (1) Kepriye proses pengembangan medhia animasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragamBasa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (2) Kepriye efektifitas medhia animasi flash minangkamedhia pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (3) Kepriyetanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangkamedhia pasinaon?. Tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) Ngandharake asile proses pengembangan medhiaanimasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang,(2) Ngandharake efektifitas saka medhia animasi flash minangka medhia pasinaon katrampilan nyemak ragamBasa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang, (3) Ngandharake tanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangka medhia pasinaon.Panliten iki kalebu jinis panliten pengembangan. Modhel pengembangan kang digunakake yaiku R&D(Research & Development). Dhesain panliten kang digunakake ing panliten iki yaiku Quasi Eksperimental Designkanthi wujud nonequivalent control group design. Panliten iki nggunakake telung kelas sampel, yaiku kelas ujiinstrumen (VIII D), kelas eksperimen (VIII I), lan kelas kontrol (VIII J) saka populasi kelas VIII A nganti kelasVIII J. Asil proses pengembangan saka validhator ahli medhia yaiku antuk biji persentase 87% kang ategeskwalitas medhia kagolong “apik banget”. Asil pambiji saka validhator ahli materi yaiku antuk biji persentase86% kang ateges isi materi kagolong “apik banget”. Asil uji coba 1 kelas eksperimen yaiku kelas kangnggunakake medhia animasi flash sajrone pasinaonane. Asil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas eksperimenkang antuk titung = 9,812. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-test kelas eksperimen kang antuk titung = 8,811. Deneasil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas kontrol kang antuk titung = 7,582. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-testkelas kontrol kang antuk titung = 2,177. Dideleng saka asile titung uji coba 1 lan uji coba 2 kang ana ing kelaseksperimen luwih dhuwur tinimbang asile titung kelas kontrol. Asile efektifitas kelas eksperimen lan kelas kontroling uji coba 1 kang antuk titung = 2,801 ≥ ttabel = 2,001, dene ing uji coba 2 kang antuk titung = 2,437 ≥ ttabel 2,004ateges asil titung kasebut signifikan. Mula, bisa didudut yen medhia animasi flash bisa ngundhakake katrampilannyemak ragam Basa Jawa.Asil tanggapane siswa tumrap panganggone medhia animasi flash saka kelas uji instrumen kang antukrata-rata persentasene 85% ateges “apik banget”. Asil respon siswa saka kelas eksperimen kang antuk rata-ratapersentasene 84% ateges kagolong “apik banget”. Yen dideleng saka asil efektifitas lan respon siswa bisa didudutyen medhia animasi flash apik banget kanggo pasinaon nyemak ragam Basa Jawa, siswa ngrasa luwih semangatlan seneng anggone nampa materi nyemak ragam Basa Jawa lan kanthi nggunakake medhia animasi flash bisaluwih kasil anggone nyemak ragam Basa Jawa tinimbang ora nggunakake medhia.Tembung kunci : medhia animasi flash, katrampilan nyemak

    Similar works

    Full text

    thumbnail-image

    Available Versions

    Last time updated on 11/07/2018