41,064 research outputs found

    The moral preconditions for friendship: a middle ground between Aristotle, Cicero, and Nehamas

    Full text link
    Submitted to Ian D. Dunkle for CAS PH 110 A1 Great Philosophers on Friendship and Solitude at Boston University, Spring 2019. Selected by classmates and the professor for publication in this special collection for the course in OpenBU

    PARAGA-PARAGA SAJRONE CERBUNG SAWISE ANA SUMPAH ANGGITANE ESMIET : TINTINGAN PSIKOLOGI KEPRIBADIAN SKINNER

    Get PDF
        Fajar Hardiana Candra Dewi Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])   Abstrak Cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet mujudake crita kang narik kawigaten, mligine ing babagan wewatakane paraga kang bisa njalari anane solah bawa. Solah bawane paraga bisa ndadekake anane prakara sajrone uripe. Cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet iki nggambarake bedane wewatakane paraga siji lan liyane, saka anane wewatakan kang beda iku bisa ndadekake solah bawa kang asipat positip lan negatip gumantung saka panguwat lingkungane. Mula saka kuwi, cerbung kasebut ditintingi nggunakake psikologi sastra, mligine psikologi kepribadian Skinner. Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning panliten iki yaiku: (1) kepriye wewatakane paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet? lan (2) kepriye masalah kajiwan paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet miturut teori psikologi kepribadiane Skinner? Panliten iki nduweni ancas, yaiku: (1) ngandharake wewatakane paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet lan (2) ngandharake masalah kajiwan paraga-paraga sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet miturut teori psikologi kepribadiane Skinner. Panliten iki kagolong panliten kualitatif kanthi nggunakake metode deskriptif. Sumber data panliten iki yaiku sawijining cerbung, kanthi irah-irahan Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat no. 24 sasi Juni 1997 nganti no. 45 sasi Nopember taun 1997. Data awujud kutipan-kutipan saka cerbung kang arupa tembung, ukara, wacana kang ngemot katrangan-katrangan kang gegayutan karo wewatakane paraga lan ngenani problem psikologis paraga-paragan sajrone cerbung Sawise Ana Sumpah anggitane Esmiet. Tata cara panglumpuking data kang digunakake ing panliten iki yaiku teknik pustaka. Tata cara pangolahing data ing panliten iki yaiku nggunakake teknik deskriptif-analisis. Andharan saka asiling panliten, bisa didudut kang kapisan yaiku wewatakane saben paraga kang kawawas saka solah bawane paraga kang nuduhake ala lan apik. Solah bawa kang ala disengkuyung kanthi negatip lan solah bawa kang apik disengkuyung kanthi positip, gumantung saka lingkungan panguwate. Kapindho yaiku masalah kajiwan kang ana sajrone uripe paraga. Masalah iku bisa kawujud saka solah bawane paraga. Solah bawane paraga ing cerbung Sawise Ana Sumpah bisa kawawas saka sangang aspek yaiku pranatan solah bawa, kamardikan, kamulyan, ukuman, alternatif saka ukuman, pambiji, evolusi kabudayan, rancangan kabudayan, lan ilange konsep manungsa otonom. Pranatan solah bawa ora bisa kawujud yen ana solah bawa kang arupa kebebasan lan kamulyan

    DIKSI SAJRONE CERKAK ING ANTOLOGI LINTANG ALIT ANGGITANE SUMONO SANDY ASMORO

    Get PDF
    Abstrak Crita cekak mujudake karya sastra kang awujud gancaran, kang asipat fiksi , kang critane d icritakake sarwa ringkes. Cerkak bisa narik ka w igatene pamaca krana cerkak ora mbutuhake wektu kang akeh anggone maca. Basa kang ana sajrone cerkak, ora mung nggunakake basa lumrah wae nanging uga nggunakake basa kang endah lan bisa aweh nilai estetik. Mit urut Teeuw (1984:1) ngandharake, menawa karya sastra iku kalebu saka salah sawijine wujud seni kang nggunakake basa minangka pirantine. Basa kang digunakake sajrone karya sastra ora mung nganggo basa lumrah utawa padinan nanging uga nganggo basa endah kang ngandhut pamilihe tembung (diksi) utawa lelewane basa. Basa kang endah mujudake basa kang ora lumrah digunakake ing saben dina. Basa kang endah mujudake basa kang ngemu kekarepane panganggit. Semono uga basa kang digawe sajrone antologi cerkak Lintang Ali t anggitane Sumono Sandy Asmoro, antologi kasebut minangka objek panliten iki kanthi nggunakake tintingan stilistika. Lelandhesan panliten kasebut dadi dhasar anane underan panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA anggita ne SSA?, (2) kepriye milih sumber diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?, (3) kepriye sipate diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?. Panliten ngenani pamilihe tembung sajrone cerkak ing antologi LA anggitane SS A mujudake sawijine panliten kang asipat sinkronis lan jinis dheskriptif. Dhata kang digunakake yaiku dhata kang arupa tembung, frasa, klausa, ukara kang ana sajrone cerkak antologi LA lan sumber dhata panliten iki yaiku cerkak ing antologi LA. Instrumen u tama kang digunakake yaiku panliti ing panliten iki dhewe. Instrumen kang dadi panyengkuyung panliten iki yaiku piranti kang arupa buku, pulpen, laptop, lsp. Carane nglumpukake dhata ing panliten iki, yaiku nggunakake teknik waca, cathet lan studi kapustak an. Carane njlentrehake dhata sajrone panliten iki, yaiku migunakake metode analisis kualitatif deskriptif. Dene, tata cara panulisane asile panliten kanthi informal. Asil panliten kang kapisan, ngenani wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA kang nga silake rong cara ing antarane (1) konvensional , lan (2) inkonvensional . Asil panliten kang kapindho, ngenani sumbere diksi cerkak ing antologi LA diperang dadi loro, yaiku (1) ragam ngoko (2) ragam krama. Wujud diksi kang asring digunakake dening panganggi t kanthi cara konvensional yaiku arupa tembung entar lan pepindhan. Dene kanthi cara inkonvensional asring nggunakake tembung basa Indonesia dipeksa dadi tembung basa Jawa. Sumbere diksi sajrone antologi LA asring nggunakake ragam ngoko. Asil panliten kang pungkasan utawa katelu, ngenani sipate diksi sajrone cerkak ing antologi LA diperang dadi telu, yaiku (1) sosial, (2) spiritual lan (3) estetik. Sipat diksi kang asring digunakake dening panganggit yaiku sipat sosial lan sipat estetik. Tembung wigati : d iksi, cerkak, stilistik

    MITOS LAN MISTIS SAJRONING CRITA SILAT DREDAH ING PADHEPOKAN SUKMA ILANG ANGGITANE WIDODO BASUKI

    Get PDF
    MITOS LAN MISTIS SAJRONING CRITA SILAT DREDAH ING PADHEPOKAN SUKMA ILANG ANGGITANE WIDODO BASUKI Alfiatus Solikhah, Dra Sri Sulistiani, M.Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected] Abstrak   Crita silat Dredah Ing Padhepokan Sukma Ilanganggitane Widodo Basukinyritakake paraga Jayakusuma minangka pemudha sing maguru ing Padhepokan Sukma Ilang. Kanthi kasektene, Jayakusuma bisa numpes angkara murka kang ditindakake paraga Glugut Bumi kang gawe dredah. Kabeh lakune crita ora bisa uwal saka anane mitos lan mistik kang gegayutan karo panguripane masyarakat Jawa. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, tujuwane panliten iki yaiku(1) Njlentrehake wujud wangunaning carita sajrone crita silat DIPSI,(2) Njlentrehake wujud mitos kang dipercaya dening masyarakat sajrone crita silat kasebut, lan (3) Njlentrehake wujud mistis kang ngrembaka sajrone crita silat kasebut. Ancangan panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif amrih bisa menehi gambaran kang gamblang lan objektif ngenani mitos lan mistis sajrone crita silat DIPSI. Sumber data sajrone panliten iki yaiku crita silat kanthi irah-irahanDredah ing Padhepokan Sukma Ilang angggitane Widodo Basukiditerbitake dening Penerbit Paramarta taun 2013. Teori kang digunakake minangka landhesan kanggo mawas prakara-prakara mau yaiku tintingan antropologi sastra kang diandharake dening Ratna. Data-data kang digunakake sajrone panliten arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana kang ana ing sajrone DIPSI mligine kang nggambarake wujude carita, mitos, lan mistis. Tata cara panglumpuking data sajrone panliten iki nggunakake teknik pustaka lan wawancara. Asile panliten iki bisa didudut telung bab kang laras karo underane panliten. (1) Wujud wangunaning carita sajrone crita silat ditintingi saka paraga lan pamaragan, lan tema. Ora kabeh paraga kang dirembug, nanging kapilih enem paraga kang luwih asring dikatonake ing saben babak carita lan dadi punjere prakara. Sabanjure ngenani tema dibedakake dadi loro miturut jinise, yaiku tema mayor lan tema minor. Tema mayor kang kinandhut yaiku tema  masyarakat Jawa ora bisa uwal saka anane mitos. Dene tema minor ana lima, yaiku tema katresnan sejati, tema panguripane masyarakat padesan, tema pangurbanan, tema kasetyan, lan tema kawicaksanan. (2) Wujud mitos kang dipercaya dening masyarakat sajrone crita silat DIPSI ana papat, yaiku percaya marang petilasan (petilasane Celeng Srenggi, lan Guwa Gambir), sirikan, dina becik kanggo nindakake pakaryan, lan percaya marang pralambang impen. (3) Wujud mistis kang ngrembaka sajrone crita silat DIPSI bisa kawawas kanthi anane: asung sesaji kanggo ngurmati para leluhur, kedadeyan kang medeni, ilmu gaib kang nuwuhake kasekten, bangsa alus kang njaga sawijining papan, kesurupan, pusaka minangka samubarang kang nduweni kasekten, semedi bisa nuwuhake katentremaning jiwa langegambaran kasampurnaning urip. Babagan kasebut isih ngrembaka sajrone panguripane masyarakat Jawa, mligine sajrone crita silat DIPSI

    Pangrembakane Media Animasi Gambar Ing Pasinaon Nyemak Crita Cekak Siswa Kelas VII SMP Negeri 3 Nganjuk Taun Ajaran 2012/2013

    Full text link
          ABSTRAK   Salah sijine cara kanggo nguwasani uga njaga lestarine basa kasebut yaiku kanthi disinaoni lan digunakake nalika sesrawungan ing lingkungan kulawarga, masyarakat lan sekolah. Mula saka iku, basa Jawa didadekake mata pelajaran muatan lokal wajib kanggo sekolah-sekolah ing Jawa Timur. Materi muatan lokal basa Jawa nyakup patang aspek katrampilan basa yaiku nyemak, micara, maca, lan nulis. Nyemak mujudake salah siji saka katrampilan basa kang wigati lan kudu diduweni dening para siswa. Siswa kelas VII SMP Negeri 3 Nganjuk minangka objek panliten, mujudake siswa kang ora seneng karo pasinaon sing monoton, sing ndadekake bosene siswa saengga ora nduweni greget kanggo sinau basa jawa. Mula saka iku, panulis bakal mbiyantu guru kanthi ngrembakakake media pasinaon kanthi migunakake media animasi gambar kanggo lelantaraning guru medharake materi pasinaon lan menehi fasilitas proses pasinaon supaya nggampangake siswa nampa lan mangerteni materi sing diwulangake. Panliten pangembangan media sadurunge uga ana kang ngembangake media kanggo katrampilan nyemak (Ulfa Rahmawati, 2008. “Pengembangan Media Flash ing Piwulangan Nyemak Drama Tradhisional Jawa Siswa Kelas VIII SMP Muhammadiyah 4 Surabaya Taun Ajaran 2011-2012”). Media kang digunakake uga meh padha, bedane panliten sadurunge nggunakake media audiovisual, dene ing panliten iki nggunakake media animasi gambar minangka pangembangan saka media audiovisual. Media audiovisual kang dikembangake ing kene yaiku animasi gambar kang awujud foto.   Rancangan model panliten kang digunakake sajrone pangembangan animasi gambar sajrone materi nyemak crita cekak yaiku rancangan model pangembangan miturut pamawase Sadiman. Model panliten pangembangan kasebut ana 7 tahap yaiku idhentifikasi kabutuhan lan karakteristik siswa, ngrumusake tujuwan, ngrumusake butir- butir materi, ngembangake alat pangukur kanggo asil sinaune siswa, nulis naskah media, nindakake tes lan revisi, lan produksi. Rancangan panliten pangembangan kasebut nggunakake metode panliten kualitatif kang arupa data verbal kang dijupuk saka asil observasi. Kanggo asil tes lan angket nggunakake metode kuantitatif kang dianalisis kanthi rumus-rumus statistik.   Asil saka panliten iki nuduhake kepriye proses pangrembakane media animasi gambar wiwit idhentifikasi kabutuhane siswa, nganti tumekan media animasi gambar siyap produksi sing dikemas ing sajrone kaset CD. Media animasi gambar dibiji kanthi nduweni kuwalitas sing kalebu ing kategori apik banget. Dibuktekake saka asil validasi media dening ahli media kang menehi biji rata-rata 84 kanggo aspek komponen konstruksi perangkat lunak, lan uga biji rata-rata 84 kanggo aspek komunikasi visual. Saka pambijine validasi materi menehi pambiji kanthi biji rata-rata 86 marang aspek komponen kompetensi, lan biji rata-rata 84 marang aspek pangandharane media.   Efektifitas media animasi gambar sing dimangerteni saka asil pangamatan aktivitas guru lan aktivitas siswa, respon siswa, lan dijangkepi karo asil tes sinau siswa nggunakake media animasi gambar. Saka pangamatan aktivitas guru nuduhake biji rata-rata kang apik banget kanthi persentase rata-rata 84%, lan pangamatan aktivitas siswa uga nuduhake biji apik banget kanthi persentase rata-rata 80,6. Pambiji saka siswa uga diolehake saka asil angket respon siswa kang njangkepi kompetensi, kanthi skor rata-rata 2,63. Ing pasinaon nggunakake media animasi gambar 1 biji rata-ratane siswa kelas VIIA yaiku 76,21, biji kasebut kalebu kriteria apik. Ing kelas VIID nalika nggunakake media animasi gambar 1 ngolehake biji rata-rata 72,03 uga kalebu ing kriteria apik. Ing panganggone media animasi                       gambar 2, ing kelas VIIA ngolehake biji rata-rata kelas 78,7 kriteriane apik, lan ing kelas VIID ngolehake biji rata- rata 80,07. Saka iku nuduhake menawa biji rata-ratane siswa saya apik lan saya mundhak nalika nggunakake media animasi gambar

    Piranti Kohesi Gramatikal Sajrone Rubrik Gambang Suling Kalawarti Jaya Baya Taun 2015

    Full text link
    Piranti Kohesi Gramatikal Sajrone Rubrik Gambang Suling Kalawarti Jaya Baya Taun 2015 1 PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015 Jenitasari Santoso S - 1 Pendidikan Bahasa dan Sastra D aerah, FBS, UNESA dan jenitasantoso@hotmail .com Pembimbing Prof. Dr. Udjang Pairin, M.Pd. Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA Abstrak Panliten iki nduweni sipat kang mligi yaiku nintingi objek panliten arupa wacana dheskriptif basa Jawa saka perangan wujude. Mligine marang sesambungan gramatikal wac ana wae. Wujud tegese bleger fisik wacana kasebut, panliten iki ora nggepok senggol marang makna kang dikandhut dening wacana sacara utuh. Objek panliten kang dipilih awujud wacana dheskriptif yaiku rubrik gambang suling kalawarti Jaya Baya taun 2015. Rubr ik iki manggon ana kaca ngarep saengga dadi punjer kawigaten pamacane. Panliten iki bakal dadi wangsulan saka perkara kepriye pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya ta hun 2015. Ancase panliten iki kanggo ngerteni pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya tahun 2015. Analisis dhata adhedhasar teori kohesi kang diandharake dening Hallida y lan Hasan. Metodhe panliten kang digunakake mujudake metodhe agih. Teknik kang digunakake yaiku teknik andum perangan sacara langsung. Teknik lanjutan arupa teknik ganti, teknik lesap, lan teknik waca tandha. Teknik ganti digunakake kanggo mbuktekake pad hanan perangan kang diganteni lan perangan gegantine sajrone kohesi substitusi. Teknik lesap digunakake kanggo mbuktekake padhanan karo perangan kang dilesapake. Teknik waca tandha digunakake kanggo mahami sesambungan antar ukara lan paragraf. Asil saka pa nliten ngenani kohesi gramatikal iki yaiku piranti kohesi gramatikal kang cac a he papat kasebut digunakake kabeh. Patang piranti kasebut nyakup pangener, subtitusi, ellipsis lan konjungsi. Piranti sing paling akeh digunakake yaiku pangener persona kang nggu nakake tembung sesulih pandarbe { - e} lan { - ne}. Piranti kohesi liyane kang uga asring ditemokake yaiku konjungsi temporal. Piranti kohesi gramatikal liyane uga ditemokake nanging ora asring kaya pangener persona kang nggunakake tembung sesulih pandarbe { - e } lan { - ne}, lan konjungsi temporal

    RAGAM BASA BOCAH BALITA ING TK AL-HIDAYAH WONOREJO IIKECAMATAN SRENGAT KABUPATEN BLITARTINTINGAN SOSIOPRAGMATIK

    Get PDF
    abstrak Basa minangka piranti kang wigati kanggo sesambungan. Kanthi anane sesambungan mula nuwuhe anane ragam basa. Ragam basa yaiku maneka warna variasi basa kang disebabake amarga anane panutur sing ora homogen lan maneka interaksi sosial kang dilakoni. Ragam basa kasebut bisa ditemokake sajrone tuturane bocah balita ing TK AL - Hidayah Wonorejo II Kecamatan Srengat Kabupaten Blitar. Adhedhasar andharan kasebut punjere panliten iki yaiku (1) Ragam basa apa wae kang d igunakake bocah balita ing TK AL - Hidayah Wonorejo II Kecamatan Srengat Kabupaten Blitar? (2) Tembung (diksi) apa wae kang digunakake sajrone cecaturane bocah balita ing TK AL - Hidayah Wonorejo II Kecamatan Srengat Kabupaten Blitar? (3) Kepriye tata pangucap e tembung kang digunakake sajrone cecaturane bocah balita ing TK AL - Hidayah Wonorejo II, lan (4) Apa wae tujuwan penganggone basa kang digunakake bocah balita nalika cecaturan karo mitra tuture ing TK AL - Hidayah Wonorejo II? Panliten iki kagolong panliten basa kang asipat deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa tuturane bocah balita TK AL - Hidayah Wonorejo II. Panliten iki nggunakake metodhe simak kanggo nglumpukake dhata. Teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku teori sosiopra gmatik. Asil saka panliten iki yaiku (1) Ragam basa kang digunakake dening bocah balita ing TK AL - Hidayah Wonorejo II yaiku ragam Jawa - Indonesia, Indonesia - Jawa, Arab - Jawa, Jawa - Inggris, Indonesia - Inggris, ragam kasar lan ragam dialek. (2) Tembung kang dig unakake dening bocah balita kasebut yaiku niru penganggone tembung wong kang ana sakiwa tengene. (3) Tata pangucape bocah balita ing TK kasebut, saperangan isih durung sampurna. Prekara kasebut bisa dideleng nalika saperangan bocah balita ngucapake fonem / r/ dadi /l/, /l/ dadi /r/, /s/ dadi /c/, /dh/ dadi /t/, lan s/ dadi /ts/. (4) Tujuwan penganggone basa kang digunakake bocah balita kasebut nalika cecaturan karo mitra tuture yaiku tujuwan berita (deklaratif) , pitakon (interogatif) , lan pakon (imperatif) . Tembung - tembung sing wigati: Ragam Basa, Bocah Balita, Sosiopragmatik
    • …
    corecore