unknown

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN

Abstract

Ancasipun panaliten menika kangge mangretosi bedanipun prestasi sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa ngginakaken metode make a match kaliyan metode picture and picture tumrap kelas VIII SMP N 3 Godean saha kangge mangretosi keefektifan metode make a match saha picture and picture tumrap kaprigelan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa tumrap siswa kelas VIII SMP N 3 Godean. Panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten eksperimen. Desain panaliten menika ngginakaken Desain Pre-test and Post-test Group. Variabel ingkang dipunginakaken inggih menika panganggenipun metode pasinaon make a match saha picture and picture. Panaliten menika ngginakaken sampling purposive. Adhedhasar teknik sampling purposive, sampel panaliten menika kelas VIII A ngginakaken metode make a match saha kelas VIII F ingkang ngginakaken metode picture and picture. Validitas instrumen ingkang dipunginakaken inggih menika validitas isi. Validitas saha reliabilitas soal dipunetang ngginakaken komputer program iteman. Teknik analisis data dipuntindakaken ngginakaken ji-t kanthi program komputer SPSS 16. Adhedhasar saking analisis uji-t independent data post-test kelompok metode make a match saha kelompok metode picture and picture, asiling uji-t biji post-test kapangihaken angkanipun thitung = 2.477, mawi df = 60, P = 0.016. Angkanipun P menika langkung alit saking taraf signifikansi 5%. Asiling uji-t correlation data pre-test saha post-test kelompok metode make a match kapanggihaken thitung = 9.105 mawi df = 31 saha P = 0.000. Asiling uji-t correlation data pre-test saha post-test kelompok picture and picture kapanggihaken thitung = 5.083 mawi df = 29 saha P = 0.000. Angkanipun P langkung alit tinimbang taraf signifikansi 5%. Adhedhasar data kasebut saged kadudut bilih wonten beda ingkang signifikan antawisipun siswa ingkang dipunwulang mawi metode make a match kaliyan siswa ingkang dipunwulangan mawi metode picture and picture. Metode make a match langkung efektif tinimbang metode picture and picture kangge sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa tumrap siswa kelas VIII SMP Negri 3 Godean

    Similar works