TRADHISI RUWAT DHUSUN ING CANDHI BELAHAN(Tintingan Budaya)

Abstract

Candhi Belahan yaiku salah sawijining panggonan kang winangun minangka pertitaan kang wujudeselir Dewi Sri lan Dewi Laksmi. CB nduweni tradhisi kang biasane ditindakake saben sasi Besar utawa Sura ingdina minggu Legi. Tradhisi kasebut bisa diarani Tradhisi Ruwat Dhusun (TRD). Kanthi tujuwan kanggomujudake rasa syukur lan minangka wujud pandongane warga supaya bisa lumaku lancar ngadhepi kauripaning mangsa tembe.Underan panliten, yaiku: 1) Mula bukane Tradhisi Ruwat Dhusun ing Candhi Belahan; 2) Tata lakuTRD; 3) Jinis ubarampe lan uga makna TRD; 4) Piguna sajrone TRD; 5) Nilai budaya sajrone TRD. Paedahkang bisa dijupuk saka panliten yaiku: 1) bisa nambah pamawas, pangalaman, lan wawasan panliti kanggo nlititradhisi sawijine panggonan kang ana gayutane karo candhi; 2) bisa menehi gegambaran nulis sastra, mliginesastra lisan; lan 3) bisa menehi anak putu kanggo nyinaoni lan nguri-uri crita amrih bisa ngerteni crita candhi.Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana ingpanliten TRD diperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder. Objek kang ditliti yaiku TradhisiRuwat Dhusun. Instrumen panliten iki awujud panliti, dhaptar pitakon, lan alat bantu kang digunakake kanggongumpulake dhata. Teknik ngumpulake dhata sajrone panliten lumantar observasi, wawancara, landhokumentasi. Babagan nganalisis dhata sajrone panliten nggunakake open coding, acial coding, lan selectivecoding.Asile panliten iki nuduhake yen TRD nduweni reroncenan tata laku adicara TRD kang diperangdadi papat yaiku: 1) Wiwitane pambuka; 2) Pambuka; 3) Inti; 4) Panutup. Ubarampe kang digunakakesajrone tumpeng ancak ing TRD, yaiku sega putih, iwak, woh-wohan, gendera, pala pendem, deneubarampe rituwal sawur kembang, yaiku kembang setaman, kendhi, dupa, lan cok bakal. Pigunane TRDtumrap masyarakat bakal diandharake nganggo konsep Bascom yaiku 1) minangka sistem proyeksi; 2)minangka piranti kanggo ngesahake pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan; 3) minangkapiranti kanggo pendidikan bocah-bocah; 4) minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi aturan-aturan.Panliten iki nduweni fungsi liya minangka panemu saka panliti dhewe kanggo pangembangan. Pigunaliyane yaiku: 5) piranti hiburan; 6) tradhisi kang ngrembaka; 7) fungsi solidaritas; 8) kanggonglestarikake budaya; lan 9) fungsi ekonomi. Wujud nilai budaya kang kinandhut TRD kaperang daditelu kategori kang gegayutane manungsa, yaiku 1) nilai budaya kang gegayutan marang Gustine; 2) nilaibudaya gegatutan manungsa marang alam donya; 3) nilai budaya gegayutane manungsa minangkamakhluk sosial.Tembung wigati: tradhisi, mula bukane, tata laku, piguna, nilai buday

    Similar works