2 research outputs found

    LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANENARYATA: Tintingan Stilistika

    Get PDF
    ABSTRAK      Geguritane Naryata karakit kanthi premati lan ngati-ati. Anggone ngracik ide, imajinasi lan anggone nulis kanthi basa kang endah, nuduhake yen tataran lan teknik nulis wis kecekel ing tangane. Geguritan-geguritane uga kebak tema sosial-masyarakat kang kebak dening pituduh lan gegambaran ngaurip. Nitik saka kahanan iku, panulis nduweni anggepan yen isi geguritane kasebut banget narik kawigaten kanggo ditliti lan dianalisis. Underaning panliten sajroning panliten iki yaiku : (1) Kepriye wujud lan teges panganggone lelewaning basasajroning geguritan anggitane Naryata? (2) Kepriye maknanetumrap geguritan anggitane Naryata? Tujuwaning panliten iki kanggo medharake reroncening tetembungan sajroning geguritan anggitane Naryata kang ngandhut style lan njlentrehake makna apa wae kang bisa didudut saka geguritan-geguritan anggitane Naryata sajroning Antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping kanthi: (1) Ngandharake wujud lan teges panganggone lelewaning basasajroning geguritan anggitane Naryata; (2) Ngandharake maknane tumrap geguritan anggitane Naryata. Paedah ing panliten iki dikarepake bisa aweh sumbangan tumrap pangrembakane jagading sastra, babagan kritik sastra, mligine sastra kang awujud fiksi, lan bisaa nambahi seserepan saka panliten sadurunge utamane kang nggunakake tintingan kang sairib karo panliten iki. Uga asil panliten iki dikarepake bisa dadi salahsawijine referensi sastra, amarga salahsawijine jinis utawa genre karya sastra kang awujud geguritan iki mujudake geguritan basa Jawa kang bisa digunakake dadi piranti kanggo nguri-uri sastra Jawa lan dikarepake bisa nepungake bebrayan agung marang anane sastra Jawa. Kagiyatan panliten iki nggunakake rancangan metode deskriptif kualitatif. Panliten iki nduweni obyek sepuluh geguritane Naryata kang kaimpun sajroning Antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping Lamongan kanthi pendekatanstilistika. Data ing panliten iki dikumpulake kanthi cara teknik wacan, nyathet lan metode kapustakan. Ing babagan tatacara pangolahing data, panliten iki nggunakake pendekatanstilistika. Asil panliten iki nuduhake yen lelewaning basakang onja lan katon digunakake sajroning geguritan anggitane Naryata sajroning antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping kang nggunakake basa kias kaperang dadi 14 ing antarane, yaiku: (1) Klimaks, (2) Asidenton, (3) Polisidenton, (4) Metonimia, (5) Anafora, (6) Pleonasme, (7) Repetisi, (8) Retoris, (9) Sinekdoke, (10) Alegori, (11) Alusio, (12) Metafora, (13) Personifikasi, lan (14) Hiperbola. Dene lelewaning basa purwakanthikaperang dadi: (1) Purwakanthi Guru Sastra, (2) Purwakanthi Guru Swara. Makna kang kasil kadudut saka geguritan anggitane Naryata ing antarane ngenani urip sabendina, sejatining urip lumrah manungsa, katresnan kang sejati, lan apa wae kang samestine kudu dilakoni dening manungsa ing jaman modern iki. Kuncine tembung : geguritan, stilistika, Lelewaning Basa&nbsp

    corecore