121,605 research outputs found

    TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan)

    Get PDF
    Tradhisi Suran Agung ing Petilasan Nyai Lambang Kuning minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing desa Nglambangan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun. Tradhisi Suran Agung ing petilasan Nyai Lambang Kuning iki ditindaka ke dening masyarakat Nglambangan saben setaun pisan yaiku nalika mapag sasi Sura. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye mula bukane legendha sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ing desa Nglambangan; (2) Tadhisi - tradhisi apa wae kang ana ing petilas an N yai L ambang K uning ; (3) Apa wae makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung ; (4) Nilai - nilai budaya apa wae kang kinandhut ing T radhisi S uran A gung ; (5) Kepriye fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Kepriye owah - owahan sajrone T radhisi S ura n A gung . Tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake mula bukane legendha petilasan N yai L ambang K uning sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ; (2) Njlentrehake wujud - wujude tradh isi kang ana ing petilasan N yai L ambang K uning . (3) makna lan simbol k ang kinandhut sajrone T radhisi S uran A gung ; (4) Njlentrehake nilai - nilai budaya sajrone T radhisi S uran A gung ; (5) Njlentrehake fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Njlentrehake owah - owahan kang dumadi ing tradhisi sajrone T radhisi S uran A gung . Paedah kang b isa dijupuk saka panliten iki yaiku, (1) Nambahi kawruh lan informasi marang pamaca ngenani wujude T radhisi S uran A gung kang ana ing Desa Nglambangan; (2) Nilai - nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung lan tradhisi bisa digunakake kanggo nikelake lan uga mangun karaktere masyarakat; (3) Owah - owahan dingerteni kanggo ngandharake pambeda - pambeda sajrone T radhisi S uran A gung kang ngrembaka wiwit jaman biyen nganti jaman saiki; (4) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Nglambangan ing babagan bud aya supaya tansah dijaga lan diuri - uri. Landhesan titingane yaiku konsep folklor, konse p tradhisi konsep makna lan simbol nggunakake yaiku teori semiotik peirce . N ilai budaya nggunakake konsep Latini kang diperang dadi telu, yaiku nilai dhidhaktik, nilai etik, lan nilai religius. Fungsi Tradhisi Suran Agung nggunakake teori modhifikasi saka Malinowski, William R. Bascom, lan Alan Dundes. Owah - owahan kang dumadi sajrone T radhisi S uran A gung nggunakake konsep Danandjaja lan Koentjaraningrat. P anliten ik i ngg unakake metodhe dheskriptif kualitatif komparatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder . Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni Tradhisi S uran A gung , dene sumber dhata sekund er yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Asile panliten iki nuduhake yen T radhisi S uran A gung nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Slametan Widak Kubra, Tahlilan utawa istighozah, kirab tumpeng Boga War sa lan Kirab Pusaka. Hiburan ing kene ana pagelaran langen beksa utawa tayuban lan uga wayangan. Ubarampe panjangkeping adicara kang digunakake sajrone T radhisi S uran A gung , yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, jenang baro - baro, jadah, reng ginang, ingkung, kembang, pala p endhem lan sapanunggalane. Wujud nilai budaya ana telu, yaiku: (1) Nilai dhidhaktik; (2) Nilai etik; (3) Nilai religius. Fungsi sajrone T radhisi iki, yaiku: (1) Minangka alat proyeksi; (2) Minangka alat pangesahan budaya; (3 ) Minangka sarana pendhidhikan; (4) Minangka alat pengendhali sosial; (5) Minangka alat kanggo nentremake ati; (6) Minangka sarana kanggo ngalab berkah; (7) Minangka alat hiburan; lan (8) Fungsi Ekonomi. Owah - owahan kang dumadi sajrone tradhisi , yaiku duma di ing ubarampe lan sesajen kang digunakake sajrone adicara Suran Agung. Tembung wigati: Suran Agung, Nyai Lambang Kunin

    NILAI PATRIOTISME SAJRONE NOVEL NYAI AGENG SERANG ANGGITANE S. SASTROATMODJO

    Get PDF
    Abstrak   Novel NAS minangka novel sejarah kang bisa nggugah semangat perjuwangan militansi lan solidaritas, amarga nyeritakake perjuwangan pahlawan nasional wanodya idola Indonesia yaiku Nyai Ageng Serang. Novel NAS iki saliyane weneh panglipur kang madradani, pranyata uga ngandhut tepa palupi kang becik lan migunani tumrap bebrayan. Metodhe panliten iki deskriptif kualitatif kanthi pendekatan struktural, teknik pangumpulan dhatane metodhe pustaka dene teknik analisis dhatane metodhe hermeunitika. Asil panliten struktur novel NAS yaiku temane patriotisme, alur maju, paraga utama Nyai Ageng Serang kang disengkuyung dening paraga tambahan liyane, latar panggonan bebarengan karo latar wektu. Latar sosiale nggambarake kepriyayian sarta tata carane mikir lan nandhangi prakara. Nilai patriotismene yaiku,(1) solidaritas (pasedhuluran) nyakup tulung-tinulung lan gotong royong; (2) Pro Patria lan primus patrialis kagambarake lelabuhan kanthi pengabdhian sarta setya tumrap negara lan pandhegane;(3) toleransi dituduhake kanthi tepa slira; (4) tanpa pamrih kagambarake amanah, tanggung jawab, lan lila kurban; (5) satriya dituduhake kanthi kendel, tangguh, wicaksana, blaka, gedhe pangapura, optimis, lan welas asih. Sesambungane nilai sejarah novel NAS lan crita Nyai Ageng Serang minangka pelaku sejarah Indonesia, yaiku Nyai Ageng Serang sajrone novel lan ing kanyatan sejarah Indonesia nduweni prinsip antikolonial kuwat lan gedhe jiwa patriotismene. Tembung wigati: nilai, patriotisme, sastra sejarah, novel sejarah, lan historis. Abstrak   Novel NAS sebagai novel sejarah yang bisa menggugah semangat perjuangan militansi dan solidaritas, karena menceritakan perjuangan pahlawan nasional wanita idola Indonesia yaitu Nyai Ageng Serang. Novel NAS ini selain memberi hiburan yang menarik hati, ternyata juga mengandung suri teladan yang baik dan berguna bagi masyarakat. Metode penelitian ini deskriptif kualitatif dengan pendekatan struktural, teknik pengumpulan datanya metode pustaka sedangkan teknik analisis datane metode hermeunitika. Hasil penelitian struktur novel NAS yaiku temanya patriotisme, alur maju, tokoh utama Nyai Ageng Serang  yang didukung oleh tokoh tambahan lainnya, latar tempat bersamaan dengan latar waktu. Latar sosialnya menggambarkan kebangsawanan serta tata cara berpikir dan bersikap dalam masalah. Nilai patriotismenya yaitu, (1) solidaritas (kekeluargaan) mencakup tolong-menolong dan gotong royong; (2) pro patria dan primus patrialis digambarkan perjuangan dengan pengabdian serta setia terhadap negara dan pemimpinnya; (3) toleransi ditunjukkan dengan tenggang rasa; (4) tanpa pamrih digambarkan amanah, tanggung  jawab, dan rela berkorban; (5) ksatria ditunjukkan dengan  berani, tangguh, bijaksana, jujur, pemaaf, optimis, dan peduli. Hubungannya nilai sejarah novel  NAS dan cerita Nyai Ageng Serang sebagai pelaku sejarah Indonesia yaitu, Nyai Ageng Serang dalam novel dan di kenyataan sejarah Indonesia mempunyai prinsip antikolonial kuat dan jiwa patriotismenya tinggi. Kata Kunci: nilai, patriotisme, sastra sejarah, novel sejarah, dan historis

    RELIGIUSITAS SAJRONE NOVEL KUPU WENGI MBANGUN SWARGA ANGGITANE TULUS S

    Get PDF
    Abstrak Sawijine karya sastra sing becik bisa menehi kawruh ngenani saperangan bab sing ana ing njero uripe manungsa mligine urip manungsa sing nduweni sambung rapet karo bab kareligiusitasan. Akehe saperangan karya sastra sing nggambarake unsur religiusitas disebabake saka rapete hubungan antarane karya sastra lan religiusitas. Sawijine karya sastra bisa menehi gambaran ngenani uripe manungsa ing saben dinane, jangkep karo perkara lan rubeda sing dialami manungsa kayata tumindak sedheng, korupsi, konflik sosial, lan sapanunggalane. Padha dene novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S uga ngandhut ngenani unsur religiusitas. Religiusitas sing dirembug ana ing njero panliten iki yaiku ngenani religiusitas langsung lan religiusitas ora langsung sing digambarake ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Pendhekatan sing digunakake yaiku pendhekatan sosiologi sastra. Dhata sing digunakake ing njero panliten iki awujud pethikan tembung, ukara sarta dhialog antar paraga sing ana ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Sumber dhata sing digunakake ing njero panliten iki dijupuk saka novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Teknik nglumpukake dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku studi dokumentasi awujud teks novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Ancas panliten iki yaiku kanggo ngandharake gambaran religiusitas sing ana ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Asil saka panliten ngenani bab religiusitas sajrone novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S diperang dadi rong rembugan antarane (1) Wujud tumindak religiusitas otentik sajrone novel yaiku iman, eling marang Gusti, pasrah, urip rukun lan bekti marang wong tuwa (2) Wujud tumindak religiusitas agamis sajrone novel yaiku sembahyang, ngaji, ibadah haji, lan sodakoh. Rong rembugan kasebut nggambarake ngenani upaya kang ditindakake manungsa supaya luwih cedhak marang Gusti kang Maha Kuwasa. Tembung Wigati: religiusitas, religiusitas langsung, religiusitas ora langsung, lan novel KWMS

    KACINTRAKAN SAJRONE NOVEL GEMPOL ANGGITANE TULUS S (TINTHINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

    Get PDF
    Abstrak Kacintrakan minangka salah sawijine wujud kahanan sosial ing masyarakat sing kerep dicritakake dening sastrawan sajrone novel minangka wujud penghayatan tumprap panguripan ing sakupenge. Novel gempol minangka salah sawijine karya sastra sing nggambarake kahanan sosial masyarakat. Ancas saka panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S. Tintingan sing digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan sosiologi sastra. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe kualitatif dheskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novel Gempol anggitane Tulus S. Wujud dhata panliten yaiku awujud tembung, ukara, lan wacana. Tatacara nglumpukake dhata nggunakake teknik maca cathet lan teknik dokumen. Dhata kang disuguhake arupa dheskripsi ngenani gegambaran kacintrakan sajrone novel Gempol. Asil saka panliten iki yaiku dhata sing awujud tembung lan ukara kang nuduhake anane kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S sing banjur diperang dadi telu, yaiku (1) kepriye kahanan sosial bebrayan masyarakat sajrone novel Gempol anggitane Tulus S, (2) kepriye kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S, lan (3) kepriye pamawase panganggit sajrone novel Gempol anggitane Tulus S. Saka dhata sing ana nuduhake yen anane kacintrakan sing dumadi sajrone novel Gempol anggitane Tulus S. Tembung Wigati : Kacintrakan, Kahanan Sosial, Gempol, Nove

    RASA KUWATIR SAJRONE NOVEL LEDHEK SAKA ERENG-ERENGE GUNUNG WILIS ANGGITANE TULUS S (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD)

    Get PDF
    Sakabehe manungsa nduweni pepenginan utawa id. Pepenginan kasebut bisa kasembadan lumantar ego lan bisa dijaga lumantar superego. Saka katelu kapribaden kasebut bisa nuwuhake masalah kapribaden ana ing kajiwane manungsa. Novel kanthi irah-irahan Ledhek saka Ereng-erenge Gunung Wilis kang kacekak LSEGW, nyritakake lelakone paraga utama Lastri kang nduwe masalah kajiwan awujud rasa kuwatir. Rasa kuwatir kasebut tuwuh amarga sajrone pepenginan utawa id, ego, lan superego ora laras lan ora sadalan. kadadeyan kasebut ndadekake rasa katentremane Lastri antuk tekanan lan ndadekake Lastri kadunungan masalah kajiwan. Dheweke nggunakake cara kanggo ngatasi rasa kuwatir kasebut kanthi cara mekanisme pertahanan ego. Adhedhasar landhesan kasebut, underan panliten iki yaiku: (1) kepriye wujud struktur kapribaden, (2) wujud masalah kajiwan arupa rasa kuwatir (3) mekanisme pertahanan ego sajrone novel LSEGW anggitane Tulus Setiyadi. Tujuwan saka panliten ngandharake (1) struktur kapribaden (2) wujud masalah kajiwan rasa kuwatir (3) upaya paraga nggunakake mekanisme pertahanan ego sajrone novel LSEGW anggitane Tulus Setiyadi. Dene paedah saka panliten yaiku nambahi kawruh tumrap pamaca, ngrembakake kritik analisis sastra mligine ana ing kajian psikologi sastra, sarta asile panliten diajab bisa kanggo seserepan ilmu sabanjure. Teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku teori psikoanalisis Sigmund Freud. Panliten iki kalebu panliten kwalitatif kang nggunakake metodhe analisis dheskriptif . Sumber panliten kang digunakake yaiku dhata primer kang arupa novel LSEGW anggitane Tulus Setiyadi, dene dhata sekunder kanggo nintingi novel kasebut yaiku teori psikoanalisis Sigmund Freud. Dhata panliten iki yaiku pethikan ukara, swasana, lan kadadeyan. Dene tata cara nglumpukake dhata yaiku kanthi teknik pustaka, maca, cathet lan klasifikasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara nintingi struktur kapribaden, masalah kajiwan arupa rasa kuwatir lan mekanisme pertahanan ego paraga. Banjur nggawe dudutan saka sakabehing analisis dhata. Asil saka panliten kang kapisan bisa didudut yen paraga Lastri minangka paraga kang nduweni superego kang kuwat amerga nengenake kasunyatan lan kautaman ana ing panguripane senadyan akeh banget tekanan kang ngincim kajiwane. anane kontrol sosial uga mangaribawani id-e supaya bisa dikendhalekake dening superego. Sesambungan id klawan ego lan superego nuwuhake asil kang kapindho. Asil kapindho yaiku masalah kajiwane Lastri kang arupa rasa kuwatir. Rasa kuwatir kaperang dadi telu yaiku rasa kuwatir neurotis, moral, lan realistis. Rasa kuwatire Lastri kang paling onjo yaiku rasa kuwatir neurotis. Lastri ora yakin lan ora manteb marang pamikiran lan lakune dhewe. Mula bisa nyrimpeti laku panguripane lan nuwuhake telung rasa kuwatir mligine rasa kuwatir neurotis. Rasa kuwatir neurotis kaperang dadi telung perangan yaiku rasa bingung, sumelang lan sedhih. Asil panliten Katelu, kanggo ngatasi rasa kuwatir supaya ora kedlarung-dlarung lan ora ngincim kajiwane, Lastri nggunakake cara mekanisme pertahanan ego kang kaperang dadi telu yaiku represi, proyeksi, rasionalisasi. Sistem kang paling onjo yaiku sistem proyeksi amerga Lastri bisa menehi gegambaran utawa panemu saka pamikirane kang kuwat supaya bisa ditrima dening wong liya. Tembung wigati: Rasa kuwatir, Neurotis, lan Superego

    KONFLIK KULAWARGA SAJRONE NOVEL KEMBANG GAMBOJA JINGGA ANGGITANE TULUS. S (Tintingan Struktural Genetik)

    Get PDF
    ABSTRAK Novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi uga mujudake crita fiksi. Crita fiksi kang ana ing novel iki ora mung minangka imajinasi saka pangripta nanging uga kaprabawan saka kahanan kang ana ing sakiwa tengene pangripta. Kang narik kawigaten panliti saka novel KGJ yaiku konflik novel kasebut. Underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye unsur pamangune sastra sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi? (2) Kepriye wujud konflik internal, konflik ekternal lan akibat saka konflik sajrone novel KGJ? (3) Apa kang njalari Tulus Setiyadi ngripta novel KGJ kanthi akeh nuwuhake konflik?. Ancasing panliten iki yaiku: (1) Ngandharake unsur pamangune sastra sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi. (2) Ngandharake wujud konflik internal, konflik ekternal lan akibat saka konflik sajrone novel KGJ anggitane Tulus setiyadi. (3) Ngandharake apa kang njalari Tulus Setiyadi ngripta novel KGJ kanhi akeh nuwuhake konflik. Paedah saka panliten iki yaiku: (1) Bisa dadi pambanding saengga bisa narik kawigaten kanggo panliten sabanjure. (2) Panliten iki diajab bisa nambahi piwulangan ngenani kasusastran jawa mligine novel. (3) Bisa nambahi kawruh ngenani sastra, mligine bab teori strukturalisme genetik. Panliten iki ngunakake teori strukturalisme genetik. Metodhe panliten kang digunakake yaiku panliten kualitatif kang kaandharake kanthi cara dheskriptif. Sumber kang digunakake yaiku KGJ anggitane Tulus Setiyadi. Teknik pangumpulaning dhata yaiku nggunakake teknik kapustakan lan wawancara. Asiling panliten iki yaiku: (1) Isi novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi yaiku ngenani konflik. Konflik kasebut uga kasengkuyung kanthi anane tema minor yaiku katresnan lan tumindak sedheng kang dilakoni paraga utama. Papan sajrone novel KGJ yaiku ing warung, omah lan rumah sakit. Pangripta sajrone novel KGJ ngunakake sudut pandang persona katelu lan nggunakake alur maju mundur utawa alur campuran. (2) Wujud konflik internal sajrone novel KGJ yaiku rasa nelangsa, sujana, kapeksa, gela. Wujud konflik ekternal yaiku pakaryan, konflik karo wong tuwa, kagodha wanodya liya. Akibat saka konflik kang dialami paraga sajrone novel KGJ yaiku rasa getun, rasa sedhih, rasa lara ati, sarwa kurang. (3) Lingkungan sosial pangripta nduweni sesambungan marang karya sastra kang diripta, uga pangaribawa saka pangripta. Novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi kanthi konflik kasebut minangka asil karyane pangripta kang diripta saka pengalaman lan lingkungane. Pangripta duweni daya imajinasi lan uga kreatifitas kang bisa ndadekake pengalaman pribadhi lan lingkungan sosial kasebut bisa nuwuhake crita novel wutuh lan nengsemake. Tembung Wigati : Strukturalisme genetik, Novel KG

    TINDAK TUTUR PAMIT ING PASRAWUNGAN MASYARAKAT DESA MACANBANG, KECAMATAN GONDANG, KABUPATEN TULUNGAGUNG

    Get PDF
    Abstrak Pamit minangka salah sawijine tindak tutur sing kerep diomongake tumrap sapa wae, ora ndeleng wong tuwa utawa enom, wong dhuwur pangkate utawa cendhek pangkate. Panliti milih tindak tutur pamit amarga pamit iku kerep lan mesti ditindakake dening sapa wae lan ing ngendi wae. Jinise tindak tutur pamit akeh banget saengga perlu ditliti lan dingerteni kepriye tindak tutur pamit iku dhewe lumaku ing masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung. Panliten iki ngenani (1) Apa wae wujude tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung adhedhasar cara medharake? (2) Apa wae wujude tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung adhedhasar pananggape mitratutur?. Tujuwan panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung adhedhasar cara medharake lan pananggepe mitratutur. Panliten tindak tutur pamit sajrone masyarakat asipat deskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku langsung saka rekamane panliti lan saka cathetan-cathetan ngenani tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang Tulungagung. Dhata sajrone panliten iki yaiku ukara-ukara kang diwedharake dening penutur lan mitratutur. Sajrone panliten iki nggunakake tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe simak lan metodhe cakap. Sakabehe dhata ing panliten iki minangka wujude tindak tutur pamit. Dhata-dhata kasebut dijlentrehake kanthi metodhe formal yaiku ngandharake kanthi nggunakake tandha-tandha lan lambang. Asil panliten kaperang dadi loro yaiku adhedasar cara medharake lan pananggape mitratutur. Adhedhasar cara medharake kaperang dadi papat yaiku blaka langsung, blaka ora langsung, samudana langsung, lan samudana ora langsung. Adhedhasar pananggape mitratutur kaperang dadi papat yaiku ditampa sarana basa, ditampa sarana tumindak, ditampik sarana basa lan ditampik sarana tumindak

    Modeling and Simulation of a University LAN in OPNET Modeller Environment

    Get PDF
    Academia has peculiar networking needs that must be satisfied for effective dissemination of knowledge. The main purpose of a campus network is efficient resource sharing and access to information among its users. A key issue with designing and implementing such Local Area Networks (LAN) is its performance under ever increasing network traffic, and how this is affected by various network metrics such as latency and end-to-end delay. Implementation of network systems is a complex and expensive task; hence network simulation has become essential and has proven to be cost effective and highly useful for modeling the desired characteristics and analyzing performance under different scenarios. As well as providing useful prognosis of future network performance based on current expansion dynamics. We present in this paper the simulation and analysis of the Covenant University campus LAN in the OPNET Modeler environment
    • …
    corecore