42,885 research outputs found

    TINDAK TUTUR ILOKUSI SAJRONE MEDHIA WHATSAPP GRUP 2015 B BAKAL KANGEN

    Get PDF
    ABSTRAK Tindak tutur ilokusi mujudake perangan saka tindak tutur. Tindak tutur ilokusi yaiku salah sawijine tumindak kanthi ngandharake samubarang. Panliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake lan njlentrehake tindak tutur ilokusi apa wae kang kedadeyan sajrone medhia whatsapp grup 2015 B bakal kangen. Underaning perkara sajrone panliten iki ana loro, yaiku (1) Tindak tutur ilokusi apa wae kang kedadeyan sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen?, lan (2) Tema apa kang karembug ing tindak tutur ilokusi sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen?. Panliten iki kalebu jinis panliten sinkronis kang nduweni sipat dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku tuturan kang ana ing sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen. Dhata sajrone panliten iki yaiku tuturan sajrone medhia wahtsapp kang ngandhut tindak tutur ilokusi. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe simak lan metodhe nyatet. Tindak tutur ilokusi uga diperang dadi limang perangan kang nduweni fungsi komunikatif yaiku asertif, direktif, ekspresif, komisif, lan deklaratif. Adhedhasar analisis panliten iki ngasilake dhata yaiku tindak tutur ilokusi miturut fungsi komunikatif mung saperangan wae kang kedadeyan sajrone whatsapp grup 2015 B bakal kangen, yaiku tindak tutur ilokusi asertif ( nyatakake, nyaranake, membual, nguda rasa, lan ngeklaim), direktif(pesen, mrentah, mohon, menehi nasehat, lan saran), lan ekspresif ( atur panuwun, atur bagya, njauk pangapura, nyalahake, muji, lan belasungkawa). Dhata ngenani tindak tutur ilokusi sekabehane kang ana sajrone whatsapp grup 2015 bakal kangen ana 50 dhata. Tembung wigati: tindak tutur, ilokusi, whatsap

    SESAMBUNGAN SINTAGMATIK SAJRONEJENENGE BOCAHING KECAMATAN SARADAN KABUPATEN MADIUNKANG LAIR TAUN 2010-2015

    Get PDF
    Jeneng kalebu salah sijine jinise panganggone te ges. Jeneng yaiku tembung kanggo nyebut utawa nyeluk wong. Panggolonge jeneng ing panliten iki adhedhasar wujude, yaiku jeneng kang awujud tembung camboran, frase, lan aneksi. Telung perangan kasebut banjur digoleki sesambungan sintagmatike. Adhedhasar ba b kasebut, punjere panliten iki yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik kang asipat enkapsulatif sajrone jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015? (2) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik kang asipat dhist ributif sajrone jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015? Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sesambungan sintagmatik kang asipat enkapsulatif lan dhistributif sajrone jenenge bocah ing Kecama tan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Dhata k asebut diolehi saka nyatheti jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Sabanjure, dhata kasebut dijlentrehake kanthi jlentrehan struktur batin kanggo ngerteni sesambungan sintagmatike. Jenenge bocah sing kasil diklumpu kake ana 200, kang kaperang adhehdasar wujude. Jeneng kang awujud tembung camboran ana 120, frase ana 45, lan aneksi ana 35. Asile panliten iki nuduhake yen jeneng nduweni sesambungan sintagmatik kang dijlentrehake lumantar tabel - tabel, saengga diweruhi ji nise sesambungan sintagmatik kang cacahe ana 2, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Tembung wigati : sesambungan sintagmatik, jeneng, bocah

    SESAMBUNGAN SINTAGMATIK SAJRONEJENENGE BOCAHING KECAMATAN SARADAN KABUPATEN MADIUNKANG LAIR TAUN 2010-2015

    Get PDF
    Jeneng kalebu salah sijine jinise panganggone te ges. Jeneng yaiku tembung kanggo nyebut utawa nyeluk wong. Panggolonge jeneng ing panliten iki adhedhasar wujude, yaiku jeneng kang awujud tembung camboran, frase, lan aneksi. Telung perangan kasebut banjur digoleki sesambungan sintagmatike. Adhedhasar ba b kasebut, punjere panliten iki yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik kang asipat enkapsulatif sajrone jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015? (2) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik kang asipat dhist ributif sajrone jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015? Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sesambungan sintagmatik kang asipat enkapsulatif lan dhistributif sajrone jenenge bocah ing Kecama tan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Dhata k asebut diolehi saka nyatheti jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Sabanjure, dhata kasebut dijlentrehake kanthi jlentrehan struktur batin kanggo ngerteni sesambungan sintagmatike. Jenenge bocah sing kasil diklumpu kake ana 200, kang kaperang adhehdasar wujude. Jeneng kang awujud tembung camboran ana 120, frase ana 45, lan aneksi ana 35. Asile panliten iki nuduhake yen jeneng nduweni sesambungan sintagmatik kang dijlentrehake lumantar tabel - tabel, saengga diweruhi ji nise sesambungan sintagmatik kang cacahe ana 2, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Tembung wigati : sesambungan sintagmatik, jeneng, bocah

    NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA SISWA KELAS VIII B SMPN 3 NGUNUT KANTHI DOLANAN KARTU TEBAK AKSARA TAUN PAMULANGAN 2015/2016

    Get PDF
    SRI RUMINI (13020114094),  Prof. Dr. UDJANG PAIRIN M. BASIR, M.Pd Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected] ABSTRAK Adhedhasar KTSP ketrampilan nulis Jawa klebu salah sawijine ketrampilan kang kudu dikuwasani murid. Panliten iki munjerake ing materi nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara, kelas VIII B SMP Negeri 3 Ngunut. Murid kelas VIII B kasebut minangka sumber data ing panliten iki, nduweni kawasisan kang kurang ing babagan nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara. Undheraning panliten iki yaiku kepriye ngundhakake ketrampilan guru, aktivitas siswa lan ngundhakake pasinaon siswa ing sajrone piwulangan nulis aksara Jawa nganggo sandhangan swara. Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake undhak – undhakane keaktifan guru, siswa lan undhakake asi pasinaon. Manfaat panliten iki yaiku kanggo panliti dhewe, kanggo guru lan kanggo siswa. Panliten iki nggunakake teknik permainan tebak aksara yaiku metode kang nggunakake kartu minangka medhiane lan nuntut murid supaya bisa nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara. Panliten iki kaperang dadi 2 siklus kanthi sapatemon saben sikluse. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiatan, nindakake kegiatan, observasi, lan refleksi. Panliten iki nggunakake metode deskriptif kuantitatif lan teknik ngumpulake data nggunakake observasi, tes, lan lembar cathetan kanthi pangolahe data nggunakake statistik deskriptif. Asile panliten iki nuduhake yen asile piwulangan murid ing materi nulis aksara jawa kanthi sandhangan swara saya ningkat sawise digunakake teknik permainan tebak aksara. Kanthi biji katuntasan minimal 70 lan katuntasan kelas kudu nggayuh 80%, ing siklus I ana 15 murid kang tuntas, dene 19 murid kang durung tuntas. Rata – rata klas kang digayuh yaiku 69,7% lan persentase ketuntasan maksimal nggayuh 55,9%. Ing siklus II murid kang tuntas dadi 28 murid, dene 6 murid durung tuntas. Rata – rata klas nggayuh 80,08%. Aktivitase guru ing siklus I mung antuk persentase 63.3%, ing siklus kang pungkasan utawa siklus II persentasine saya ningkat dadi 81.67%. Aktivitase murid ing siklus I mung kasil nggayuh persentase 57.5%, lan ing siklus II, persentasene saya ningkat dadi 82.5%. Anane owah-owahan ing asile evaluasi murid sarta aktivitas guru lan murid bisa disimpulake yen teknik permainan tebak aksara bisa ningkatake kawasisan nulis aksara Jawa kanthi aksara swara murid kelas VIII B SMP Negeri 3 Ngunut

    From demon to deity : Kang Wang in thirteenth-century Jizhou and beyond

    Get PDF
    This essay discusses the cult of a deity known as Kang Wang, worshipped throughout Jizhou in thirteenth-century Jiangxi. The identity of this deity remains to some extent mysterious; many different identifying stories for Kang Wang coexist. Underneath these guises, however, his origins as a fearsome and unnamed demon shine through. I argue that the various representations of Kang Wang must be understood as resulting from the very different agendas of the authors who created those identities, but they all share one aim: covering up the demonic roots of the deity. Providing a name and place of origin for the deity should be seen as attempts to exert authority over this demonic force

    Ngundhakake Kawasisan Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik Siswa Klas IX F SMPN 3 Kertosono Taun Ajaran 2015/2016

    Get PDF
    Agus Wiyono, Dr. Surana, S.S., M.Hum. Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Abstrak   Adhedhasar kanyatan kang ana ing lapangan, akeh guru kang rumangsa kangelan anggone mulangake bab kang gegayutan karo karya sastra, mligine tembang. Bab iki dijalari salah sijine amarga guru uga kurang seneng marang tembang, utawa bisa dijalari amarga guru kurang nguwasai cara mulang tembang kanggo siswane. Adhedhasar dhata evaluasi sajrone nulis siswa klas IX F SMPN 3 Kertosono semester I isih sangisore Kriteria Ketuntasan Minimal (KKM) yaiku 76. Meruhi kanyataan kasebut, perlu dianakake upaya kanggo ngundhakake kawasisan siswa anggone nulis tembang macapat ing sekolah. Metodhe pasinaon kang cocog digunakake yaiku metodhe teks akrostik. Metodhe teks akrostik yaiku cara kang ditindakake guru kanggo nggampangake siswa anggone ngeling-eling sawijining materi kanthi migunakake huruf ing wiwitan, tengah lan pungkasaning sawijining ukara utawa frasa tartamtu. Mula adhedhasar maneka andharan kang wis jlentrehake sadurunge, mula panliten iki bakal migunakake metodhe teks akrostik sajrone nulis tembang. Paneliti bakal nindakake penelitian tindakan klas kanthi irah-irahan “Ngundhakake Kawasisan Nulis Tembang Macapat kanthi Metodhe Teks Akrostik Siswa Klas IX F SMPN 3 Kertosono Taun Ajaran 2015/2016”. Ancase panliten yaiku: 1. Mangerteni sepira undhak-undhakane kawasisan siswa klas IX F sajrone pasinaon nulis tembang macapat kanthi metodhe teks akrostik. 2. Mangerteni sepira undhak-undhakane aktivitas siswa klas IX F sajrone pasinaon nulis tembang macapat. 3. Mangerteni sepira undhak-undhakane kawasisan guru sajrone pasinaon nulis tembang macapat ing klas IX F. Sajrone ngumpulake dhata migunakake patang teknik yaiku observasi, dokumentasi, catatan lapangan lan tes. Analisis dhata digunakake kanggo ngidentifikasi ana utawa orane masalah. Teknik analisis dhata kang digunakake yaiku teknik deskriptif  lan prosentase. Adhedhasar asil panliten kawasisan nulis tembang macapat kanthi metodhe teks akrostik kang wis ditindakake panliti ing kelas IX F SMPN 3 Kertosono taun ajaran 2015/2016, bisa didudut saperangan bab, kayata:1. Kawasisan siswa nulis tembang macapat mundhak, saka rata-rata ing siklus I 68.44 mundhak dadi 75.53 ing siklus II. Kanthi prosentase ketuntasan 65% ing siklus I lan mundhak dadi 86% ing siklus II. Yen adhedhasar indikator keberhasilan panliten kang netepake 80% siswa kang tuntas sajrone nulis tembang macapat, mula panliten iki kalebu kasil ditindakake. 2. Aktivitas siswa ana undhak-undhakan, saka rata-rata aktivitas siswa 15.59 lan presentase keberhasilan 65% kanthi kategori B (Apik ) ing siklus I, mundhak dadi 17.91 lan presentase keberhasilan 74% kanthi kategori B (Apik ) ing siklus II. 3.  Kawasisan guru mundhak, saka rata-rata skor 22 kategori B (Apik ) lan presentase keberhasilan 61% ing siklus I mundhak dadi 29 kanthi presentase keberhasilan 81% kanthi kategori A (Apik Banget) ing siklus II.&nbsp

    UNDHAKAN KAWASISAN NGARANGĀ  TEMBANG MASKUMAMBANG KANTHIĀ  METODHE DEMONSTRASI KELAS IX B SMP NEGERI 14 MADIUN TAUN 2015

    Get PDF
    Yohana Lilis Suryani, Dr. Surana, S. S. M. Hum.  Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Baasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected]   Abstrak   Adhedhasar pengamatan siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun ora bisa ngarang tembang Maskumambang kanthi apik amarga ana panyebabe yaiku :1) Perbawane jaman globalisasi kang ditandhani kemajuan teknologi njalari tembang macapat ora digatekake dening para siswa, 2) Sistem pelestarian budhaya daerah kang kurang kuwat. Adhedhasar lelandhesan kang wis kaandharake mula ditentokake underane panliten yaiku: (1) Kepriye kagiyatan aktivitase guru jroning ngajarake ngarang tembang Maskumambang  marang siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun? (2) Kepriye tangkepe  siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun tumprap pasinaon ngarang tembang Maskumambang? (3) Kepriye undhak-undhakane asil pasinaon tembang Maskumambang sawise nggunakake metodhe dhemonstrasi ? Kanggo ngawekani siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun  ora bisa ngarang tembang Maskumambang panliti nggunakake metodhe demonstrasi yaiku sawijining metodhe pasinaon kang nggunakake paragan kanggo upaya njelasake sawinjining pangerten utawa kanggo njelasake prosese sawijine perkara.        Ana undhak-undhakan asil saben kagiyatan sakwise nggunakake metodhe  Demonstrasi, saka kagiyatan aktivitase guru ana undhakan-undhakan  saka 77 % dadi 87%, dadi ana undhakan 10 %, kagiyatan siswa saka 67 % dadi 81%, dadi ana undhakan  14%, dene asil pambiji post test  saka 95 % dadi 100 % dadi ana  undhak-undhakan 5 % undhak-undhakan mau jalaran guru ngugemi asil kekurangane saka siklus I lan nindhakake kegiyatan luwih kanthi luwih apik maneh. Tembung kang wigati: ndhakan kawasisan, ngarang  tembang Maskumambang , metodhe demonstras

    KONFLIK ING JAGADING PAMULANGAN SAJRONE "ANTOLOGI CERKAK TRUBUS KANG MRANGGAS" ANGGITANE TIWIEK S.A.

    Get PDF
    Endang Telasih Rahayu PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA   ABSTRAK   Antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. iki kasusun saka sepuluh cerkak-cerkak anggitane Tiwiek S.A. kang sakabehe wis tau kapacak ing majalah Basa Jawa (Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Mekar Sari) kang terbit antarane taun 1980 tumeka taun 2005. Cerkak-cerkak sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki nyaritakake kahanan jagading pamulangan kang kagambarake ing paraga-paraga kang ngalami konflik-konflik ing jagading  pamulangan. Adhedhasar landhesan panliten kasebut, kajupuk underaning panliten, yaiku (1) kepriye konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) kepriye konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. lan (3) kepriye pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak iku. Saka underaning panliten iku, mula tujuwane panliten yaiku (1)  Ngandharake konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) Ngandharake konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. lan (3) Ngandharake pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak mau. Panliten iki kaajab bisa asung paedah, yaiku menehi sumbangan tumrap panliten sastra kanthi tintingan struktural mligine cerkak. Ndadekake majune jagading kritik sastra mligine ngenani tintingan struktural, uga bisa didadekake sumber-sumber kanggo pasinaonan tumrap sastra ing babagan apresiasi sastra. Panliten iki ngandharake konflik-konflik kang dumadi ing jagading pamulangan minangka unsur kang mirunggan sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas. Mula ing kene titingan sastra kang salaras kanggo ngonceki underaning panliten yaiku tintingan struktural. Tintingan struktural digunakake kanggo nintingi sakabehing bab kang nduweni sesambungan struktur karya sastra yaiku unsur intrinsik karya sastra. Panliten sastra iki nggunakake metode deskriptif kualitatif kang ngandharake objek kang ditliti. Sumber data kang digunakake yaiku antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. Data-data kang digunakake sajroning panliten arupa ukara-ukara lan pachelathon kang nggambarake kahanan konflik kang dumadi. Kanggo nglumpukake data kang dibutuhake kanggo panliten sastra iki, nggunakake metode waca lan cathet. Asiling panliten iki salaras karo underaning panliten kang nuduhake yen konflik kang dialami dening paraga sajrone antologi cerkak yaiku konflik internal kang bisa nuwuhake rasa mamang lan rasa kuwatir. Uga ana konflik eksternal awujud konflik sosial antar-indhividhu, konflik antarane jabatan lan keluwarga, lan konflik karana jabatan. Saliyane konflik kang dialami dening paraga, pamungkasing konflik dipungkasi kanthi maneka warna yaiku kanthi cara pasrah, ngukuhi jejibahan, lan wicaksana. Pamungkasing konflik sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki luwih akeh kang awujud sad ending utawa dipungkasi kanthi cara sedhi
    • ā€¦
    corecore