162,391 research outputs found
PANGARIBAWANE MEDHIAVIDHEO ANIMASI TUMRAP KAWASISAN NULIS GURITANSISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 SUKORAMETAUN PIWULANGAN2015-2016
Siswa nindakake proses pasinaon lan ngembangake katrampilan basa kang diduweni, kayata katrampilan nulis. Salah sawijine yaiku nggunakake medhia vidheo animasi kanggo mulang supaya sisw a ora bosen, sarta bisa ngrembakake idhe lan nggampangake siswa jalaran medhia kasebut bisa dadi pathokan anggone nulis guritan. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, mula underan panliten iki yaiku, (1) kepriye asile pasinaon nulis guritan tanpa nggunakake vid heo animasi tumrap siswa, (2) kepriye asile pasinaon nulis guritan nggunakake vidheo animasi tumrap siswa, (3) kepriye pangaribawane medhia vidheo animasi sajrone pasinaon nulis guritan kanggone siswa, (4) kepriye proses pasinaon nulis guritan nggunakake m edhia vidheo animasi, lan (5) kepriye respon siswa sajrone proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi. Tujuwan panliten iki, yaiku (1) ngandharake undhake pasinaon nulis guritan tanpa nggunakake medhia vidheo animasi tumrap siswa, (2) n gandharake undhake pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi tumrap siswa, (3) ngandharake pangaribawane medhia vidheo animasi sajrone pasinaon nulis guritan kanggone siswa, (4) ngandharake proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidh eo animasi, lan (5) ngandharake respon siswa sajrone pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi. Paedah saka panliten iki, yaiku (1) kanggo siswa, bisa menehi motivasi lan nggampangake siswa sinau basa Jawa, (2) kanggo guru, bisa mbiyantu guru ngandharake pasinaon, (3) kanggo sekolah, bisa ngundhakake mutu lan kuwalitas sekolah lan pendhidhikan, lan (4) kanggo panliti, bisa nambah wawasan lan kawruh sarta bisa didadekake panliten sabanjure. Panliten iki nduweni konsep, yaiku medhia vidheo anima si, nulis, guritan. panliten iki nggunakake metodhe eksperimen Quisi Experimental Design kanthi disain panliten Control Pre - test - Post - test group design . Sampel kang digunakake yaiku kelas kontrol (VII - C) lan kelas eksperimen (VII - A). Panliten iki ditindaka ke dening panliti kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Adhedhasar panliten 1 lan 2 kang wis ditindakake kelas kontrol minangka kelas kang tanpa nggunakake medhia vidheo animasi ora ana pambeda kang signifikan nalika nindakake pre - test lan post - te st . Adhedhasar pangitungan t - signifikansi efektifitas pamulangan ing panliten 1 lan 2, panliten 1 nuduhake t itung = 0,91< t tabel =1,692, dene efektitas pamulangan panliten 2, yaiku t itung = 1,683 < t tabel =1,692. Adhedhasar asil panliten 1 lan 2 kasebut b isa dingerteni yen panliten kasebut ora signifikan. Panliten ing kelas eksperimen yaiku kelas kang nggunakake medhia vidheo animasi uga ditindakake kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Ana pambeda kang signifikan nalika nindakake pre - test lan pos t - test. Asil pangitungan t - signifikansi efektifitas pamulangan ing panliten 1 nuduhake t itung = 4,02 >t tabel =1,692, dene efektitas pamulangan panliten 2, yaiku t itung = 7,35 > >t tabel =1,692. Asil panliten kang diitung nggunakake uji t ngasilake t itung = 2,42 >1,997 t tabel (0,05 kanthi db = 34+34 - 2= 66) ing panliten 1 lan ing panliten 2 uji t ngasilake t itung = 2,82> 1,997 t tabel (0,05 kanthi db = 34+34 - 2= 66). Mula bisa diweruhi yen H o ditolak lan H a ditampa ateges ana pambeda kang signifikan antarane kel as kontrol kang ora nggunakake medhia vidheo animasi lan kelas eksperimen kang nggunakake medhia vidheo animasi. Proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi ana aktivitas guru lan siswa. Adhedhasar asil pengamatan kang ditindakake dening panliti ing panliten kapisan ing kelas kontrol lan kelas eksperimen kang nuduhake yen rata - rata bijine 83, tegese kagiyatan mau ditindakake kanthi apik. Asil pengamatan kang kapindho nuduhake yen rata - rata bijine 85, tegese kagiyatan mau ditindakake kanth i apik. Adhedhasar angket kang diwenehake dening guru marang siswa nuduhake yen ana respon kang positif kabukti saka presentase jawaban saka soal 85% siswa sarujuk banget yen nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi kuwi bab kang anyar, lan ana 15% s iswa kang uga sarujuk. 15% siswa sarujuk banget yen medhia kang dinggo nduweni paedah, ana 85% siswa kang sarujuk. Medhia vidheo animasi nduweni pangaribawa kang signifikan antarane kelas tanpa nggunakake medhia vidheo animasi (VII - C), lan kelas kang nggu nakake medhia vidheo animasi (VII - A). Tembung Wigati : vidheo animasi, kawasisan, nulis guritan
TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan)
Tradhisi Suran Agung ing Petilasan Nyai Lambang Kuning minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing desa Nglambangan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun. Tradhisi Suran Agung ing petilasan Nyai Lambang Kuning iki ditindaka ke dening masyarakat Nglambangan saben setaun pisan yaiku nalika mapag sasi Sura. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye mula bukane legendha sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ing desa Nglambangan; (2) Tadhisi - tradhisi apa wae kang ana ing petilas an N yai L ambang K uning ; (3) Apa wae makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung ; (4) Nilai - nilai budaya apa wae kang kinandhut ing T radhisi S uran A gung ; (5) Kepriye fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Kepriye owah - owahan sajrone T radhisi S ura n A gung . Tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake mula bukane legendha petilasan N yai L ambang K uning sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ; (2) Njlentrehake wujud - wujude tradh isi kang ana ing petilasan N yai L ambang K uning . (3) makna lan simbol k ang kinandhut sajrone T radhisi S uran A gung ; (4) Njlentrehake nilai - nilai budaya sajrone T radhisi S uran A gung ; (5) Njlentrehake fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Njlentrehake owah - owahan kang dumadi ing tradhisi sajrone T radhisi S uran A gung . Paedah kang b isa dijupuk saka panliten iki yaiku, (1) Nambahi kawruh lan informasi marang pamaca ngenani wujude T radhisi S uran A gung kang ana ing Desa Nglambangan; (2) Nilai - nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung lan tradhisi bisa digunakake kanggo nikelake lan uga mangun karaktere masyarakat; (3) Owah - owahan dingerteni kanggo ngandharake pambeda - pambeda sajrone T radhisi S uran A gung kang ngrembaka wiwit jaman biyen nganti jaman saiki; (4) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Nglambangan ing babagan bud aya supaya tansah dijaga lan diuri - uri. Landhesan titingane yaiku konsep folklor, konse p tradhisi konsep makna lan simbol nggunakake yaiku teori semiotik peirce . N ilai budaya nggunakake konsep Latini kang diperang dadi telu, yaiku nilai dhidhaktik, nilai etik, lan nilai religius. Fungsi Tradhisi Suran Agung nggunakake teori modhifikasi saka Malinowski, William R. Bascom, lan Alan Dundes. Owah - owahan kang dumadi sajrone T radhisi S uran A gung nggunakake konsep Danandjaja lan Koentjaraningrat. P anliten ik i ngg unakake metodhe dheskriptif kualitatif komparatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder . Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni Tradhisi S uran A gung , dene sumber dhata sekund er yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Asile panliten iki nuduhake yen T radhisi S uran A gung nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Slametan Widak Kubra, Tahlilan utawa istighozah, kirab tumpeng Boga War sa lan Kirab Pusaka. Hiburan ing kene ana pagelaran langen beksa utawa tayuban lan uga wayangan. Ubarampe panjangkeping adicara kang digunakake sajrone T radhisi S uran A gung , yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, jenang baro - baro, jadah, reng ginang, ingkung, kembang, pala p endhem lan sapanunggalane. Wujud nilai budaya ana telu, yaiku: (1) Nilai dhidhaktik; (2) Nilai etik; (3) Nilai religius. Fungsi sajrone T radhisi iki, yaiku: (1) Minangka alat proyeksi; (2) Minangka alat pangesahan budaya; (3 ) Minangka sarana pendhidhikan; (4) Minangka alat pengendhali sosial; (5) Minangka alat kanggo nentremake ati; (6) Minangka sarana kanggo ngalab berkah; (7) Minangka alat hiburan; lan (8) Fungsi Ekonomi. Owah - owahan kang dumadi sajrone tradhisi , yaiku duma di ing ubarampe lan sesajen kang digunakake sajrone adicara Suran Agung. Tembung wigati: Suran Agung, Nyai Lambang Kunin
- …