DINAMIKA KONFLIK SAJRONE NOVEL AMRIKE KEMBANG KOPI ANGGITANE SUNARYATA SOEMARDJA

Abstract

    Siti Maria Ulfa Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected])     Abstrak Novel Amrike Kembang Kopi (AKK) reriptane Sunaryata Soemardjo nyritakake panguripane wanita sing kebak konflik, konflik karo kaluwarga, lan karo priya. Paraga wanita mau nduweni semangat teguh kanggo ngundhakake konflik sing dialami bisa saya becik saengga narik kawigaten kanggo ditliti. Bab kasebut nuduhake yen paraga wanita mau bisa ngrembakake lan ngowahi kahanan sing dialami sajrone uripe. Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning panliten iki yaiku: (1) Kepriye unsur struktur sajrone novel AKK, (2) Kepriye wujud konflik sajrone novel AKK, (3) Kepriye carane paraga anggone mrantasi konflike, lan (4) Kepriye gegambaran dinamika konflik sajrone novel AKK. Mula saka iku, tujuwan panliten ing antarane, ngandharake unsure struktur sajrone novel AKK, ngandharake wujud konflik sajrone novel AKK, ngandharake carane paraga anggone mrantasi konflik sajrone novel AKK, lan ngandharake kepriye gambaran dinamika konflik kang ana sajrone novel AKK. Panliten iki kalebu jinis panliten dheskriptif kualitatif. Jinis panliten iki kanggo ngandharake makna objek kang dadi bahasan panliten. Sumber data arupa Novel Amrike Kembang Kopi anggitane Sunaryata Soemardjo taun 2012. Data kang digunakake sajrone panliten iki arupa tetembungan lan ukara kang ngemot data ngenani unsur struktur sajrone novel AKK, wujud konflik sajrone novel AKK, carane paraga mrantasi konflike, lan dinamika konflik sajrone novel AKK. Instrument panliten yaiku panliti dhewe minangka subjek lan karya sastra minangka objek. Teknik pangumpule data kang digunakake ing panliten iki yaiku telaah pustaka. Teknik analisis data kang digunakake yaiku teknik analisis dheskriptif. Banjur cara panulisane panliten kanthi sistematika panulisane skripsi. Asil saka panliten iki yaiku ing antarane, adhedhasar analisis struktur bisa dimangerteni, kapisan tema sentral sajrone novel AKK, yaiku tema sosial. Dene, tema minore, yaiku mentingake awake dhewe, rasa getun keduwung, rasa gething, lan kasengsarane urip. Kapindho, saka paraga lan pamaragan bisa dimangerteni sing kalebu paraga utama yaiku Tita, dene paraga tambahane yaiku Santi, Soni, Kun, lan ibu sambung. Katelu, alur sajrone novel AKK, yaiku alur walik. Kapapat, latar sajrone novel AKK mung ana loro yaiku latar panggonan lan wektu. Adhedhasar analisis psikologi bisa dimangerteni, kapisan, wujud konflik sing dialami paraga utama sajrone novel AKK, yaiku konflik karana bapake krama maneh, konflik karana anane ibu kuwalon, konflik karana arep diprawasa pacare, konflik karana mangerteni Kun pranyata adhine Soni. Kapindho, carane paraga utama anggone mrantasi konflik sing dialami, yaiku kanthi cara rasionalisasi, regresi, lan represi. Kang pungkasan yaiku ngenani dinamika konflik sing dialami paraga utama, yaiku paraga utama ngowahi konflik sing dialami bisa saya becik.   Tembung-tembung kunci:dinamika, konflik, novel, psikologi sastra. &nbsp

    Similar works