1 research outputs found

    KONFLIK KULAWARGA SAJRONE NOVEL KEMBANG GAMBOJA JINGGA ANGGITANE TULUS. S (Tintingan Struktural Genetik)

    Get PDF
    ABSTRAK Novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi uga mujudake crita fiksi. Crita fiksi kang ana ing novel iki ora mung minangka imajinasi saka pangripta nanging uga kaprabawan saka kahanan kang ana ing sakiwa tengene pangripta. Kang narik kawigaten panliti saka novel KGJ yaiku konflik novel kasebut. Underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye unsur pamangune sastra sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi? (2) Kepriye wujud konflik internal, konflik ekternal lan akibat saka konflik sajrone novel KGJ? (3) Apa kang njalari Tulus Setiyadi ngripta novel KGJ kanthi akeh nuwuhake konflik?. Ancasing panliten iki yaiku: (1) Ngandharake unsur pamangune sastra sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi. (2) Ngandharake wujud konflik internal, konflik ekternal lan akibat saka konflik sajrone novel KGJ anggitane Tulus setiyadi. (3) Ngandharake apa kang njalari Tulus Setiyadi ngripta novel KGJ kanhi akeh nuwuhake konflik. Paedah saka panliten iki yaiku: (1) Bisa dadi pambanding saengga bisa narik kawigaten kanggo panliten sabanjure. (2) Panliten iki diajab bisa nambahi piwulangan ngenani kasusastran jawa mligine novel. (3) Bisa nambahi kawruh ngenani sastra, mligine bab teori strukturalisme genetik. Panliten iki ngunakake teori strukturalisme genetik. Metodhe panliten kang digunakake yaiku panliten kualitatif kang kaandharake kanthi cara dheskriptif. Sumber kang digunakake yaiku KGJ anggitane Tulus Setiyadi. Teknik pangumpulaning dhata yaiku nggunakake teknik kapustakan lan wawancara. Asiling panliten iki yaiku: (1) Isi novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi yaiku ngenani konflik. Konflik kasebut uga kasengkuyung kanthi anane tema minor yaiku katresnan lan tumindak sedheng kang dilakoni paraga utama. Papan sajrone novel KGJ yaiku ing warung, omah lan rumah sakit. Pangripta sajrone novel KGJ ngunakake sudut pandang persona katelu lan nggunakake alur maju mundur utawa alur campuran. (2) Wujud konflik internal sajrone novel KGJ yaiku rasa nelangsa, sujana, kapeksa, gela. Wujud konflik ekternal yaiku pakaryan, konflik karo wong tuwa, kagodha wanodya liya. Akibat saka konflik kang dialami paraga sajrone novel KGJ yaiku rasa getun, rasa sedhih, rasa lara ati, sarwa kurang. (3) Lingkungan sosial pangripta nduweni sesambungan marang karya sastra kang diripta, uga pangaribawa saka pangripta. Novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi kanthi konflik kasebut minangka asil karyane pangripta kang diripta saka pengalaman lan lingkungane. Pangripta duweni daya imajinasi lan uga kreatifitas kang bisa ndadekake pengalaman pribadhi lan lingkungan sosial kasebut bisa nuwuhake crita novel wutuh lan nengsemake. Tembung Wigati : Strukturalisme genetik, Novel KG
    corecore