PANGARIBAWANE MEDHIA e-SCRAPBOOK TUMRAP KAWASISAN NULIS TEKS PROFIL TOKOH KELAS VII SMPN 9 MOJOKERTO

Abstract

ABSTRAK PANGARIBAWANE MEDHIA e-SCRAPBOOK TUMRAP KAWASISAN NULIS TEKS PROFIL TOKOH KELAS VII SMPN 9 MOJOKERTO Nama : Khasanah NIM : 13020114054 Program Studi : S-1 Jurusan : pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah Fakultas : Basa lan Seni Nama Lembaga : Universitas Negeri Surabaya Pembimbing : Latif Nur Hasan, S. Pd., M. Pd. Tahun : 2019 Kawasisan nulis ditindakake sajrone pasinaon basa, mligine basa Jawa. Salah siji KD sajrone kurikulum 2013 basa Jawa yaiku “mengapresiasi secara lisan dan tulis teks profil tokoh”. Pasinaon nulis teks profil tokoh mbutuhake usaha kanggo ngriptakake proses pasinaon kang bisa narik minat lan kawigatene para siswa. Salah sawijne usaha kasebut yaiku nggunakake medhia pasinaon. Medhia pasinaon kang dimaksud yaiku medhia e-Scrapbook. Medhia e-Scrapbook dipilih sajrone panliten iki supaya nggampangake siswa bisa nampa pasinaon lan ngundhakake kawasisan nulis tumrap materi pasinaon nulis teks profil tokoh. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, mula underan panliten iki yaiku (1) Kepriye asile pasinaon nulis teks profil tokoh tanpa nggunakake medhia e-Scrapbook tumrap siswa, (2) Kepriye asile pasinaon nulis teks profil tokoh nggunakake medhia e-Scrapbook tumrap siswa, (3) kepriye pangaribawane medhia e-Scrapbook sajrone pasinaon nulis teks profil tokoh kanggone siswa. Ancase panliten iki yaiku (1) ngandharake undhake pasinaon nulis teks profil tokoh tanpa nggunakake medhia e-Scrapbook, (2) ngandharake undhake pasinaon nulis teks profil tokoh nggunakake medhia e-Scrapbook, (3) ngandharake pangaribawane medhia e-Scrapbook tumrap kawasisan nulis teks profil tokoh para siswa. Panliten iki nggunakake metodhe eksperimen Quasi Experimental Design kanthi model Nonquivalen Control Group Design. Cara njupuk sampel iki kanthi cara sampling purposive, yaiku sampel kang wis ditemtokake yaiku kelas kontrol (7B) lan kelas eksperimen (7A). Panliten iki ditindakake dening panliti kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Asil panliten 1 lan 2 yaiku medhia e-Scrapbook nduweni pangaribawa kang signifikan antarane kelas kontrol kang tanpa nggunakake medhia e-Scrapbook lan kelas eksperimen kang nggunakake medhia e-Scrapbook. Asil panliten kang diitung nggunakake uji t ngasilake t hitung = 2,61 > t tabel = 2,000 (0,05 kanthi db = 64-2 = 62) ing panliten 1 lan ing panliten 2 t hitung = 3,16 > t tabel = 2,000 (0,05 kanthi db = 64-2 = 62). Mula bisa dijupuk dudutan yen H0 ditolak lan H1 ditampa. H1 ditampa amarga t hitung > t tabel , uga disengkuyung sampel kang wis ditemtokake lan respon siswa 90% sarujuk banget lan sarujuk olehe nggunakake medhia e-Scrapbook sajrone pasinaon nulis teks profil tokoh. Tembung wigati : e-Scrapbook, kawasisan, nulis teks profil toko

Similar works

Full text

thumbnail-image

Jurnal Mahasiswa Universitas Negeri Surabaya

redirect
Last time updated on 26/02/2020

Having an issue?

Is data on this page outdated, violates copyrights or anything else? Report the problem now and we will take corresponding actions after reviewing your request.