1 research outputs found

    KABUTUHAN BATIN SAJRONE TEKS FILM ZIARAH ANGGITANE BW PURBA NEGARA (TINTINGAN PSIKOLOGI ABRAHAM MASLOW)

    Get PDF
    Film Ziarah yaiku sawijine karya sastra kang diripta dening BW Purba Negara. Teks film Ziarahnyritakake ngenani motivasi kang disandhang dening paraga-paragane. Motivasi kasebut digawe nggayuhkabutuhan kang durung bisa dicukupi. Salah sawijine jinis kabutuhan kang kepengin digayuh yaikukabutuhan batin. Teori ngenani kabutuhan lan motivasi kanggo nggayuh maneka jinis kabutuhan dirembugdening Abraham Maslow sajrone psikologi humanistik. Mula saka iku, teks film Ziarah anggitane BW PurbaNegara bakal ditliti nggunanake teori psikologi humanistik Abraham Maslow.Underaning panliten iki yaiku (1) kepriye gegambaran kabutuhan batin sajrone teks film Ziarahanggitane BW Purba Negara?, (2) Kepriye upaya kanggo nggayuh kabutuhan batin sajrone teks film Ziarahanggitane BW Purba Negara?, lan (3) Kepriye kahanane paraga sawise nyukupi kabutuhan batin sajrone teksfilm Ziarah anggitane BW Purba Negara?. Adhedhasar underan kasebut, ancas saka panliten iki, yaiku: (1)Ngandharake gegambaran kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah anggitane BW Purba Negara, (2)Ngandharake upaya kanggo nggayuh kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah anggitane BW Purba Negara,lan (3) Ngandharake kahanane paraga sawise nyukupi kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah anggitaneBW Purba Negara. Sakabehane iku mau kaajab bisa kanggo kawruh tumrap masyarakat ngenani psikologi.Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata kang digunakake yaiku teks filmZiarah. Tata cara kanggo nglumpukake dhata yaiku kanthi maca, nyathet, lan riset kapustakan. Dhata kangwis cumepak bakal diolah kanthi urut lan runtut, wiwit nyathet nganti ndudut saka asil analisis dhata.Asil panliten kaping pisan ngenani gegambaran kabutuhan batin minangka kabutuhan tresna, yaiku(1) kasepen lan (2) kuwatir, minangka kabutuhan nduweni, yaiku (1) mangun kulawarga lan (2) kepenginsesandhingan. Kaping pindho ngenani pangupayane paraga kanggo nggayuh kabutuhan batin minangkanggayuh kabutuhan tresna, yaiku (1) blaka lan (2) wani ngadhepi pepalang, minangka nggayuh kabutuhannduweni, yaiku (1) mandhiri, (2) pantang nyerah, lan (3) percaya. Kaping telu ngenani kahanane paragasawise nggayuh kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah yaiku eklas.Tembung-tembung kang wigati : Kabutuhan batin, teks film, psikologi humanisti
    corecore