1 research outputs found

    WEWATEKANE PARA PARAGA SAJRONING NOVEL NALIKA PRAU GONJING ANGGITANE ARDINI PANGASTUTI (Kajian Struktural)

    No full text
    Abstrak     Novel anggitane Ardini Pangastuti kang diterbitake ing taun 1993 isine ngenani katresnan lan kasetyan sajroning bale somah. Ingkang onja yaiku ngenani wewatekane para paraga sajroning novel. Watek kang onja yaiku watek keras kang diduweni dening paraga utamane. Saliyane iku paraga utama uga nduweni watek kang setya marang sisihane. Adhedhasar saka lelandhesane panliten iku, mula bisa ditetepake underaning panliten, yaiku: (1) kepriye isining novel “Nalika Prau Gonjing”? (2) kepriye wewatekane paraga utama sajroning novel “Nalika Prau Gonjing”? (3) kepriye wewatekane paraga panyengkuyung sajroning novel “Nalika Prau Gonjing”? Ancase sajroning panliten iki yaiku (1) njlentrehake isining novel “Nalika Prau Gonjing”; (2) njlentrehake wewatekane paraga utama sajroning novel “Nalika Prau Gonjing”; (3) njlentrehake wewatekane paraga panyengkuyung sajroning novel “Nalika Prau Gonjing”. Paedahing panliten iki, yaiku: (1) rujukan panliti liya; (2) piwulangsastra; (3) pamaos. Teori struktural kang digawe yaiku teori kang diandharake dening Teeuw (1988:111), lan paraga mitirut panemune Abrams (sajroning Nurgiantoro, 2007:165). Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki yaiku novel “Nalika Prau Gonjing” anggitane Ardini Pangastuti kang terbit taun 1993. Data ing panliten iki yaiku tetembungan lan ukara novel “Nalika Prau Gonjing” kang gegayutan kaliyan paraga. Data kang dikumpulake kanthi cara studi pustaka. Tata cara nganalisis data nggunakake metode analisis deskriptif lan analisis struktural, kang nggunakake teori struktural kang dipunjerake ing perangan paraga lan wewatekane. Asiling panliten iki nuduhake watek paraga ing novel “Nalika Prau Gonjing” kang narik kawigaten lan nuwuhake rasa penasaran. Paraga utama kang ana ing novel yaiku Gino lan Lintang. Kaloro paraga iki ora bisa dipisahake sajroning crita. Watake Gino yaiku tresna, setya lan ora gampang nyerah. Lan watek paraga Lintang kang teguh marang pendiriane lan mandiri, bisa dadi tuladha kanggo wanita ing jaman saiki. Saliyane watek keras,  paraga wanita uga nduweni watek sabar lan sugih pangapura kang uga bisa dadi patuladhan marang wong liya.. Paraga panyengkuyung ing novel ana akeh, antarane ana Bu Padma, Sinung, Mbok Yem, Langit, Tutik, Gimin, Dokter Abimayu, Sekar, Meiske, lan Mbok Supi. Paraga panyengkuyung  nduweni watek kang seje lan nyengkuyung crita sajroning novel Nalika Prau Gonjing. Bu Padma nduweni watek kang sabar lan gaten marang anak
    corecore