20,065 research outputs found

    Ngundhakake Kawasisan Ngetrapake Basa Rinengga Kanthi Methode Make- A Match Klas VII H SMP Negeri 1 Baron Tahun Pamulangan 2015-2016

    Full text link
    Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Abstrak     Salah sawijine pasinaon Basa Jawa kang njalari siswa ora bisa nggayuh katuntasan belajar minimal (KKM) ing SMPN 1 Baron, yaiku durung bisa ngetrapake basa rinengga mligine tembung entar. Kahanan kang kaya mangkono mau mula akeh jalarane, awit saka pasinaon kang kurang nyenengake, pamilihe guru anggone ngetrepake pasinaon, lan greget kasregepane para siswa kang isih asor banget. Ing kamangka manut kamajuane pamulangan kudu bisa mapanake siswa minangka jejere pamulangan kanggo nggayuh pamulangan. Adhedasar saka lelandesane panliten kang wis kasebut ing ndhuwur, bisa didudut underane panliten yoiku kepriye pangetrape guru  nggunakake methode Make- A Match tumprap pasinaon Basa Rinengg Klas VII- H, kepriye tangkepe siswa nggunakake   methode Make- A Matchtumprap pasinaon Basa Rinengga, kepriye undhak-undhakane asil pasinaon siswa nggunakake   methode Make- A Matchtumprap  pasinaon Basa Rinengga. Panlitenikimujudakepanlitentindakankelas (PTK) kangkaperangsakarongsiklus.Siklus I minangkapangetrapanpamulangankanthi metode Make- A Matchkatindakakeingtanggal 8 Agustus 2015, siklus II minangkatindakanpanyampurnasakasiklus I katindakakeingtanggal 29 September 2015. Sabensikluskaperangsaka 4 tahap, yaikutahapperencanaan, tindakan, observasi, lanrefleksi. Asilobservasilantessajronepasinaon Kawasisan Ngetrapake  Basa Rinenggo kanthi Methode Make-A MatchsiswakelasVII- H SMPN 1 Baron ingsiklus I menyangsiklus II ngalamiundhak-undhakankangsignifikan. Asiltesnuduhakemenawaasilpasinaon basa rinengga ingsiklusngolehakeskor rata-rata cacah 75,44% kategori “cukup” kanthiprosentaseketuntasanklasikalcacah 65%. Sajronesiklus II ngalamiundhak-undhakankanthiasiltessiswangolehakeskor rata-rata cacah 83,38 kategori apik kanthiprosentaseketuntasanklasikalcacah 97,06%. Asilobservasiaktivitassiswaingsiklusngolehake  rata-rata skorcacah 3 prosentase 55% kategori “cukup” laningsiklus II mundhakkanthingolehakeskor rata-rata 3,9 prosentase 85% kategori “apik”. Asilpengamatanaktivitas guru nuduhakeundhak-undhakansakasiklus I kangngolehake rata-rata skor 3,42 lanprosentase 60% criteria “cukup” mundhakanaingsiklus II kanthingolehakeskor 51, rata-rata 25, lanprosentase 85% kategori “apik”.       Supaya pamulangan ngetrapake wujud basa yoiku wujud basa rinengga kang migunakake metode Make- A Match, bisa kagayuh kang dikarepake mula guru prayogane nyamamtakake pamulangan klawan becik

    PANGARIBAWANEMEDIA FLASHTUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADISISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016

    Get PDF
    Pangaribawane Media Flash Tumrap Katrampilan Nulis Layang Pribadi Siswa Klas VIII SMP Negeri 3 Sidoarjo Taun Piwulangan 2015/2016 1 PANGARIBAWANE MEDIA FLASH TUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADI SISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016 Zumrotul Syafriany Jurusan S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya [email protected] Dr. Murdiyanto, M. Hum Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Abstrak Basa minangka piranti kanggo sesrawungan. Kanthi basa ma nungsa bisa ngandharake apa kang dadi kekarepane. Salah siji katrampilan basa kang diwulangake ing SMP klas VIII yaiku katrampilan tulis, kanthi kompetensi inti “ngerteni, ngolah, ngandharake, lan njlentrehake sajrone ranah konkrit”, lan kanthi kompetensi dhasar “ngerteni struktur teks, unsur basa sajrone nulis layang pribadi.” Saben proses pamulangan kang mligine pamulangan basa Jawa, saben siswane nduweni prakara anggone nampa pamulangan kang diwulangake. Kayadene pamulangan nulis kanthi materi layang pri badi. Prakara iku bisa disebabake saka panganggone tandha wacan, panganggone tembung kang trep, lan undha - usuke basa. Adhedhasar prakara kasebut panliten menehi inovasi arupa medhia. Medhia kang diwenehake yaiku media flash . Underan panliten iki, yaiku: (1 ) kepriye asil pasinaon nulis layang pribadi siswa tanpa nggunakake media flash , (2) kepriye asil pasinaon nulis layang pribadi kanthi nggunakake media flash (3) kepriye pangaribawane media flash tumrap katrampilan nulis layang pribadi (4) kepriye asil res pon angket siswa klas ekperimen kang nggunakake media flash . Konsep sajrone panliten iki yaiku media flash , nulis, lan layang pribadi. Media flash minangka sawijine perangkat lunak komputer, prodhuk unggulan saka Adobe system kanthi menehi sajian animasi k ang narik kawigaten lan luwih praktis . Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Quasi Exsperemental kanthi modhel nonequivalen control group . Klas kang digunakake yaiku klas VIIIC minangka klas eksperimen lan klas VIIIG minangka klas kontrol. Tek nik kang dienggo arupa tes lan angket. Instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar soal, lan lembar angket. Dene kanggo analisis dhata nggunakake uji t - signifikansi . Adhedhasar dhata ing pratelan asile panliten, bisa didudut yen ora ana pambeda kang signif ikan antarane asil pre - test lan post - test ing klas kontrol, kabukti saka asil panliten 1 lan panliten 2 yaiku 1,5398 lan 1,4724 saka t tabel 1,695. Dene asil piwulangan ing klas eksperimen nuwuhake asil kang signifikan yaiku 6,6090 lan 6,2016 saka t tabel 1, 6923. Asil t - tes signifikansi panliten 1 nuduhake asil 1,7827 lan nuduhake asil 3,288 ing panliten 2 saka t tabel 1,6698, ateges ana pambeda kang signifikan antarane klas kontrol lan klas eksperimen kang nggunakake media flash . Saengga, bisa ditegesi yen H 0 ditolak lan H 1 ditampa. Tembung wigati: media flash , nulis, katrampilan, lan layang pribad

    NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGETRAPAKE BASA RINENGGA KANTHI METHODE MAKE- A MATCH KLAS VII H SMP NEGERI 1 BARON TAHUN PAMULANGAN 2015-2016

    Get PDF
    Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Abstrak     Salah sawijine pasinaon Basa Jawa kang njalari siswa ora bisa nggayuh katuntasan belajar minimal (KKM) ing SMPN 1 Baron, yaiku durung bisa ngetrapake basa rinengga mligine tembung entar. Kahanan kang kaya mangkono mau mula akeh jalarane, awit saka pasinaon kang kurang nyenengake, pamilihe guru anggone ngetrepake pasinaon, lan greget kasregepane para siswa kang isih asor banget. Ing kamangka manut kamajuane pamulangan kudu bisa mapanake siswa minangka jejere pamulangan kanggo nggayuh pamulangan. Adhedasar saka lelandesane panliten kang wis kasebut ing ndhuwur, bisa didudut underane panliten yoiku kepriye pangetrape guru  nggunakake methode Make- A Match tumprap pasinaon Basa Rinengg Klas VII- H, kepriye tangkepe siswa nggunakake   methode Make- A Matchtumprap pasinaon Basa Rinengga, kepriye undhak-undhakane asil pasinaon siswa nggunakake   methode Make- A Matchtumprap  pasinaon Basa Rinengga. Panlitenikimujudakepanlitentindakankelas (PTK) kangkaperangsakarongsiklus.Siklus I minangkapangetrapanpamulangankanthi metode Make- A Matchkatindakakeingtanggal 8 Agustus 2015, siklus II minangkatindakanpanyampurnasakasiklus I katindakakeingtanggal 29 September 2015. Sabensikluskaperangsaka 4 tahap, yaikutahapperencanaan, tindakan, observasi, lanrefleksi. Asilobservasilantessajronepasinaon Kawasisan Ngetrapake  Basa Rinenggo kanthi Methode Make-A MatchsiswakelasVII- H SMPN 1 Baron ingsiklus I menyangsiklus II ngalamiundhak-undhakankangsignifikan. Asiltesnuduhakemenawaasilpasinaon basa rinengga ingsiklusngolehakeskor rata-rata cacah 75,44% kategori “cukup” kanthiprosentaseketuntasanklasikalcacah 65%. Sajronesiklus II ngalamiundhak-undhakankanthiasiltessiswangolehakeskor rata-rata cacah 83,38 kategori apik kanthiprosentaseketuntasanklasikalcacah 97,06%. Asilobservasiaktivitassiswaingsiklusngolehake  rata-rata skorcacah 3 prosentase 55% kategori “cukup” laningsiklus II mundhakkanthingolehakeskor rata-rata 3,9 prosentase 85% kategori “apik”. Asilpengamatanaktivitas guru nuduhakeundhak-undhakansakasiklus I kangngolehake rata-rata skor 3,42 lanprosentase 60% criteria “cukup” mundhakanaingsiklus II kanthingolehakeskor 51, rata-rata 25, lanprosentase 85% kategori “apik”.       Supaya pamulangan ngetrapake wujud basa yoiku wujud basa rinengga kang migunakake metode Make- A Match, bisa kagayuh kang dikarepake mula guru prayogane nyamamtakake pamulangan klawan becik

    PANGARIBAWANE MEDHIAVIDHEO ANIMASI TUMRAP KAWASISAN NULIS GURITANSISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 SUKORAMETAUN PIWULANGAN2015-2016

    Get PDF
    Siswa nindakake proses pasinaon lan ngembangake katrampilan basa kang diduweni, kayata katrampilan nulis. Salah sawijine yaiku nggunakake medhia vidheo animasi kanggo mulang supaya sisw a ora bosen, sarta bisa ngrembakake idhe lan nggampangake siswa jalaran medhia kasebut bisa dadi pathokan anggone nulis guritan. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, mula underan panliten iki yaiku, (1) kepriye asile pasinaon nulis guritan tanpa nggunakake vid heo animasi tumrap siswa, (2) kepriye asile pasinaon nulis guritan nggunakake vidheo animasi tumrap siswa, (3) kepriye pangaribawane medhia vidheo animasi sajrone pasinaon nulis guritan kanggone siswa, (4) kepriye proses pasinaon nulis guritan nggunakake m edhia vidheo animasi, lan (5) kepriye respon siswa sajrone proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi. Tujuwan panliten iki, yaiku (1) ngandharake undhake pasinaon nulis guritan tanpa nggunakake medhia vidheo animasi tumrap siswa, (2) n gandharake undhake pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi tumrap siswa, (3) ngandharake pangaribawane medhia vidheo animasi sajrone pasinaon nulis guritan kanggone siswa, (4) ngandharake proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidh eo animasi, lan (5) ngandharake respon siswa sajrone pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi. Paedah saka panliten iki, yaiku (1) kanggo siswa, bisa menehi motivasi lan nggampangake siswa sinau basa Jawa, (2) kanggo guru, bisa mbiyantu guru ngandharake pasinaon, (3) kanggo sekolah, bisa ngundhakake mutu lan kuwalitas sekolah lan pendhidhikan, lan (4) kanggo panliti, bisa nambah wawasan lan kawruh sarta bisa didadekake panliten sabanjure. Panliten iki nduweni konsep, yaiku medhia vidheo anima si, nulis, guritan. panliten iki nggunakake metodhe eksperimen Quisi Experimental Design kanthi disain panliten Control Pre - test - Post - test group design . Sampel kang digunakake yaiku kelas kontrol (VII - C) lan kelas eksperimen (VII - A). Panliten iki ditindaka ke dening panliti kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Adhedhasar panliten 1 lan 2 kang wis ditindakake kelas kontrol minangka kelas kang tanpa nggunakake medhia vidheo animasi ora ana pambeda kang signifikan nalika nindakake pre - test lan post - te st . Adhedhasar pangitungan t - signifikansi efektifitas pamulangan ing panliten 1 lan 2, panliten 1 nuduhake t itung = 0,91< t tabel =1,692, dene efektitas pamulangan panliten 2, yaiku t itung = 1,683 < t tabel =1,692. Adhedhasar asil panliten 1 lan 2 kasebut b isa dingerteni yen panliten kasebut ora signifikan. Panliten ing kelas eksperimen yaiku kelas kang nggunakake medhia vidheo animasi uga ditindakake kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Ana pambeda kang signifikan nalika nindakake pre - test lan pos t - test. Asil pangitungan t - signifikansi efektifitas pamulangan ing panliten 1 nuduhake t itung = 4,02 >t tabel =1,692, dene efektitas pamulangan panliten 2, yaiku t itung = 7,35 > >t tabel =1,692. Asil panliten kang diitung nggunakake uji t ngasilake t itung = 2,42 >1,997 t tabel (0,05 kanthi db = 34+34 - 2= 66) ing panliten 1 lan ing panliten 2 uji t ngasilake t itung = 2,82> 1,997 t tabel (0,05 kanthi db = 34+34 - 2= 66). Mula bisa diweruhi yen H o ditolak lan H a ditampa ateges ana pambeda kang signifikan antarane kel as kontrol kang ora nggunakake medhia vidheo animasi lan kelas eksperimen kang nggunakake medhia vidheo animasi. Proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi ana aktivitas guru lan siswa. Adhedhasar asil pengamatan kang ditindakake dening panliti ing panliten kapisan ing kelas kontrol lan kelas eksperimen kang nuduhake yen rata - rata bijine 83, tegese kagiyatan mau ditindakake kanthi apik. Asil pengamatan kang kapindho nuduhake yen rata - rata bijine 85, tegese kagiyatan mau ditindakake kanth i apik. Adhedhasar angket kang diwenehake dening guru marang siswa nuduhake yen ana respon kang positif kabukti saka presentase jawaban saka soal 85% siswa sarujuk banget yen nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi kuwi bab kang anyar, lan ana 15% s iswa kang uga sarujuk. 15% siswa sarujuk banget yen medhia kang dinggo nduweni paedah, ana 85% siswa kang sarujuk. Medhia vidheo animasi nduweni pangaribawa kang signifikan antarane kelas tanpa nggunakake medhia vidheo animasi (VII - C), lan kelas kang nggu nakake medhia vidheo animasi (VII - A). Tembung Wigati : vidheo animasi, kawasisan, nulis guritan

    Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama Sajrone Humor Ing Medhia Sosial Ketawa.com

    Get PDF
    Basa minangka piranti kanggo sesrawungan. Kanthi basa manungsa bisa ngandaharake apa kang dadi kekarepane ing antarane yaiku rasa bungah, susah, lan sapanunggale. Basa humor yaiku basa kang dienggo dening pelawak sajroning nindakake lawakan. Undherane panlien yaiku, (1) Apa wae Wujud Maksim Kerjasama kang digunakake ing Medhia Sosial Ketawa.com? (2) Kepriye Penyimpangan Maksim Kerjasama kang digunakake ing Medhia Sosial Ketawa.com? Tujuwan sajrone panliten iki yaiku, (1) ngandharake wujud Maksim kerjasama, kayata maksim Kuantitas, maksim Kualitas, maksim Relevansi, maksim Cara (Pelaksanaan) ing Medhia Sosial Ketawa.com. (2) ngandharake penyimpangan Maksim Kerjasama, Penyimpangan Maksim Kuantitas, Penyimpangan Maksim Kualitas, Penyimpangan Maksim Relevansi, lan Penyimpangan Maksim Cara (pelakasanaan) ing Medhia Sosial Ketawa.com. Paedah sajrone panliten iki yaiku panliten iki bisa migunani kanggo panyengkuyung ngrembakake ilmu basa, mligine ilmu Pragmatik lan saora-orane bisa nambahi wawasan tumrap ilmu basa ing Linguistik babagan Analisis Wacana lan Pragmatik.Teori sing digunakake kanggo ngandharake dhata humor ing media sosial Ketawa.com yaiku maksim kerjasama Grace ngenani maksim kualitas, maksim kuantitas, maksim relevansi, sarta maksim cara/pelaksanaan sarta penyimpangane.Metodhe sing digunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Tegese dhata-dhata kang kasil diklumpukake banjur diandharake siji mbaka siji adhedhasar prinsip kerjasama Grice. Sajrone humor ing media sosial Ketawa.com, Wujud lan Penyimpangan maksim Kerjasama kang digunakake, ing antarane yaiku (1) maksim kerjasama kualitas, (2) maksim kuantitas, (3) maksim relevansi, lan (4) maksim cara/pelaksanaan.Tembung Wigati: Aspek Pragmatik, Maksim Kerjasama, Humor

    ULENGANE KATRESNAN SAJRONE NOVEL POLITIK TRESNA ANGGITANE TULUS S. (TINTINGAN DHEKONSTRUKSI)

    Get PDF
    AbstrakNovel Politik Tresna mujudake salah sawijine novel kang nyritakake ngenani katresnane rumaja.Paraga kang nggambarake katresnan sajrone novel iki yaiku Agung, Ardini, Angga, lan Arifin. Katresnan ikikagambarake dening para paraga lumantar saperangan cara. Ana kang diwujudake kanthi cara menehikawigaten lumantar bandha kang diduweni, lumantar kawigaten kayata kerep menehi kabar, sarta lumantarkawicaksanane. Saka wujude tresna kasebut ngemu makna-makna kang sumurat lan sinirat. Anane makna kangsinirat iki nuwuhake saperangan oposisi sajrone novel Politik Tresna. Kanthi migunakake pamarekandhekonstruksi, oposisi-oposisi kang ana ing novel kasebut bisa kajlentrehake kanthi cetha saengga bisa kadudutpamikiran lan pamawas anyar.Underan panliten kanthi pamarekan dhekonstruksi sajrone novel Politik Tresna iki bakal ngrembugbabagan: 1) Gegambarane katresnan sajrone novel Politik Tresna’ 2) Ulengane katresnan kang tuwuh sajronenovel Politik Tresna, lan 3) Wawasan dhekonstruksi tumrap novel Politik Tresna. Ancas saka panliten iki, yaiku1) Nggambarake wujud katresnan kang ana ing novel Politik Tresna, 2) Ngandharake konflik kang ana ing novelPolitik Tresna, lan 3) Njlentrehake wawasan dhekonstruksi tumrap novel Politik Tresna. Saliyane dhekonstruksi,panliten iki uga disengkuyung dene pamarekan struktural. Struktur iki mujudake perangan kang wigati jalarananane sesambungan antarane struktur siji lan liyane bisa nuwuhake makna sajrone crita. Pamarekandhekonstruksi kang digunakake tumrap panliten iki katindakake kanthi cara menehi kawigaten tumrap bab-babkang kapinggirake utawa dilirwakake dening pangripta, yaiku ngenani katresnane Angga marang Ardini. Sakacara kasebut nuduhake yen ana makna liya kang sinirat ngenani katresnan kang didarbeni paraga Angga.Panliten iki kalebu jinise panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novelPolitik Tresna anggitane Tulus S. Dhata kang digunakake ing panliten iki yaiku awujud tembung lan ukara. Asilsaka panliten iki bakal nuduhake wujude tresna kang sejati sajrone novel Politik Tresna. Tresna kang katonendah pranyata nduweni makna kang sinirat. Para paraga kang ndarbeni rasa tresna ora mung nggambaraketresna kang endah lan kebak kawigaten, nanging uga katresnan kang ala lan lecekan. Ulengane katresnan kangdialami para paraga iki bisa nuduhake wewatakane paraga kang sanyatane.Tembung wigati: Ulengan, Katresnan, Dhekonstruksi

    Maksim Pangalembana lan Maksim Kacocogan sajrone Film "Siti"

    Get PDF
    Maksim pangalembana lan maksim kacocogan minangka perangan saka prinsip katrapsilan basa. Kaloro maksim iki bisa dideleng saka pamilihane tembung kang dituturake dening manungsa. Tuturan kang dituturake dening paraga sajrone film “Siti”, nggunakake basa jawa saka dhaerah pesisiran. Prinsip katrapsilan basa minangka salah sijine prinsip kang ana sajrone teori pragmatik kang nganalisis sawijining tembung utawa ukara sajrone tuturan kang kaiket konteks. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo nggoleki wujud katrapsilan basa mligne maksim pangalembana lan maksim kacocogan sajrone film “Siti”, lan topik utawa objek pacaturan kang bisa diarani katrapsilan basa sajrone film “Siti”. Panliten iki kalebu jinis panliten kualitatif kang nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Dhatane awujud tuturan antarane paraga sajrone film “Siti”. Dhata kasebut diolehi kanthi cara nyemak lan nyatet. Teknik semak digunakake kanggo mangerteni crita lan tuturan kang dituturake dening paraga, dene teknik catet digunakake kanggo nyatet tuturan mbaka tuturan kang didadekake traskrip naskah, kanggo nggampangake nalika analisis dhata. Asile saka panliten sajrone film “Siti”, luwih dimunjerake ana ing maksim pangalembana lan maksim kacocogan. Maksim pangalembana kang leres dituturake amarga anane apresiasi marang apa kang dideleng, dirasa, lan dilakokake dening wong liya, dene maksim pangalembana kang nyimpang dituturake awujud ngasorake marang apa kang didelelng, dirasa, lan dilakokake dening wong liya. Maksim kacocogan kang leres dituturake amarga anane kacocogan antarane panutur lan mitratutur dene maksim kacocogan kang nyimpang yaiku tuturan kang ora ana kacoogan antarane panutur lan mitratutur. Maksim-maksim kasebut ora namung dideleng saka tuturan, nanging uga saka konteks tiyap tuturan. Adhedhasar tuturan-tuturan sajrone film “Siti”, nuduhake yen sajrone maksim pangalembana kang leres ana 37 dhata lan kang nyimpang ana 14 dhata, maksim kacocogan kang leres ana 33 dhata lan kang nyimpang ana 18 dhata. Tembung Wigati: Maksim Pangalembana, Maksim Kacocogan, Pragmatik, Katrapsilan Basa, Film “Siti

    PIWULANG BAB PANGERAN, KAPANGERANAN SAJRONE “SERAT NGABDUL JALIL” KABANDHINGAKE KLAWAN “SUFISME SYEKH SITI JENAR”

    Get PDF
    ABSTRAK Serat Ngabdul Jalil (SNJ) ngemot crita ngenani paraga kang asmane Ngabdul Jalil kang uga sinebut Syekh Siti Jenar. SNJ nyritakake kahanane Syekh Siti Jenar nalika nyinaoni ngelmu sejati, wahdatul wujud, ilmu junun, ilmu usuluddin, lan ilmu liyane. SNJ ngandharake bab-bab kang gegayutan klawan lakune Syekh Siti Jenar nalika nyinaoni ilmu-ilmu kasebut marang Sunan Ampel. SNJ uga nyritakake Ki Ageng Sela, kejaba kuwi uga ngrembug piwulang kang diwedharake dening pangriptane serat. Akeh kang ora sarujuk klawan ajaran kang digawa Syekh Siti Jenar ngenani manunggaling kawula Gusti. Kejaba ana kang ora sarujuk, nanging uga ana kang mbenerake apa kang diwawas dening Syekh Siti Jenar. Iki kang narik kawigaten, kepriye tasawuf kang diwulangake dening Syekh Siti Jenar mligine ing SNJ iki. Kejaba piwulang sajrone SNJ, panliten iki uga bakal mbandhingake klawan Sufisme Syekh Siti Jenar (SSSJ) kang uga ngrembug Syekh Siti Jenar. Ancase saka panliten yaiku kanggo medharake piwulang kang digawa dening syekh Siti Jenar sajrone SNJ lan SSSJ. Panliten iki nggunakake tintingan intertekstualitas amarga medharake serat kang jumlahe loro. Tata carane ninthingi saka gabungan metodhe analisis deskriptif kang asipat komparatif. Asile panliten yaiku piwulang kang diwulangake dening Ngabdul Jalil sajrone SNJ lan Syekh Siti Jenar sajrone SSSJ nduweni pepadhan babagan salat kang ditindakake yaiku salat wajib lan sunah, sasahidan ngenani kalimah syahadat, laku zuhud lan manunggaling kawula Gusti. Manunggaling kawula Gusti yaiku manunggaling rasa lan kepasrahan dhirine Syekh Siti Jenar marang Pangeran. Dadi kang dipikirake wong ngenani tembunge Syekh Siti Jenar kang ngaku Pangeran kuwi sejatine dudu mangkono. Kuwi mujudake rasa pasrahe Syekh Siti Jenar menawa kabeh kang ana ing dhirine mujudake pangejawantahane Pangeran. Tembung-tembung wigati : pangeran, kapangeranan, sufism
    corecore